Nut (déwi)
Ing Mitologi Mesir, Nut iku déwi akasa. Ragané mujdaké lapisan pangreksaning Bumi. Nut iku sadulur wédok sing uga bojoné Geb, lan ibuné Isis, Osiris, Nephthys, Horus lan Seth.
Wong-wong Mesir Kuna pitaya yèn Nut nguloni déwa srengéngé, Ra, saben wengi lan nglairaké dhèwèké saben isuk.
Pamujan
[besut | besut sumber]Masiya Nut kagambaraké ana ing pirang-pirang candhi lan pakuburan, sarta ana ing témbok-témbok lan langitan, dhèwèké ora nduwé yasa dhèwè kaya déné déwa déwi utama sing liya. Dhèwèké ora dipuja ing papan-papan misuwur.
Ancas
[besut | besut sumber]Nut iku déwi akasa, nanging uga nduwé ancas sing liya. Dhèwèké nduwé jeneng liya cacah telu: Nuit, Newet, lan Nueth. Nut diarani ibu saka para déwa, kalebu Ra (simbah kakungé) amarga dhèwèké ngleleg Ra saben wengi lan nglairaké ra saben isuk. Dhèwèké uga ibu saka lintang-lintang, sing guyuné minangka guntur lan iluhé minangka udan. Dhèwèké asring nggawa srengéngé nyabrang akasa. Dhèwèké uga wigati sajeroning kapitayan bab pati lan kala-kala digambaraké ana ing salumahing sarkofagus. Nut iku salah sijiné déwa utama sing personifikasining akasa lan swarga. Dhèwèké karan "ibu akasa" déning wong-wong Mesir. Nut iku sawijining déwata sing paling kuna ing sujarahé
Wujudé
[besut | besut sumber]Minangka déwi akasa, Nut kagambaraké mbentuk plengkung sandhuwuré Geb (déwa bumi), drijiné ana ing cedhaké sirahé Geb lan driji sikilé ana ing sukuné Geb. Dhèwèké lumrahé digambaraké mawa warna biru tuwa tanpa jubah, masiya sawenèh wong Mesir pitaya yèn dhèwèké nganggo jubah warna wangkawa kanthi lintang-lintang saawaké. Lukisan-lukisan gedhé sing nggambaraké Ra asring tinemu ana ing langitané ruang makam. Dhèwèké kerep kadeleng nganggo sewiwi manuk hering cilik utawa vas ana ing sirahé. Dhèwèké uga asring katon awujud sapi nalika nggawa srengéngé nyabrang akasa. Sapiné iku minangka bleger sing kaibuan.
Kapribadèn
[besut | besut sumber]Nut iku déwi sing ayu lan apikan. Dhèwèké kebak asih lan perduli. Dhèwèké keladung tresna marang Thoth, déwa kawruh, lan Geb, déwa Bumi. Dhèwèké minangka bleger sing kaibuan, kuwat, lan déwi sing swatantra, amarga dhèwèké ora gelem ningkah karo sembarang wong. Dhèwèké nindakaké apa waé sing dipéngini lan nalika dhèwèké nesu, dhèwèké ora bakal ngejaraké sapa waé ngalang-alangi dhèwèké.
Kulawarga
[besut | besut sumber]Nut nduwé ubungan roman sing kenthel karo Geb, sadulur kembar lanangé, uga karo Thoth déwa panulisan lan kawicaksanan. Nut iku déwi akasa lan Geb déwa Bumi. Ing wayah isuk Nut and Geb kapisah nanging ing waya wengi manunggal, saéngga nuwuhaké pepeteng. Iki carita sing dinggo karo wong-wong Mesir Kuna kanggo ngandharaké pananggalané sing ana 365 dina. Nut tresna marang Geb lan Thoth, nanging dhèwèké ningkah karo Ra. Nalika Ra ngerti ngenani tresna winadiné, dhèwèké murka nuli ngandhani Nut yèn dhèwèké ora bakal bisa nduwé putra salawasé. Iki marakaké dhèwèké sedhih, banjur dhèwèké njaluk tulung Thoth. Thoth nuli botoh klawan Khonsu (déwa candra) kanggo nyiptakaké dina-dina liyané cacah 5, supaya dhèwèké bisa nduwé putra cacah lima karo Geb. Thoth menang. Putra-putrané ya iku: Osiris sing nomer siji, Horus nomer loro, Seth nomer telu, Isis nomer papat, lan Nephthys nomer lima. Dina-dina iki (Dhésèmber 27-31) diarani Dina-dina Yaksa.[source?] Nut lan Ra uga nduwé putri sing dijenengi Sekhmet, déwi singa, sing nduwé kapribadèn liya karan Hathor déwi asmara lan katentreman. Miturut sawenèh wong-wong Mesir, dhèwèké ayu banget saéngga akèh dipuja. Dhèwèké déwi sing protèktif, kaya Bastet (déwi kucing).
Cathetan lan rujukan
[besut | besut sumber]- Fleming, Fergus & Lothian, Alan The Way to Eternity P. 52
- Lesko, Barbara The Great Goddesses of Egypt pp. 22–23
- Thames & Hudson The Complete Gods and Goddesses of Ancient #Egypt p. 160-61
- Lons, Veronica, Egyptian Mythology pp. 48–50
- Lurker, Manfred The Gods and Symbols of Ancient Egypt P. 90
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Cuplikan magepokan Nut (déwi) ing Wikicuplik
- Artikel Wikipedia kanthi BNF identifiers
- Kaca kanthi kategori kontrol otoritas sing durung digawe
- Artikel Wikipedia kanthi GND identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi LCCN identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi SUDOC identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi VIAF identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi identifikasi WorldCat-VIAF
- Artikel Wikipedia kanthi multiple identifiers