Pierre de Coubertin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Baron Pierre de Coubertin
2nd Presidenkomite olimpiade internasional
Linggih
1896–1925
Kang sadurungéDemetrius Vikelas
Kang sawiséHenri de Baillet-Latour
Godefroy de Blonay (Acting)
Rerincèn dhiri
Lair(1863-01-01)1 Januari 1863
Paris, France
Pati2 Sèptèmber 1937(1937-09-02) (umur 74)
Geneva, Switzerland
BangsaFrench

Pierre de Frédy, baron de Coubertin [1](lair ing Paris, Prancis, 1 Januari 1863 – pati ing Jenewa, Switserlan, 2 Sèptèmber 1937 ing umur 74 taun) ya iku guru lan sejarawan saka nagara Prancis, nanging panjenenegané luwih kaloka minangka panemu Olimpiade Modern. Panjenengané uga gladhèn tinju, anggar, numpak jaran lan dayung. Panjenengane yakin manawa ulah raga ya iku watu oncatan kanggo ènergi moral sing anyar.

Lahir saka kulawarga aristokrat, de Coubertin olèh inspirasi saka kunjungané ing pawiyatan luhur ing nagara Inggris lan Amérikah Sarékat, lan mutusaké kanggo ndandani pendhidhikan ing nagarané. Salah sijining cara ya iku lumantar pendhidhikan ulah raga, sing miturut panjenengané pérangan wigati saka perkembangan cah enom.

Panjenengané mikiraké ide babagan kajuaraan internasional kanggo promosi para atlet. Bareng karo minaté sing dhuwur karo Olimpiade Kuno-kasil saka panemuan arkéologi ora suwé sadurungé ing Olympia, Yunani-de Coubertin nggawé rencana kanggo nguripaké manèh Olimpiade sing wés ora narik minat.

Kanggo promosi, rencanané panjenengané ngatur salah sijining kongres internasional tanggal 23 Juni 1894 ing Sorbonne, Paris. Ing kunu panjenengané nawaraké kanggo nggawa manèh Olimpiade. Konggrès mau rampung kanthi dumadiné Komite Olimpiade Internasional (IOC) [2] lan de Coubertin dadi salah sijining pengurus ya iku dadi sekretaris umum. Saliyané iku uga diputusaké manawa Olimpiade modhèren sing kapisan bakal diènèkaké ing kutha Athena, Yunani lan bakal kadadéan petang taun pisan. Olimpiade Athena taun 1896 suksès, lan de Coubertin njupuk alih kalungguhan minangka présidhèn IOC sawisé Demetrius Vikelas ngunduraké diri.

Sanadyan mangkono, rong Olimpiade salanjuté ora pati kasil amarga masalah internasional, ya iku ana babagan sing luwih apik sing bisa narik perhatiané masarakat umum. Kabèh owah wiwit Olimpiade Athena taun 1906 lan wiwit iku Olimpiade ngembang dadi ajang ulah raga sing wigati. De Coubertin mundur sawisé Olimpiade Paris taun 1924 lan digantèkké Henri de Baillet-Latour.

De Coubertin tetep njabat minangka Présidhèn Kehormatan IOC tekan tilar donyané ing taun 1937 ing Jenewa, Switserlan. Panjenengané dikubur ing Lausanne (markas IOC), nanging jantungé dikubur kapisah ing salah sijining monumen cedhak bongkah-bongkahan ing Olympia kuna.

The important thing in life is not the triumph but the struggle, the essential thing is not to have conquered but to have fought well.

Rujukan[besut | besut sumber]