Nusa éndah
Praèn
| Mussaenda pubescens | |
|---|---|
|
| |
|
| |
| Takson | |
| Subdivisi | Spermatophytes · |
| ''tanpa takson'' | Angiosperms · |
| ''tanpa takson'' | mesangiosperms · |
| ''tanpa takson'' | eudicots · |
| ''tanpa takson'' | core eudicots · |
| ''tanpa takson'' | asterids · |
| ''tanpa takson'' | lamiids · |
| Ordo | Gentianales · |
| Kulawarga | Rubiaceae · |
| Genus | Mussaenda · |
| Spesies | Mussaenda pubescens W.T.Aiton |
|
| |

Nusa éndah duwé jeneng élmiyah Mussaenda pubescens ya iku tetuwuhan ngembang saka kulawarga Rubiaceae. Ing basa Indonésia, tetuwuhan iki sinebut kanthi jeneng Nusa indah. Tetanduran perdhu taunan iki dhuwuré 1-2 mèter lan cawangé akèh. Godhongé tunggal selang-seling ngrambut alus sing dawané 5-8 cm lan ambané 3-5 cm. Kembangé majemuk awujud payung utawa trompèt lan wernané kuning. Wohé wuni dawa. Biasané kembang iki ditandur dadi kembang hias ing pekarangan.
Piguna
[besut | besut sumber]
Godhong Nusa indah bisa nambani lara disentri, mèncrèt, lan keracunan panganan.[1] Carané ya iku godhongé didheplok lan diperes banyuné. Banyu iki banjur diombé.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Nuris Nuraini, Dini (2014). Aneka Daun Berkhasiat Untuk Obat. Yogyakarta: Gava Media. kc. 33. ISBN 978-602-7869-42-4.