Menyang kontèn

Pengantin Putri Jenggala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pengantin Putri Jenggala menika salah satunggiling padatan, tata cara, lan pahargyan ing Jawa Wètan, mirungganipun wonten ing Sidoarjo, ingkang persis kaliyan ingkang wonteng ing tlatah sanès ingkang kalebet wilayah sub-etnis Arek kanthi nama ingkang bèntèn-bèntèn, kados ta Lara Pangkon utawi Manten Pegon. Wilayah sub-etnis Arek menika sumahab kitha-kitha Surabaya, Sidoarjo, Mojokerto, sapérangan Pasuruan lan Malang. Ananging, wonten ing tatacara pengantin Putri Jenggala, Lara Pangkon naming dados bagéan alit wonten ing tatacara wetahipun.

Asal Mila Padatan Putri Jenggala

[besut | besut sumber]

Teges tembung Lara Pangkon menika sakit sakdèrèngipun kelampahan.Boten dipunmangertosi asalipun tradhisi menika, nanging menawi dipun urutaken saking pratelan-pratelanipun tatacara menika wonten pengaruhipun saking budaya Arab, China, Walanda, lan masarakat pesisir. Kawontenanipun mayang rontek minangka gentosipun kembar mayang, umpaminipun, ngemutaken kaliyan ondèl-ondèl Betawi.

Padatan menika dipunparingi nama Pengantin Putri Jenggolo amargi wonten kekajenganipun, inggih menika setunggaling tekad bilih tradhisi menika dipunlindungi, dipundamel ngrembaka, dipunagem, lan dipunberdayakaken déning pamerintah Kabupatèn Sidoarjo, lantaran motor penggerakipun Himpunan Ahli Tata Rias Indonesia (Harpi) Melati Cabang Sidoarjo. Babagan menika amargi pamerintah Kabupatèn Sidoarjo ngendika menawi cikal bakal Kabupatèn Sidoarjo inggih Kerajaan Jenggala.

Tradhisi menika mratèlakaken rombongan saking kaluwarga penganting kakung ingkang ngasta boneka ayam jago kaliyan mawèrni-wèrni pernak-pernik ingkang nggadhahi nilai filosofis. Ayam jago menika simbol pengantin kakung ingkang kaalem nggadhahi kathah kaunggulan. Tradhisi menika mirunggan naming kanggé penganting kakung ingkang teksih jaka utawi dèrèng nate kagungan garwa. Makaten ugi kanggé pengantin putri.

Limrahipun péhak pengantin putri sampun nyawisaken perwakilan kanggé nampi “ayam jago” kasebat. Proses caos tampi ayam meniki dipunwiwiti kanthi pitakenan lan wangsulan antawis péhak pengantin kakung kaliyan pengantin putri. Pitakenan gegayutan kaunggulanipun ayam jago menika dipunjlentrèhaken setunggal baka setunggal kaliyan dipunselani guyonan satemah suwasananipun dados iburan ingkang ngremenaken. Dialog menika nyaosi pirsa bilih calon pengantin kakung saestu priya ingkang unggul, boten tiyang sepelé, kados ingkang dipunpralambangaken nganggé boneka ayam jago kasebat. Makaten ugi wejangan-wejangan ingkang dipunpralambangaken srana pralenan/piranti rumah tangga ingkang dipunasta rombongan pengantin kakung.

Wonten ing tatacara menika ugi dipunaturaken wejangan-wejangan babagan kados pundi nglampahi gesang mulya menika. Sedaya tiyang kedah ngatos-atos anggènipun nglampahi gesang senajan sampun saé lan suci supados rejekinipun tansah lancer ing sauruting gesang. Kejawi menika, gesang menika kedah sregep anggènipun ngibadah. Sampun ngantos nyenyupé lelabetanipun tiyang sepuh ingkang sampun ngrimat lan nggulawentah dumugi sakmenika badhé émah-émah.

Sasampunipun paring wejangan menika, tatacara dipun lajengaken kanthi ngrebataken ayam jago mawi tetandhingan pencak silat minangka pralambang bilih menawi kita badhé nggayuh samubarang menika boten gampil. Wonten perjuangan, usaha, lan pangurbanan. Kosongwangsulipun, péhak putri senajan dados péhak ingkang “nampi” péhak kakung tetap kedah ngupaya ugi supados pikantuk ingkah dados pikajenganipun. Babak babagan kaunggulaning ayam jago lan pencak silat menika saèstunipun ingkang nama Lara Pangkon.

Asal usul lan sajarah tatacara pengantin Putri Jenggala menika boten dipunmangertosi. Budayawan Henri Nurcahyo nggraita bilih menika wonten gegayutanipun kaliyan dongèng Panji Laras. Ing dongèng menika kacariyos bilih ayam jago kagunganipun Panji Laras menika boten saged dipuawonaken déning ayam jago pundi kemawon, kalebet ayam jago kagunganipun raja. Ayam jago ingkang nama Cinde Laras menika lajeng kluruk kados-kados matur: “Kula menika jagonipun Panji Laras, gesang ing satengahipun wana. Panji Laras nembe madosi ramanipun.”

