Pulo Wèh
| Pulo Wèh | |
|---|---|
| Èlevasi | 617 metres (2,024 ft) |
Pulau Wèh (utawi We) inggih punika pulo vulkanik alit ingkang wonten ing kilenipun Pulo Sumatra sisih nginggil.[1] Pulo punika naté manunggal kaliyan Pulo Sumatra, nanging lajeng misah amargi mbledhugipun gunung geni ing jaman Pleistosen.[1] Pulo punika dunungipun ing Sagara Andaman.[1] Kutha paling ageng ing Pulo Wéh, Sabang, inggih punika kutha ingkang dunungipun paling kilén ing Indonésia.[1] Pulo punika misuwur kanthi ékosistemipun.[1] Pamaréntah Indonésia sampun netepaken wewengkon tebihipun ngantos 60 km² saking pinggir pulo minangka suaka alam.[1]
Géografi
[besut | besut sumber]Pulo Weh dunungipun ing Sagara Andaman, ing mrika wonten kalih golongan kapuloan, inggih punika Kapuloan Nikobar lan Kapuloan Andaman, kasebar wonten ing satunggal garis saking Sumatra ngantos lémpéng Burma.[2] Laut Andaman wonten ing lémpéng téktonik alit ingkang taksih aktif.[2]
Pulo punika kagelar ngantos 15 kilomèter (10 mil) ing pucuk paling lèr Pulo Sumatra. Pulo punika kalebet pulo alit ingkang jembaripun namung 156,3 km², nanging gadhah kathah gunung.[1] Pucuk ingkang paling inggil ing pulo punika inggih punika satunggalipun gunung geni fumaroik kanthi inggil 617 mètér (2024 kaki).[1]