Lara Pangkon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lara pangkon ya iku salah sijiné tradisi kang nduwéni makna tiruan pitik jago sing difungsèkaké ing acara prosèsi pengantén nganti tumuju acara temu pengantén. Lara pangkon nduwéni makna simbolik prilaku kejantanan pengantén kang golek pasangan utawa wanitané. Tradhisi lara pangkon utawa uga kang diarani jago lara pangkon dianakaké sadurungé adicara nenikahan. Serah tampa mantén ing tradhisi lara pangkon diwiwiti ya iku saka ngrema, ing kono tariyané kaya ngrema kang ana ing lodrug. Ngrema ing wiwitané tradhisi lara pangkon diiringi klawan gendhing jula-juli ngrema kang ateges pagelaran tradhisi lara pangkon diwiwiti, mula saka iku ngrema di dèlèh ing ngarep kanggo tandha wiwitané tradhisi lara pangkon.[1]

Ancas[besut | besut sumber]

Ancas nindakaké adicara lara pangkon iki supaya mangerteni yén putrané lanang utawa wadon arep nindakaké nenikahan, uga digawé tètèngèr yén putra putriné arep mbangun balé wisma, sakliyané iku lara pangkon uga digawé hiburan ing adicara pawiwahan lan pungkasan uga digawé nguri – uri kabudayan. Tradhisi kaya iki awujud kebanggaané masyarakat, amarga kanthi ngadakaké kagiyatan tradhisi lara pangkon nuduhaké pakurmatan kanggo wong tuwa, amarga bisa njaga anak sing isih prawan, lan pungkasane nganthi bisa nemokaké jodoné sing isih perjaka. Semono uga anak wedoké sing bisa nglewati masa keperawanané nganthi tumekané nikah awujud kabagyan lan kasenengané dhèwè kanggo wong tuwa, uga kanggo wong wadoné dhèwè, kluarga besarè, tangganè lan masyarakat sing mencintrakan masyarakat sing harmonis. Masyarakat sing bisa njaga unggah-ungguh, mahami aturan adat, masyarakat sing nduwéni dugo (masyarakat sing nduwéni moral). Ing panguripané manungsa, manungsa iku nglakokaké sing jenengé siklus panguripan, kanthi cara garis besaré, siklus panguripané manungsa bisa dibedakaké dadi papat bagéyan, yaiku lahir, dewasa, nikah lan mati.

Teges[besut | besut sumber]

Nenikahan utawa perkawinan nduwéni teges manunggaling jiwa loro kang beda ya iku lanang lan wadon. Nganti tuwuh unèn – unèn saka masyarakat Jawa ya iku garwa kang ateges sigarané nyawa. Nenikahan minangka kewajibané manungsa, nenikahan saka hakekat wujud lan sabda dhawuhing Gusti Pengeran kanggo menungsa supaya bisa nduwéni keturunan. Mula yèn diwawas saka hakekaté perkawinan iku minangka babagan kang sakral. Tata cara nenikahan adat Jawa minangka wujud nyata wawasané manungsa tumrap hakekaté nenikahan kang fokus utamané ngarah menyang titis wiji (ngasilaké keturunan). Mula perkawinan kudu tetep dilaksanakaké amarga kodrat lan kewajiban saka Gusti kang Akariya Jagad. 

Muatan sakral ing lara pangkon ya iku yèn beras kuning ing lumbung pitik jago wutah, mula pengantén wanita wis ora suci maneh, mangkono uga yèn endhog ing plaminan pecah mula pengantén wanita uga kabiji ora suci maneh. Temu pengantén kanthi lara pangkon mung lumaku kanggo pasangan sing isih jaka (dudu dhudha) lan prawan (dudu randha). Upacara iki dipimpin dhukun mantén lan ing wektu upacara iki ditemtokaké ubarampé lara pankon utawa tampa lara pangkon. Sedina sadurungé upacara temu pengantén, ing benginé ana omahé pengantén wanita dianakaké midodareni. Wong tuwa kang kapatah nggawé kembar mayang utawa gagar mayang.

Lara pangkon utawa tiruan pitik jago digawé saka kertas, perangané weteng ana bolongané. Wetengé lara pangkon isiné beras kuning, makna lan lambange kaya kang wis dijlentrehaké ana ing ndhuwur. Jago-jagoan ing tradhisi lara pangkon uga dicaritakaké nduwéni gulu padha karo pitik jago sing satemé. Gulu jago-jagoan iki wujudé dawa lan dikupengi wulu. Wulu sing ngupengi awarna ireng, putih, abang, lan kuning. Gulu jago-jagoan iki uga kanggo nyantholaké kalung sing nyambung ing cucuke jago. Arané gulune yaiku tunggul wulung. Tunggul sing tegese unggul déné wulung bisa ditegesi aweh. Mula ana tetembungan mulungaké saka tembung lingga wulung. Dadi gulu iki ngandhut filosofi ya iku kudu tansah mènèhi marang wong liya. Mènèhi ing kéné ya iku mènèhi pitulungan. Kahanan iku amarga manunga urip ing alam donya diwajibaké tansah tilung-tinulung marang sapadha-padhané.

Dideleng uga saka wujudé gulu jago sing ndhuwur, maknané wujud gulu lan arané ya iku yèn nduwéni donya bandha drajad pangkat sing dhuwur, manungsa kudu seneng tetulung marang liyan. Sejatiné tetulung iku ora ngenteni sugih lan nduwéni drajad, éwa semono samsaya diwajibaké marang pawongan sing diwénéhi kasugihan lan drajad pangkat dening Gusti supaya tetulung. Ngélingi menawa donya bandha bisa sirna, drajad pangkat bisa minggat. Yèn manungsa urip tansah gelem tetulung marang sapadha, bisa-bisa ora bakal ana wong kang nandhang kasangsaran. Upamané wong sugih gelem dana driyah marang wong ora nduwe, tamtu kasangsarané wong sing ora nduwé iku bakal suda, sokur yèn bisa sirna. Semono uga kudu diéling dhawuhe Gusti sapa wongé gelem tetulung marang liyan, Aku bakal paring pitulungan nalika dhèwèké nandhang kasusahan saka dalan sing ora kanyana-nyana.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Yuliano, Dias Lentera. "Tradhisi Lara Pangkon ing Malang". Panjebar Semangat (édhisi ka-No. 11-18 Maret 2017).
  2. Murianto, Sultan Dwi Varid; Sukarman, Sukarman (15 Januari 2017). "Tradhisi Lara Pangkon ing Wewengkon Mojokerto Tintingan (wujud, makna, pamanggih masyarakat)". Jurnal Baradha: 11.