Purwohadi Sanjoto
Purwohadi Sanjoto (lair Solo, 4 Juni 1934) yaiku tukang roti orion ing kutha Sala. Sanjoto duwé jeneng lair yaiku Njoo Tik Tjiong. Sanjoto lulusan saka Fakultas Ekonomi Universitas Indonesia taun 1956. Sadurungé dadi tukang roti, Sanjoto duwé cita-cita dadi diplomat. Tapi, nyatané Sanjoto nerusaké perusahaan roti orion sing wis dirintis bapaké awit 1932.[1]
Kulawarga
[besut | besut sumber]Purwohadi Sanjoto duwé bapak lan ibu jenengé Njoo Hong Yauw lan Tjan Giok Niok. Wong tuwané iku kang ngedegaké pabrik roti orion. Sanjoto duwé bojo jenengé Kwee Giok Ing. Sanjoto lan bojoné duwé putu jenengé Kuo Wei Xing. Putuné iku seneng karya seni kaya embahé.
Sajarah orion
[besut | besut sumber]Orion sawijining ikon kulinèr sing dikenal wong-wong akèh ing kutha Sala. Orion iku dhéwé yaiku produsén roti tuwa ing kutha Sala. Roti Orion sing dikenal utamané mandarijn lan roti semiré. Usaha roti iku dilakokaké déning Purwohadi Sanjoto. Sadurungé dilakokaké déning Purwohadi, orion dirintis déning wong tuwané yaiku Njoo Hong Yauw lan Tjan Giok Nio taun 1932. Ing taun iku dhèwèké kabèh ngrintis usaha rotiné ing Mesen, Sala. Mbiyén, wong tuwané adol roti nganggo grobag lan dipikul. Usahané iku lumayan payu. Ing taun 1974, usaha orion diterusaké déning Purwohadi Sanjoto. Awalé, Sanjoto nulak nerusaké usaha wong tuwané iku amarga Sanjoto wis duwé kerjaan apik ing Jakarta. Nanging akhiré usaha orion tetep diterusaké. Ing taun 1977, orion ora mung adol roti mandarijn lan semir nanging uga warna-warna jinis kue lan panganan. Sanjoto adol iku amarga méluni jaman. Saiki orion dadi oleh-oleh kang mligi Sala sing akèh digolèki masyarakat njaba lan kuthané déwé
Pangembangan roti orion
[besut | besut sumber]Ing waktu révolusi, bapaké Sanjoto angèl ngéntukaké glepung gandum. Bapaké ngotak-ngatik bahan nggawé glepung garut uga tuku prongkolan kendhal sapi digawé mertéga. Mbiyèn, roti digawé nganggo oven kayu bakar. Olahané iku jenengé roti mandarijn lan roti semir sing dibungkus ing bèsèk.
Taun 1974, sawisé Sanjoto nerima nerusaké usaha kulawargané iku. Dhèwèké duwé ide nggawé oven gawéan Jerman. Ing jamané, Sanjoto ndeleng gaya urip wong wis béda karo jaman wong tuwané. Sanjoto ora mung dodol roti uga kue lan panganan. Nanging, roti mandarijn tetep dadi roti khas sing duwé kualitas luwih.
Alangan
[besut | besut sumber]Sanjoto duwé trobosan anyar gawé usaha roti orion. Dhèwèké mikir yèn orion kudu ngadepi jaman anyar. Jaman kang endi roti ora manèh digawé nganggo oven kayu bakar, roti ora manèh didol nganggo pikulan. Dhèwèké rencana nggawé oven sing moderen. Akhiré dhèwèké tuku oven listrik gawénan Jérman kang regané 25 yuta, panasé isa diatur déwé. Nanging, idéné iku ora disetujui kulawargané lan kanca-kancané. Sanjoto ditentang lan dimaki déning kulawarga. Sanjoto diomongi yèn dhèwèké goblok lan èdan. Kulawargané mikir yèn dhuwit saakèhé iku mung digawé tuku oven listrik.
Kasenengan
[besut | besut sumber]Sisih liya saka Purwohadi Sanjoto yaiku wong kang seneng lukisan. Dhèwèké lan bojoné Giok Nie wis ngumpulaké kira-kira ana 200-an lukisan. Kasinggihan, dhèwèké duwé musiyum déwé kang ana ing pinggir toko rotiné. Dhèwèké ngregani banget karya seni. Sanjoto ngrasa lara ati yèn lukisan-lukisan iku dipangan rayap. Amarga iku, dhèwèké duwé idé nggawé panggonan sing apik. Ing njero musiyumé, Sanjoto iku nyimpen akèh karya antarané karya Mochtar Apin, Soedjojono, Basoeki Abdullah, Trubus, Hendra Gunawan, Affandi, Popo Iskandar, Jeihan, lan Nasirun. Kasenengané iku diturut putuné yaiku Adrian Kuo Wei Xing. Putuné iku uga wiwit seneng karya seni.
Pandangan urip
[besut | besut sumber]Sanjoto percaya tumrap ing hoki utawa keuntungan urip. Nanging uga dilakoni tur kukuh. Miturut Sanjoto, hoki dudu sakabèhé. Dhèwèké ora setuju yèn kapinteran iku nomer loro lan hoki iku nomer siji. Miturut dhèwèké, kejujuran utawa kebenaran iku sing paling penting. Wong urip iku kudu duwé moral yaiku jujur lan ora oléh nggragas.
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ Sartono, Frans (2018-05-07). "Hikayat Tukang Roti dari Solo".