Narwal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Narwal[1]
Narwhalsk.jpg
Sesawangan saka iringan lan mburi
Narwhal size.svg
Ukurané katandhingaké manungsa rata-rata
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Infraordho: Cetacea
Famili: Monodontidae
Génus: Monodon
Linnaeus, 1758
Spésies: M. monoceros
Jeneng binomial
Monodon monoceros
Linnaeus, 1758
Narwhal distribution map.png
Papan katoné narwal sing kerep (watèg) lan arang (lorèk)

Narwal (Monodon monoceros) iku lodan unton-unton kanthi ukuran sedhengan sing sunguné gedhé, minangka siyungé sing nyepaplang. Lodan iki urip ing Segara Arktik ing cedhak Grunlan, Kanadha, lan Ruslan. Narwal iku salah siji saka spésies lodan cacah loro sing kalebu ing famili Monodontidae, saliyané lodan beluga. Narwal lanang bisa katitik saka sungu ulirané sing dawa, minangka siyungé sing kiwa ndhuwur sing ndlujur dawa. Narwal iku salah siji spésies sing diwedharaké déning Carl Linnaeus ing buku Systema Naturae, terbitan taun 1758.

Kaya déné beluga, narwal iku lodan sing ukurané sedhengan. Narwal lanang lan wadon awaké dawané watara 3,95 nganti 5,5 m, ora kapétung sunguné; narwal lanang ukurané luwih gedhé sithik saka sing wadon. Rerata boboté narwal diwasa ya iku 800 nganti 1.600 kilo. Nalika umuré 11 tekan 13 taun, narwal lanang kapétung diwasa; déné sing wadon wis kapétung diwasa nalika umuré 5 tekan 8 taun. Narwal ora nduwé siwar lan vértebra ing guluné nggegel kaya déné mamalia liyané, ora manunggal kaya ta lumba-lumba lan lodan lumrahé.

Narwal iku pamangsa sing mligi memangsa ing Segara Arktik, mliginé ing cedhak-cedhak Kanadha, Grunlan, lan Ruslan. Ing mangsa salju, kéwan iki golèk mangsan ing laladan bèntis, lumrahé iwak lètèr, ing sangisoré gunungan ès sing padhet. Sasuwéné mangsa panas, narwal lumrahé mangan iwak kod arktik lan halibut grunlan, uga iwak-iwak liyané kaya ta iwak kod. Saben taun, narwal migrasi saka teluk menyang segara nalika mangsa panas tumapak. Nalika mangsa salju, narwal lanang adaté nyilem nganti 1.500 m jeroné lan bisa tahan nganti 25 menit. Narwal sesabungan karo sajinisé kanthi muni "klak-klik", "suwat-suwit", lan "thak-thok" kaya déné lodan unton-unton liyané.

Narwal bisa urip nganti 50 taun. Kéwan iki asring mati amarga keblebegan nalika lumahé segara padha dadi ès. Sebab patiné sing liyané, mliginé tumrap lodan enom, ya iku amarga kaliren. Populasiné narwal saiki ana watara 75.000, mulané narwal wis kalebu kéwan sing Parak Bebaya (Near Threatened) miturut Sarékat Internasional tumrap Konservasi Alam (IUCN). Narwal wis atusan taun dadi bedhagané wong Inuit ing Kanadha iring lor lan Grunlan saperlu dijupuk daging lan siyungé, lan isih dibedhag tekan sapréné.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Mead, J.G.; Brownell, R. L. Jr. (2005). "Order Cetacea". In Wilson, D.E.; Reeder, D.M. Mammal Species of the World: A Taxonomic and Geographic Reference (ed. 3rd). Johns Hopkins University Press. kk. 723–743. ISBN 978-0-8018-8221-0. OCLC 62265494. 
  2. ^ Jefferson, T.A.; Karczmarski, L.; Laidre, K.; O'Corry-Crowe, G.; Reeves, R.R.; Rojas-Bracho, L.; Secchi, E.R.; Slooten, E.; Smith, B.D.; Wang, J.Y.; et al. (2008). "Monodon monoceros". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2008. International Union for Conservation of Nature. Dijupuk 18 December 2008.