Miturut Henri Nurcahyo menika, raja ingkang dipuncariyosaken ing dongèng Panji Laras menika inggih Raja Jenggala, lan Sidoarjo sakmenika sampun naté dados ibukota kerajaan Jenggala. Amargi kaunggulanipun ayam jago kagungan Panji Laras menika mila dipuntetepaken dados simbol kasektènipun calon pengantin kakung, kados déné dipunpuja-puja déning ingkang ngasta. Awit mekaten tata cara Pengantin Putri Jenggala dados padatan adat neningkahan ingkang mirunggan ing Sidoarjo.

Reroncèning Tata Cara Pengantin Putri Jenggala

[besut | besut sumber]

Reroncèning Tata Cara Pengantin Putri Jenggala dumados saking padatan praneningkah, ningkah, lan pascaningkahan.

1. Padatan praningkah dumados saking: nelisik, nakokno, mbalesi, lamaran utawi peningsetan, teges gawè (thekthekan dina), pasang terob, siraman, lan melek’an (jagongan).

a. Nelisik. Proses pados pirsa, milih utawi madosi katrangan calon semah putri menapa déné kakung gegayutan kaliyan bibit, bobot, lan bèbèt ingkang badhé émah-émah.

b. Nakokno. Péhak tiyang sepuh calon pengantin kakung dipunampingi sesepuh rawuh dhateng panggenanipun péhak putri minangka silaturahmi, nangkletaken menapa péhak putri karenan, mirsani calon mantu saking celak, lan ngasta ater-ater sepindah arupi tebu wulung sak erat (tebu = antebing kalbu, antepipun manah, krentegipun tekad), cengkir gading (kenceng ing pikir = kateguhan manah) lan gendhis kopi ingkang maknanipun selaras lan sarujuk.

c. Mbalesi. Péhak calon pengantin putri gentosan rawuh dhateng panggenanipun calon pengantin kakung, dipunréncangi sesepuh utawi péhak ingkang dipunsepuhaken, kersanipun badhé caos balesan pitakenan ingkang sampun dipunaturaken péhak calon pengantin kakung ing tata cara nakokno. Ing wekdal menika, pun asta ater-ater ugi arupi gendhis, kopi, lan bumbu kinang komplet. Bibar dipuntutup kanthi pandonga déning pinisepuh, rombongan calon pengantin putri diparingi oleh-oleh arupi kue-kue saking ketan ingkang maknanipun supados silaturahmi kalih kaluwarga menika langkung raket. Kue ketan menika reninipun kathah kados ta tetel, madumongso, lemper, jenang, ketan salak, jadah, lan koci-koci.

d. Lamaran (Peningsetan). Kaluarga calon pengantin kakung ngaturaken barang-barang dhateng calon pengantin putri.

e. Teges gawè (thekthekan dino). Penetepaning wekdal ningkah adhedhasar wekdal petung ingkang saé.

f. Adeg terop. Dipunpasang sakdèrèngipun kagungan kersa mantu, dipunhias janur kuning, pisang raja lan pahipun, cengkir kelapa gading, tebu wulung, pantun Jawi ingkang dipunronce, lan reni-reni ron-ronan.

g. Siraman. Tata cara siram kanggè pengantin putri.

h. Melek’an (Jagongan). Sedinten sakdèrèngipun dinten ningkahan, ngaturi rawuh para tetanggi, nyawisaken sekul golong.

2. Padatan ningkah. Dumados saking dari: akad ningkah (Ijab Qobul), prosesi panggih manten lan resepsi. Ing prosesi temu manten menika ingkang dados ciri khas padatan Pengantin Putri Jenggala nalika babak Lara Pangkon kalampahan.

3. Padatan pascaningkah. Dumados saking ngunduh mantu (padatan rawuhipun pengantin putri dhateng dalemipun pengantin kakung) dipunleksanakaken benjangipun lan tinjo manten (Tinjo Walik Ajang,Tinjo Walik Klasa)  dipunleksanakaken sepasar sasampunipun mantu. Brayat ageng sami sowan-sowanan minangka pitepangan kaliyan brayat anyar. Kejawi menika, wonten ugi prosesi rebut jago Lara Pangkon, lintu kembar mayang rontek, caos bekusut, ngidak gandik lan pipisan, nuthuk tigan, nglenggahaken manten kekalih wonteng padi-padi déning tiyang sepuh kekalih, murugi besan, dhahar sekul kuning, lan sungkeman.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Pengantin Putri Jenggolo Tatacara Perkawinan di Sidoarjo/
  2. Sarat Makna Kisah Kerajaan Jenggala/
  3. Kajian Tata Upacara Adat Pengantin Putri Jenggolo Sidoarjo
  4. Transformasi Budaya Loro Pangkon pada Pernikahan Adat Pengantin Putri Jenggolo[pranala mati permanèn]
  5. Pengantin Putri Jenggolo Archived 2023-03-04 at the Wayback Machine.

Pranala jawi

[besut | besut sumber]