Panitya Wangsakerta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Panitya Wangsakerta iku sakumpulan wong dipandhégani Pangéran Wangsakerta sing nanggung ciptaning Layang Wangsakerta. Layang iki ngrembug bab Nusantara, dumadi pustaka-pustaka kaya ta Pustaka Rajya-Rajya i Bhumi Nusantara, Pustaka Pararatwan, Pustaka Carita Parahyangan i Bhumi Jawa Kulwan, lan Pustaka Nagarakretabhumi.

Panitya Wangsakerta digawé awit wasiyating Panembahan Girilaya marang Pangéran Wangsakerta murih dhèwèké nganggit carita-carita bab praja-praja ing Nusantara. Dikepyak ing Cirebon rikala Sultan Sepuh lan Sultan Anom madeg ratu bebarengan, panitya iki disengkuyung ratu-ratu saka Praja Cirebon, Praja Mataram, lan Praja Banten. Panitya iki ngayahi gosthi kanthi para uleman saka saindenging Nusantara sing tundhoné kacipta pustaka-pustaka isi bab Nusantara anggitané anggota gosthi.[1]

Susunan panitya[besut | besut sumber]

Panitya Wangsakerta dipandhégani Pangéran Wangsakerta. Nyandhingi dhèwèké, kadhapuk limang patarèn saka golongan pandhita limang agama mrabawani ing Nusantara kala iku. Limang patarèn iki dumadi[1]:

  1. pandhita Islam saka Arab,
  2. pandhita Siwah saka Indhia,
  3. pandhita Wisnu saka Jawa wétan,
  4. pandhita Buda saka Jawa tengah, lan
  5. pandhita Konghucu saka Semarang.

Ing tataran sangisoring para patarèn, kajibah pitung jaksa Cirebon ajejuluk jaksa pepitu minangka para ngemban. Pitung jaksa iki dumadi[1]:

  1. Raksanagara, minangka juru layang lan sing ngendhalèni gosthi;
  2. Anggadiraksa, minangka artaka lan wakil juru layang;
  3. Purbanagara, minangka sing ngumpul lan milah bakaling layang;
  4. Singanagara, minangka sing nanggung amaning gosthi;
  5. Anggadipraja, minangka duta ulem-ulem lan juru basa;
  6. Anggaraksa, minangka sing nanggung boga; lan
  7. Nayapati, minangka sing nanggung pamondhokan lan tetunggangan.

Para ngemban iki mèlu nandhatangani prajanjian karo VOC tanggal 7 Januari 1681.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c Ayatrohaedi 2005, kc. 13–17.

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Ayatrohaedi (2005). Sundakala: Cuplikan Sajarah Sunda Berdasarkan Naskah-Naskah "Panitia Wangsakerta" Cirebon. Jakarta: Pustaka Jaya. ISBN 979-419-330-5.