Pananggalan Julius

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Pananggalan Julian)

Pananggalan Julius utawa Kalèndher Julius dikenalaké déning Julius Caesar ing taun 45 Sadurungé Masehi. Kalèndher iki minangka taun syamsiah (srengéngé) kanthi cacahing dina tetep saben wulané, lan disisipi sak dina saben 4 taun kanggo ngepasaké dawané taun tropis. Kalèndher iki dipigunakaké kanthi resmi ing saindhenging Éropah, nganti anané réformasi kanthi panganggoan Pananggalan Grégorius ing taun 1582 déning Paus Gregorius XIII. Britania Raya nembé mantrapaké ing taun 1752, Rusia nembé ing taun 1918 lan Yunani nembé ing taun 1923. Gréja Ortodoks nganti saiki isih tetep migunakaké Pananggalan Julius saéngga prayaan Natal lan Taun Anyar béda.

Era sadurungé taun 45 SM dijenengi era bingung, amarga Julius Caesar nyisipaké 90 dina sajeroning kalèndher tradisional Romawi, supaya luwih nyedhaki treping ganti mangsa. Panyisipan iki crobo banget saéngga wulan-wulan sajeroning kalèndher iku ora trep manèh. Pungkasané, manut saran Sosigenes, astronom saka Iskandariyah, Caesar ngukuhaké kalèndheré dadi 12 wulan, saben wulan cacahing dina tinentu kaya saiki iki, kanthi panetapan taun wuntu saben 4 taun, kanthi kapitayan yèn dawaning 1 taun surya iku 365,25 dina wektu iku. Mawa cara iki saben 128 taun, kalèndher iki kepunjulan sadina.

Wiwit sédané Caesar, patrapaning taun wuntu ora trep. Kabisat sing kuduné dicakaké nalika ngidak taun angka 4, dadi dicakaké 3 taun pisan. Kahanan iki sabanjuré digenahaké déning Kaisar Agustus, kanthi ngilangaké kabèh dina wuntu saka taun 8 SM nganti taun 4 Masehi. Sawisé iku, kalèndher Julius lumaki kanthi luwih apik.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]