Menyang kontèn

Musiyum Manungsa Purba Dayu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Musiyum Manungsa Purba Dayu inggih menika salah satunggaling musiyum ingkang wonten ing Jawa Tengah. Musiyum menika manggèn wonten ing Dhusun Dayu, Kecamatan Gondhangreja, Kabupatèn Karanganyar, Jawa Tengah. Musiyum Mangungsa Purba Dayu inggih menika bagéan saking Musiyum Manungsa Purba Sangiran ananging gadhah babagan ingkang sanès, inggih menika babagan lapisan siti purba[1]. Musiyum Manungsa Purba Dayu dipunwangun saking taun 2012 lajeng karasmèkaken saha kabikak kanggé umum déning Wakil Prèsidhèn Républik Indhonésia, Boediono, ing tanggal 19 Oktober 2014 wonten Jakarta[2].

Musiyum Manungsa Purba Dayu rumiyinipun panggènan ingkang gadhah fungsi kangge madhahi pamedalipun panalitèn lapangan ingkang wonten ing laladan Sangiran ingkang dipunmilai saking taun 1977. Nalika wiwitanipun taun 2000 dipunlampahaken padhudhukan ingkang kapanggihan alat serpih ingkang umuripun 1,2 yuta taun kepengker gunggungipun 220 woh. Pangadeganipun musiyum wonten ing Dhusun Krikilan andadosaken pamedalipun panalitèn saged dipun-usung dhateng musiyum kasebut[1].

Situs Dayu inggih menika salah satunggal situs ingkang wigatos amargi sumimpen kathah tilaraning pagesangan saking ayuta taun kepengker kados ta manungsa saha budaya, sato kéwan, sarta rekaman éwahipun pakawisan Sangiran. Kajawi menika, boten tebih saking musiyum, wonten ing Dhusun Pucung nalika taun 1969 kapanggihan spèsimèn cumplungipun Homo èrèctus ingkang dados masterpiece Situs Sangiran inggih menika S17 (Sangiran 17)[3].

Musiyum Manungsa Purba Dayu wonten kanthi ngewrat informasi ingkang populèr kasarta tata pamèr saha display ingkang wigatos, ugi anggemblok tèknologi ingkang énggal dadosaken musiyum menika saged dipundadosaken jujugan wisata èdukasi sarta sumbering élmu babagan mangsa rumiyin[4].

Kahanan

[besut | besut sumber]

Babagan ingkang dados titik informasi wonten ing Musiyum Manungsa Purba Dayu inggih menika minangka papan pamanggihipiun asil budaya manungsa ayuswa 1,2 yuta taun kepengker. Menika dados salah satunggal pamanggihan artéfak ingkang langkung sepah wonten ing Indhonésia. Kajawi menika, kawontenanipun stratigrafi Dayu ingkang cekap pepak saged metha kanthi urut babagan évolusi pakarangan Sangiran saking arupa rawa ngantos dados pasitèn[3].

Para wisatawan musiyum kados dipunajak kanggé telusur lurung wekdal nalika wonten ing ngrika, saking lapisan siti ingkang langkung enèm ngantos lapisan siti ingkang umuripun 1,2 yuta taun kepengker. Wonten ing saben lapisan siti kasadhiya shèlter utawi anjungan ingkang dados papan informasi babagan lapisan siti ingkang wonten ing ngriku[3].

Anjungan ingkang langkung inggil inggih menika Anjungan Natapura, ingkang arupa wewangunan informasi babagan lapisan siti ingkang langkung enèm saking Situs Sangiran. Informasi ingkang dipun-unjukaken dhumateng para wisatawan inggih menika informasi babagan éwahipun pakarangan wonten ing Sangiran dados pakarangan dharatan ingkang aking saha bera[3].

