Prasasti Kota Kapur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Prasasti kota kapur)
Prasasti Kota Kapur

Prasasti Kota Kapur inggih punika salah satunggaling prasasti tilaranipun Karajan Sriwijaya. Prasasti Kota Kapur pinanggih déning Administrator Walanda, Van der Meulen wonten ing Kota Kapur, Bangka ing sasi Dèsèmber taun 1892 M, tigang taun sasampunipun Sriwijaya ngasoraken Karajan Malayu jambi.[1] Prasasti punika minangka peringatan kanggé bebrayan ingkang sampun kasoraken déning Sriwijaya supados boten nglawan Kadatuan Sriwijaya.[1]

Prasasti Kota Kapur punika minangka prasasti sumpah ingkang awangun lingga kanthi nganggé basa Malayu Kuno saha dipunserat mawi aksara Pallawa. Prekawis punika dados pratandha manawi laladan Kutha Kapur minangka péranganing Karajan Sriwijaya.[2] Wonten ing pungkasanipun prasasti, dipunsebataken prasasti dipundamel tanggal 28 April warsa 686 nalika Bala wadya Sriwijaya nembé kémawon bidhal saperlu nyerang tlatah Jawa.[2] Prasasti punika dipunanalisis ingkang sepisan déning H. Kern, satunggaling ahli epigrafi saking nagari Walanda ingkang nyambut damel ing Bataviaasch Genootschap ing Batavia. Rèplika prasasti saged dipunpirsani ing Musèum Timah Indonésia.[2]

Wosipun prasasti Kota Kapur inggih punika ngengingi panyuwunan dhumateng para déwa supados njagi Kadatuan Sriwijaya, supados déwa-déwa ngukum saben tiyang ingkang duraka dhumateng kuwasanipun Sriwijaya.[3] Ing prasasti punika dipunsebataken bilih Bumi Jawa boten manut dhumateng Kadatuan Sriwijaya.[3]

Wosing Prasasti[besut | besut sumber]

Prasasti Kota Kapur inggih menik salah satunggal saking watu prasasti kutukan gangsal ingkang dipundamel déning Dapunta Hiyaŋ, salah satunggaling panguwaos saking Sriwijaya.[4] Wosipun prasasti Kota Kapur ingkang sampun diterjemahaken déning Coedes inggih punika:

Naskah Asli[besut | besut sumber]

  1. Siddha titam hamba nvari i avai kandra kayet ni paihumpaan namuha ulu lavan tandrun luah makamatai tandrun luah vinunu paihumpaan hakairum muah kayet ni humpa unai tunai.
  2. Umentern bhakti ni ulun haraki. unai tunai kita savanakta devata mahardika sannidhana. manraksa yèn kadatuan çrivijaya. kita tuvi tandrun luah vanakta devata mulana yèn parsumpahan.
  3. paravis. kadadhi yèn uran didalanna bhami paravis hanun. Samavuddhi lavan drohaka, manujari drohaka, niujari drohaka talu din drohaka. tida ya.
  4. Marppadah tida ya bhakti. tida yèn tatvarjjawa diy aku. dngan diiyan nigalarku sanyasa datua. dhava vuathana uran inan nivunuh ya sumpah nisuruh tapik ya mulan parvvanda datu çriwi-
  5. jaya. Talu muah ya dnan gotrasantanana. tathapi savankna yèn vuatna jahat. makalanit uran. makasuit. makagila. mantra gada visaprayoga. udu tuwa. tamval.
  6. Sarambat. kasihan. vacikarana.ityevamadi. janan muah ya sidha. pulan ka iya muah yèn dosana vuatna jahat inan tathapi nivunuh yèn sumpah talu muah ya mulam yam manu-
  7. ruh marjjahati. yèn vatu nipratishta ini tuvi nivunuh ya sumpah talu, muah ya mulan. saranbhana uran drohaka tida bhakti tatvarjjava diy aku, dhava vua-
  8. tna niwunuh ya sumpah ini gran kadachi iya bhakti tatvjjava diy aku. dngan di yam nigalarku sanyasa dattua. çanti muah kavuatana. dngan gotrasantanana.
  9. Samrddha svasthi niroga nirupadrava subhiksa muah vanuana paravis chakravarsatita 608 din pratipada çuklapaksa vulan vaichaka. tatkalana
  10. Yan manman sumpah ini. nipahat di velana yèn vala çrivijaya kalivat manapik yèn bhumi java tida bhakti ka çrivijaya.[4]

Pertalan[besut | besut sumber]

