Menyang kontèn

Reisa Kartikasari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Reisa Broto Asmoro
Panggayuh gelar kontès kacantikan
LairReisa Kartikasari Broto Asmoro
28 Dhésèmber 1985 (umur 40)
Malang, Jawa Wétan, Indonésia
PegawéyanDhokter, Modhèl, Artis
Warna rambutHitam
Warna mataCokelat
GelarPuteri Indonésia Lingkungan 2010
Kompetisi
gedhé
Puteri Indonésia 2010
Runner-up I
Miss International 2011

Reisa Kartikasari Broto Asmoro (lair ing Malang, 28 Dhésèmber 1985; umur 40 taun) ya iku dhokter, modhel, lan artis Indonésia kang uga minangka Puteri Indonésia Lingkungan 2010.

Biografi

[besut | besut sumber]

Reisa Broto Asmoro ya iku dhokter lan uga modhèl. Dhèwèké nempuh pendhidhikan kedhokterane ing Universitas Pelita Harapan lan Universitas Indonésia. Dhèwèké miwiti karir ing jagating panglipur nalika mèlu kontès Puteri Indonésia, perwakilan saka provinsi Yogyakarta. Ing kontès nasional mau, dhèwèké ana ing posisi juwara kaping loro, lan éntuk gelar Puteri Indonésia Lingkungan 2010.[1]

Dhèwèké uga mewakili Indonésia ing kontès Miss International 2011 ing tanggal 20 Oktober 2011 lan finale tanggal 7 November 2011 ing kutha Cheng Du, Cina. Ing ajang iki, Reisa Broto Asmoro kepéngin ngusung isu ngenani perdamaian donya sarta kabudayan Indonésia. Dhèwèké uga kepéngin ngusung tema ngenani Pray For Japan, sawisé Lindhu & Tsunami Jepang, 11 Maret 2011 kapungkur.[2]

Dhèwèké uga éntuk pangaji minangka Duta Energi Bersih.[butuh sitiran]

Reisa Broto Asmoro dhéwé adhi kandunge pengacara Dea Tunggaesti[butuh sitiran], saka OC Kaligis Advokasi, sanajan Reisa Broto Asmoro dhéwé ora ngerti sapa iku OC Kaligis.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


Kang sadurungé
Zukhriatul Hafizah
Runner-up I Puteri Indonésia /
Puteri Indonésia Lingkungan /
Miss Indonésia International

2010
Kang sawisé
Liza Elly Purnamasari