Anjungan ingkang langkung sepah malih wonten ing andhapipun, ngunjukaken informasi babagan lapisan siti Formasi Kabuh. Wonten ing wekdal menika, pakarangan Sangiran dugi dhateng puncak keemasan ingkang katenger saking wontenipun tilasing ilèn-ilènipun lèpèn ingkang ageng ugi kapanggih wonten ing papan ingkang cekap wiyar wonten ing Sangiran[3].

Anjungan Grenzbank inggih menika wewangunan ingkang ngemot informasi babagan éwahipun pakarangan saking rawa dados pasitèn. Materiil grenzbank kadamel saking gamping ingkang sampun kacarub kaliyan krikil pisoid ingkang kaeneb wonten ing dhaérah rawa, saéngga lapisan menika dados lapisan siti ingkang sanget atos. Grenzbank inggih menika “wates” ingkang watesaken pakarangan dharat wonten ing inggilipun saha pakarangan rawa wonten ing andhapipun[3].

Kamar diorama ingkang wonten ing Formasi Pucangan, nedahaken lapisan rawa Sangiran. Materiil Formasi Pucangan inggih menika lempung cemeng ingkang nedahaken pakaranganing rawa. Kamar diorama methakaken pagesanganing Sangiran nalika pakarangan rawa ingkang patuwuhan saha sato kéwan sesarengan awor kaliyan manungsa[3].

Kamar pungkasan wonten ing Musiyum Manungsa Purba Dayu inggih menika ruang pamèr ingkang nyaosaken bukti-bukti pamanggihing bekakas Homo èrèctus bangsa arkaik wonten ing lapisan siti ingkang umuripun 1,2 taun kepengker. Menika dipundadosaken pamanggih himpunan artéfak ingkang langkung sepah wonten ing Indhonésia[3].

Jujugan

[besut | besut sumber]

Sinaos bènten kabupatèn, Musiyum Manungsa Purba Dayu menika mawa antara kirang langkung 9 menit kémawon saking Musiyum Manungsa Purba Sangiran Sragèn. Para wisatawan saged ngener dhateng lèr wétan lajeng nikung tengen dhateng Margi Sangiran. Para wisatawan lajeng mlampah ngantos dumugi dhateng Musiyum Manungsa Purba Dayu, papanipun wonten ing tengenipun margi ugi saged dipunlangkungi nganggé sadaya titihan.

Tikèt saha fasilitas

[besut | besut sumber]

Musiyum Manungsa Purba Dayu dipunbikak saking jam 9 énjing ngantos jam setengah 4 saha tutup wonten ing dinten Senèn. Reginipun tikèt kanggé wisatawan lokal ugi mancanagara inggih menika 5.000 rupiyah[5]. Fasilitas ingkang sampun cumawis wonten ing musiyum inggih menika[6]:

  • Papan parkir titihan
  • Langgar
  • Gazébo
  • Papan ameng-amengan
  • Papan kanggé lenggah
  • Pakiwan
  • Ruang pamèr ingkang rèprèsentatif

Ugi tingali

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b "Museum Dayu". Tribunnewswiki.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-25.
  2. "Museum Manusia Purba Klaster Dayu". direktoripariwisata.id. Dibukak ing 2023-09-25.
  3. a b c d e f g h Sangiran, BPSMP (2019-08-07). "Museum Manusia Purba Sangiran Klaster Dayu; Budaya dan Lapisan". BPSMP Sangiran (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-09-25. Dibukak ing 2023-09-25.
  4. Sangiran, BPSMP (2017-12-31). "KLASTER DAYU terletak di Desa Dayu, Gondangrejo, Karanganyar". BPSMP Sangiran (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-09-25.
  5. Karanganyar, Pesona. "Pesona Karanganyar | Museum Manusia Purba Sangiran Klaster Dayu". Pesona Karanganyar (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-25.[pranala mati permanèn]
  6. "Museum Manusia Purba Klaster Dayu, Menelisik Lapisan Tanah Lebih Dekat - NativeIndonesia.com". www.nativeindonesia.com (ing basa Indonesia). 2022-11-10. Dibukak ing 2023-09-25.