Nagara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Negara)
     

Nagara iku wewengkon ing bumi kang kakuwasan pulitik, militèr, ékonomi, sosial lan budayané ditata déning papréntahan kang nan ing wewengkon mau. Supaya bisa diarani nagara kudu ndarbèni rakyat, yaiku wong-wong kang nampa anané organisasi iki. Syarat liyané yaiku anané wewengkon tartamtu papan nagara iku manggon. Bab liyané apa kang diarani kadhaulatan, yaiku nagara diakoni déning wargané minangka kang nyekel kakuwasan paling dhuwur ing wewengkon panggonan nagara.

Anané nagara[besut | besut sumber]

Anané nagara, kaya organisasi lumrahé, yaiku kanggo nggampangké anggotané (rakyat) nggayuh tujuan utawa gegayuhané. Kepénginan iki dirumusaké sajeroning sawiji dhokumèn kang diarani Konstitusi, kalebu ing jeroné aji-aji kang dipikul dhuwur déning rakyat minangka anggota nagara. Minangka dhokumèn kang nyantumaké gegayuhan rakyat, maksud diyasa nagara, Konstitusi minangka dhokumèn hukum paling dhuwur ing sawijining nagara. Mulané konstitusi uga ngatur cara-cara nata nagara. Konstitusi ing Indonésia diarani Undhang-Undhang Dhasar.

Pangertèn nagara miturut para ahli[besut | besut sumber]

  • George Jellinek
    Nagara iku paguyuban kakwuasan saka seklompok manungsa kang wis manggon ing wewengkon tartamtu.
  • George Wilhelm Friedrich Hegel
    Nagara minangka paguyuban kasusilan kang muncul minangka sintesis saka kamardikan individual lan kamardikan universal
  • Krannenburg
    Nagara iku opaguyuban kang timbul amarga ana kepénginan saka sawiji golongan utawa bangsané dhéwé.
  • Roger F. Soltau
    Nagara iku piranti utawa wewenang kanggo ngatur utawa ngendalèkaké persoalan bersama tumrap masarakat.
  • Prof. R. Djokosoetono
    Nagara iku paguyuban manungsa utawa kumpulan manungsa kang ana ing ngisor siji papréntahan kang padha.
  • Prof. Mr. Soenarko
    Nagara iku paguyuban sing ndunungi kang ndarbèni laladan tartamtu, kang kakuwasan nagara lumaku ing kana minangka sawijining kadhaulatan.cgsfdgsf

Deleng uga[besut | besut sumber]