Pasisir Dampo Awang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Pasisir Kartini Rembang

Pasisir Kartini Rembang kalebu salah sijining pariwisata kang ana ing Kabupatén Rembang.[1] Pasisir Kartini ana ing pusat kutha Rembang, saka kabupatén Pati perjalananè kurang luwih 1 jam.[2] Pasisir Kartini pancén pas banget kanggo rékréasi kulawarga. Wujudé pasisir kang ora jero banget, ombaké tenang, resik, lan pasiré kang alus gawé pengunjung mligi bocah-bocah betah suwé-suwé ana ing kana.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Taman Rékréasi Pasisir Kartini (TPRK) sebeneré wis dikenal déning masarakat Rembang nalika jaman penjajahan Walanda.[4] Ing jaman kolonial Walanda, Taman Kartini saliyané minangka papan rékréasi, uga minangka ngawasi lalu lintas segara ing kiwa-tengené perairan Rembang.[4] Ing kono ana wewangunan kuna kang kira-kira jaman biyèn minangka panggon ngumpul lan seneng-seneng wong-wong Walanda.[4]

Jaman biyèn, pasisir ing Taman Kartini iku minangka upacara sedekah laut kang duwé ancas supaya para warigaluh bisa slamet lan éntuk iwak kang akèh.[5]

Pasisir Kartini saben setaun pisan ditindakaké upacara tradisi yaiku Lomban utawa kang diarani syawalan, ing kono para wisatawan kang kalebu wisatawan nuswantara utawa mancanagara padha teka ana ing acara iku kang dianakaké saben dina kaping 5 sawisé dina riyaya.[5]

Fasilitas[besut | besut sumber]

Pasisir Kartini iki akèh fasilitasé, yaiku kolam langèn, taman kanggo dolanan cah cilik, mandi bola, bèbèk banyu, prau wisata, mobil-mobilan anak, uga ana mushola, wartel, MCK, lan warna-warna olèh-olèh khas Rembang.[1] Cukup amung tuku karcis mlebu waé kita wis bisa delok endahé pasisir iki.[2]

Pasisir Dampo Awang[besut | besut sumber]

Pasisir Kartini saiki jenengé diganti dadi Pasisir Dampo Awang, utawa basa Inggrisé ditulis Dampo Awang Béach.[2] Ing Dampo Awang Béach saiki akèh bedané, ing kana ana kebun binatang mini (mini zoo) kang isiné warna-warna, kaya ta manuk, baya, kethèk lan kang gawekaké luwih menarik yaiku ana sapi kang sikilé telu, lsp.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]