Menyang kontèn

Musiyum Déwantara Kirti Griya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Koordhinat: 7°48′19″S 110°22′41″E / 7.8051771°S 110.3781369°E / -7.8051771; 110.3781369

Musiyum Déwantara Kirti Griya
Tetélan pokok
KuthaJl. Tamansiswa 31, Yogyakarta
NagaraIndonesia
Technical details
Size5.594 m2

Musiyum Déwantara Kirti inggih punika musiyum peniggalan saking tokoh pendidikan Indonesia inggih punika Ki Hadjar Dewantara ingkang wujud griya utawi pendhapa. Kajawi punika musiyum ugi gadhah koleksi tilas barang-barang ingkang dipunagem déning Ki Hadjar Dewantara kaliyan kulawrganipun.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Wangunan griya ibgkang jumeneng wonten ing papan ingkang ambanipun 5.594 m2 kasebat dipunpundhut mawi nama Ki Hadjar Dewantara, Ki Sudaminto, Ki Supratolo saking Mas Adjeng Ramsinah nalika tanggal 14 Agustus 1935. Kala rumiyin yasan griya kasebat dipunbangung nalika taun 1925 kanthi modhèl Jawa. Wangunan kacathet ing buku register Kraton Yogyakarta kanthi tanggal 26 Mèi 1926, sarta mawi nomer Angka 1383 / l.H (2). Ing tanggal 18 Dhésèmber 1951, yasan ingkang dipunpundhut kasebat dipunhibahaken dhumateng Yayasan Persatuan Perguruan Tamansiswa.[2]

Tanggal November 1957, sesarengan kaliyan kawin emas Ki Hadjar Dewantara, beliau nampi persembahan bakti saking para sutresna Taman Siswa wujud griya ingkang dipunsukani nama Padepokan Ki Hadjar Dewantara, lokasinipun ing Jl. Kusumanagara 131 Yogyakarta. Taun 1958, nalika wonten rapat pamong Taman Siswa, Ki Hadjar Dewantara ngajukaken panyuwunan wonten ing sidang supados griya punika ingkang dumunung ing komplek perguruan Taman Siswa, Jl. Taman siswa 31 dipundadosaken musiyum. Panyuwunan punika angsal panyaruh ingkang positif, saha dipunlaksanakaken sabibaripun beliau séda. Ki Hadjar Dewantara séda nalika tanggal 26 April 1959 saha dipunsarekaken ing Taman Wijaya Brata. Wiwit taun 1960, Taman Siswa ngupaya supados saged nglaksanakaken amanah saking almarhum Ki Hadjar Dewantara.[3] Nalika wonten satunggaling kesempatan Drs. Moh. Amil Sutaarga ingkang gadhah tugas ing Musiyum Nasional Jakarta, saha beliau minangka kulawarga caket Taman siswa, kersa rawuh ing Yogyakarta kanggé maringi kawruh dhasar babagan permuséuman dhumateng Kepala Musiyum Sanabudaya, Kepala Musiyum TNI AD, sarta calon petugas musiyum Taman Siswa, ingkang dipunlaksanakakenn ing Musiyum Perjuangan Yogyakarta.[2]

Nalika taun 1963 dipunbentuk panitia pendiri Musiyum Taman siswa ingkang kasusun saking:

1. Kulawarga Ki Hadjar Dewantara.
2. Majelis Luhur Persatuan Taman Siswa.
3. Sajarahwan.
4. Kulawarga Besar Taman Siswa.

Dumugi pertengahan taun 1969, rancangan wontenipun musiyum dèrèng dados,wewadene sampun dipunbiwarakaken minangka Dewantara Memorial.[3]

Nalika tanggal 11 Oktober 1969 Ki Nayono nampi serat saking Nyi Hadjar Dewantara (pribadi). Kanthi serat punika, Ki Nayono kagugah supados age-age nyuwun dhumateng Majelis Luhur supados bekas papan kanggé dalemipun Ki Hadjar ingkang sampun kabiwarakaken dados Dewantara Memorial age-age dipundadosaken musiyum.[3]

Nalikatanggal 2 Mèi 1970, sesarengan kaliyan Dinten Pendidikan Nasional, musiyum dipunresmikan sarta dipunbikak kanggé umum déning Nyi Hadjar Dewantara minangka pemimpin umum Taman Siswa. Musiyum dipunsukani nama Dewantara Kirti Griya, nama mau pamanggih saking Bapak Hadiwidjono (EYD: Hadiwijoyo) salah satunggaling ahli basa Jawa. Katranganipun inggih punika. Dewantara, kapendhet saking nama Ki Hadjar Dewantara. Kirti, tegesipun pedamelan (Sansekerta). Griya, ateges dalem. Saéngga tegesipun ingkang jangkep inggih punika dalem ingkang nyimpen kasiling karya Ki Hadjar Dewantara. Peresmian musiyum dipuntandani kanthi candra sengkalan Miyat Ngaluhur Trusing Budi ingkang nedahaken angka taun 1902 Jawa utawi tanggal 2 Mèi 1970 Masehi.[3]

Makna ingkang kakandhut wontening sengkalan mau sami kaliyan makna sarta ancasipun memorial inggih punika, kanthi musiyum mugi-mugi para pangunjung mliginipun para génerasi mudha badhé nyinaoni, sarta mujudaken aji-aji ingk kakandhut ing salebetipun, wonten ing tata panguripaning bangsa saha nagara.[3]

Wonten ing musiyum punika wiwit mula bukanipun Badan Musyawarah Musiyum (Barahmus) DIY taun 1971, ingkang dipunpimpin déning Mayor Supandi (alm.) minangka pangarsa I sarta salajengipun Barahmus DIY, gadhah alamat ing Jl. Taman Siswa dumugi 2 Mèi 2007, lajeng pindhah wonten ing Musiyum Benteng Vredeburg Yogyakarta.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Oktober 2012)
  2. a b [2] Archived 2012-12-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 Oktober 2012)
  3. a b c d e f [3][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 28 Oktober 2012)

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]