  1. Keberhasilan !
  2. Wahai para dewata ingkang kuwasa, ingkang saweg ngempal lan ngayomi Kadātuan Śrīwijaya punika: panjenengan sadaya déwa-déwa ingkang miwiti wiwitanipun sadaya sumpah!
  3. Manawi ing pedalaman sedya tlatah ingkang wonten ing sangandhaipun Kadatuan punika badhé wonten tiyang ingkang mbaléla ingkang sengkongkol kaliyan para pambrontak, ingkang ngendika kaliyan pambrontak, ingkang mirengaken tembung pambrontak:
  4. ingkang tepang pambrontak, ingkang boten kurmat, ingkang boten manut, ingkang boten setya dhumateng kula lan kanggé panjenenganipun ingkang kula angkat minangka datu; kersanipun tiyang-tiyang ingkang dados paraga tumindak-tumindak kasebat tilar donya kénging kutuk supados satunggaling èkspèdhisi kanggé dumadakan nglawan ing sangandhapipun pimpinan datu utawi sawatawis datu Sriwijaya, lan supados penjenenganipun
  5. diukum sesarengan marga kaliyan kulawarganipun. Ugi supados sadaya tumindakipun ingkang ala, kados ta ngrusuhi katentremanipun jiwa tiyang, andamel tyang sakit, andamel tiyang édan, ngginakaken mantra, racun, ngginakaken upas racun, lan tubu, ganja,
  6. saramwat, pekasih, meksa kekajenganipun dhumateng tiyang sanès lan sapanunggalanipun, mugi tumindak-tumindakipun punika boten kasil lan ngantem panjenenganipun ingkang klentu tumindak jahat; supados penjenenganipun ugi séda kénging kutuk. Tambahan ugi supados panjenenganipun ingkang ngasut tiyang
  7. supados ngrisak, ingkang ngrisak watu ingkang dipunsèlèhaken ing panggénan punika, ugi séda kénging kutuk; lan diukum langsung. Supados tiyang ingkang tumindak rajapati, pambrontak, panjenenganipun igkang boten bekti, ingkang boten setya dhumateng kula, supados paraga tumindak ksebat
  8. séda kénging kutuk. Nanging manawi tiyang manut stya dhumateng kula lan kanggé panjenenganipun ingkang kula angkat minangka datu, pramila mugi-mugi usaha panjenenganipun dipunberkahi, ugi marga kaliyan kulawarganipun
  9. mawi kasil, kasentosan, kasarasan, kabebasan saking bebana, kalimpahan sadayanipun kanggé sadaya nagari panjenenganipun ! Tahun Saka 608, sepisanan sepalih terang wulan Waisakha (28 Fèbruari 686 Masehi), nalika wekdal punika
  10. kutukan punika dipunucapaken; pemahatanipun lumampah nalikanipun bala wadya Sriwijaya nembé bidhal kanggé nyerang bhumi jawa ingkang boten manut dhumateng Sriwijaya. [4]

Wos[besut | besut sumber]

Nalikanipun prasasti Kota Kapur dipunwedalaken, Raja Sriwijaya saweg ngirimaken èkspèdhisi kanggé naklukaken pulo Jawa, amargi boten bekti dhumateng Sriwijaya. Prasasti punika boten nyebataken kraton-kraton pundi ingkang badhé diserang ingkang wonten namung bhumi Jawi. Wadya Sriwijaya bidhal menyang tanah Jawi ing dinten sepisan wulan terang wulan Waisaka, taun Saka 608. Bidhalipun wadya mawi gunggung ingkang kathah menyang Pulo Jawi ndadosaken pertahanan keamanan ing salabeting nagari dados lungkrah. Kuwatir kadadosan pambrontakan ing salabetipun nagari, pramila Dapunta Hyang (Raja Sriwijaya) medalaken anceman punika.[5]

Wosipun prasasti inggih punika drohaka (durhaka), dipunwiwiti mawi cariyps pambrontakan Kendra Kayet. Dipuncariyosaken, Kendra kayet inggih punika satunggaling tokoh ingkang mandhégani dhumateng Dapunta Hyang. Kanggé numpes pambrontakan Kayet, Dapunta Hyang ngirim wadya ing sangandhapipun Senapato Tandrun Luah. Ing yuda, Senapati Tandrun Luah kasih dipunpejahi déning Kayet. Nanging, pungkasanipun Kayet ugi kasil dipuntangkep déning Dapunta Hyang. Pramila, cariyos pambrontakan Kayet prelu dipundadosaken pasinaonan déning tiyang-tiyang ingkang wonten ing sangandhapipun kuwasanipun Sriwijaya mbok bilih kados pundi kémawon kuwat panjenenganipun, tetep boten bakal menang nglawan Raja Sriwijaya.[5]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Prasasti Kota Kapur(diundhuh 27 September 2012)
  2. ^ a b c Situs Kota Kapur(diundhuh 27 September 2012)
  3. ^ a b Sejarah Kerajaan Sriwijaya(dipunundhuh 20 Fèbruari 2013)
  4. ^ a b c Prasasti Kota Kapur(dipunundhuh 20 Fèbruari 2013)
  5. ^ a b Isi Prasasti Kota Kapur(dipunundhuh 20 Feebruari 2013)