Pagunungan Altai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pagunungan Altai
Altai Mountains.jpg
Petha Jajaran-gunung Altai
Jeneng Cina
Cina Prasaja 阿尔泰山脉
Cina Padatan 阿爾泰山脈
Jeneng Mongol
Mongol Алтайн нуруу/Altain nurú
Jeneng Ruslan
Ruslan Алтай
Romanisasi Altay
Jeneng Kazakh
Kazakh Алтай таулары/Altay tawları/التاي تاۋلارى
Jeneng Uyghur
Uyghur Altay Taghliri/ئالتاي تاغلىرى

Pagunungan Altai (uga ditulis Pagunungan Altay; cara Altai: Алтай туулар, Altaj tuular; Mongol: ᠠᠯᠲᠠᠢ
‍ᠶᠢᠨ
ᠨᠢᠷᠤᠭᠤ
, Altai-yin niruɣu (Chakhar), Алтайн нуруу, Altain nurú (Khalkha); Kazakh: Алтай таулары, Altay tawları, التاي تاۋلارى Rusia: Алтайские горы, Altayskiye gory; Cina: 阿尔泰山脉, Ā'ěrtài Shānmài, Xiao'erjing: اَعَرتَىْ شًامَىْ) iku jajaran gunung ing Asia Tengah lan Wétan, minangka papan temuné Ruslan, Cina, Mongol, lan Kazakhstan, uga minangka tuké Kali Irtysh lan Ob. Poncot lor-kuloné jajaran gunung iki ana ing titik 52° Lor lan antarané 84° lan 90° Wétan (ing sana kéné banjur watesan karo Pagunungan Sayan ing wétané), lan saka titik kono malang mengidul-wétan tumeka titik 45° Lor lan 99° Wétan, sing saka kono banjur nyendhèk mbaka sithik banjur nyawiji karo laladan plato dhuwur ing Segara-wedhi Gobi.

Jeneng "Pagunungan Altai" tegesé "Pagunungan Kencana" ing basa Mongol; "alt" (kencana) lan "tai" (panambang -"mawa"; pagunungan mawa kencana) lan uga ing jeneng Cinané sing asalé saka jeneng Mongol iku (Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:No globals' not found.). Ing basa-basa Turkik, altin tegesé kencana lan dag tegesé pagunungan. Sawijining kulawarga basa sing isih dadi perdondi, kulawarga basa Altaik, jenengé asalé saka pagunungan iki.[1][2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ While 'Altaic' is repeated in encyclopedias and handbooks most specialists in these languages no longer believe that the three traditional supposed Altaic groups, Turkic, Mongolian and Tungusic, are related." Lyle Campbell & Mauricio J. Mixco, A Glossary of Historical Linguistics (2007, University of Utah Press), pg. 7
  2. ^ When cognates proved not to be valid, Altaic was abandoned, and the received view now is that Turkic, Mongolian, and Tungusic are unrelated." Johanna Nichols, Linguistic Diversity in Space and Time (1992, Chicago), pg. 4