Panjidhur
Panjidhur utawi Panjidhor, inggih punika kagunan masarakat saking Dusun Jambon, Désa Donomulyo, Kapanéwon Nanggulan, Kabupatèn Kulon Praga.[1] Panjidhur dipun wiwiti ing warsa 1948 déning Sastrodiwiryo minangka panggagas ingkang ngripta kagunan punika.[1] kagunan tradhisional punika arupi jogèd ingkang wiwitanipun kempalan gerak-gerik ingkang prasaja. Iringan musikipun ugi prasaja ingkang dipun campuraken kaliyan lelagon syair utawi singir ingkang ngewrat surasa pepindhan bab nilai-nilai agami Islam[2] kaliyan nilai-nilai moral. Rumiyin, kagunan punika berfungsi dados sarana dakwah, nanging ing warsa 1980-an fungsi punika éwah dados fungsi sosial kaliyan seni pertunjukan rakyat. Minangka akibat pakembangan jaman, masarakat langkung ngrumiyinaken aspèk-aspèk kaéndahan utawi èstètika kaliyan kabetahan dinamika kagunan. Ing warsa 1960-an, aktivitas kagunan tradhisional punika surup ngantos warsa 1970-an amargi kawontenan pulitik wonten indonesia. Lajeng sasampunipun warsa 1975-an, kagunan punika bangkit malih kanthi gaya ingkang énggal.
Wujud panyawisan
[besut | besut sumber]kagunan rakyat Panjidhur, dipun pundhut saking cariyos Serat Menak, ingkang nyariyosaken Amir Ambyah utawi asring ugi dipun sebat Wong Agung Jayengrana. Amir Ambyah nggadhahi kalih panglima perang utami, inggih punika Umarmaya kaliyan Umarmadi.[3] Umarmaya kaliyan Umarmadi dipun gambaraken nglatih para prajuritipun ing katrampilan perang. Unikipun, para prajurit ingkang saweg gladi kasebat prajurit ingkang saweg gladhi kasebat dipun tampilaken ngagem rasukan kados kompeni utawi tentara,[4] kadosta lancingan cemeng, sinjang, sabuk, sarung asta warni pethak, ageman pethak lengen panjang, jangkep kaliyan aksésoris pangkat, topi pet, kaliyan kaca mripat cemeng.
Ragam gerak para prajurit punika dipun kembangaken dados setunggaling pola tari ingkang nggadhahi simbul kaliyan makna. Mila, sanadyan ketingal prasaja, ragam gerak kasebat dipun jangkepi aksèn ingkang langkung dinamis. Pola joganipun ugi dipun kembangaken boten namung sejajar kaliyan baris, nanging saged dados diagonal, lingkaran, acak, kaliyan rakit. Kebetahan properti pertunjukan punika kalebet bedhil ingkang kadamel saking kajeng ingkang saged dipun bekta kaliyan dipun puter, saha saged ngedalaken suwanten témbakan kados bedhil ingkang asli.
Pirantos musik ingkang dipun anggé antawisipun kendhang, bedhug, rebana, kaliyan wonten pangrembakanipun ugi dipun anggé pirantos musik drumset. Déné pertunjukanipun dipun tumuti kaliyan rampak tetabuhan musik hadroh ingkang gadhah nuansa Islami. Alunanipun kapireng lirih, nanging kadhang-kadhang ugi saged dados énggal lan seru numuti tabuhan rebana ingkang gumantosan kaliyan jidor sarta stambul.
Cacahipun penari Panjidhur ngantos 20 tiyang, ingkang biasanipun kakung sedanten.[5] kagunan Panjidhur dipun tampilaken ing wanci dalu, kanthi cariyos ingkang wetah. Supados tiyang sami ngrawuhi, wonten pertunjukan punika asring dipun dugikaken penari èstri minangka daya tarikipun. Honorarium kanggé klompok punika limrahipun sekitar 5-6 juta rupiah wonten warsa 2019.[5]
Pertunjukan punika dipun pérang dados tigang pérangan.[6] Pérangan pertama, setunggaling rois paring aba-aba dhateng penari kanggé nindakaken pakurmatan. Pérangan kaping kalih, inggih punika inti saking pertunjukan. Wonten mriki salah satunggaling penari biasanipun ngalami in-trance. Lajeng wonten pérangan akhir, rois paring aba-aba malih dhateng para penari supados nyukani salam penutup.
Fungsi pertunjukan
[besut | besut sumber]Periode kaping pisan
[besut | besut sumber]kagunan Panjidhur ing periode kaping pisan nggadhahi fungsi minangka tuntunan, média dakwah, kaliyan simbol agami Islam, saéngga ing pamentasanipun namung ngagem sandhangan kaliyan dandanan ingkang prasaja. Sandhangan ingkang dipun agem wonten periode kaping pisan inggih punika lancingan kain cemeng, ageman pethak, slémpang, slépé, kaliyan topi pet.[6]
Periode kaping kalih
[besut | besut sumber]kagunan Panjidhur periode kaping kalih ngalami pakembangan ingkang sekedhik. Fungsi seni Panjidhur ing periode kaping kalih punika sampun éwah utawi ngrembaka, ingkang sadèrèngipun syiar simbul agami Islam, dados hiburan.[6]
Periode kaping tiga
[besut | besut sumber]Periode kaping tiga ngantos sapunika, sasanesipun nggadhahi fungsi-fungsi minangka média dakwah, kagunan Panjidhur ugi nggadhahi fungsi minangka hiburan kaliyan fungsi sosial.[6]
Isi cariyos
[besut | besut sumber]Cariyos utami Panjidhur inggih punika pabenan antawisipun Wong Agung Jayeng Rana ingkang agaminipun Islam kaliyan Prabu Nurséwan ingkang dèrèng mlebet agami Islam.[3] Satemah kathah cariyos ing sawingkingipun saking cariyos kaprawiran, paprangan déning pasukan Paserbumi minangka prajurit perang wonten ing kagunan Panjidhur.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b "Kesenian Panjidor » Perpustakaan Digital Budaya Indonesia". budaya-indonesia.org. Dibukak ing 2019-03-27.
- ↑ Hamid, Nur Kholis (2014-06-12). Nilai Islam dalam Kesenian Tari Panjidur Kajian Mengenai Tari Panjidur di Dusun Jambon, Donomulyo-Kulon Progo (skripsi thesis) (ing basa Indonesia). UIN Sunan Kalijaga.
- ↑ a b "Kesenian Panjidor Yogyakarta - Informasi Budaya Jawa Kesenian Panjidor Yogyakarta". Informasi Budaya Jawa (ing basa Indonesia). 2018-12-12. Dibukak ing 2019-03-27.
- ↑ "Warisan Budaya Takbenda | Beranda". warisanbudaya.kemdikbud.go.id. Dibukak ing 2023-02-04.
- ↑ a b Media, Harian Jogja Digital (2015-05-21). "Tari Tradisional: Panjidur Langen Kridotomo, Simbol Semangat Juang Generasi Muda". Harianjogja.com. Dibukak ing 2019-03-27.
- ↑ a b c d Sayuti, Suminto A.; Ratmoko, Suhari (2018). "Perkembangan Fungsi dan Bentuk Penyajian Kesenian Panjidur Langen Krido Tomo di Dusun Jambon Donomulyo Nanggulan Kulonprogo". Pendidikan Seni Tari - S1 (ing basa Indonesia). 7 (2).