Taman Wijaya Brata
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Taman Wijaya Brata | |
---|---|
Tetélan pokok | |
Cakrik yasan | Jawa |
Kutha | Celeban, Yogyakarta |
Nagara | Indonésia |
Cost | Rp. 24.055,00 (1953) |
Technical details | |
Size | 3.691 m2 |
Taman Wijaya Brata inggih punika pasarean kanggé kulawarga Taman Siswa. Kajaba punika wonten ing papan punika tokoh pendidikan Indonésia, Ki Hadjar Dewantara kasarékaken.[1]
Sajarah
[besut | besut sumber]Wonten ing sawijining pacelathon antawisipun Ki Hadjar Dewantara kaliyan Ki Soedarminto (Ketua Umum Majelis Luhur Tamansiswa) dipuntedahaken bilih beliau gadhah pepinginan damel sawijining papan kanggé ngaso.[2]
Ki Soedarminto damel dudutan minangka papan ingkang dipunmaksud déning Ki Hadjar Dewantara punika papan kanggé pasareanipun kulawarga Taman siswa. Gagasan pasarean kanggé kulawarga Taman Siswa dipunsamektakaken nalika Rapat Besar Umum (Konggrès) Taman Siswa taun 1952. Konggrès sarujuk kaliyan gagasan mau.[3]
Kangge mujudakan gagasan mau, Majelis Luhur damel panitia.
- Ketua: Ki Soedarminto
- Panitera: Ki R.P Soedarmo
- Bendahara: Nyi Aring Hertog
- Anggota: Ki Kanapi dan Ki Hadi Yoesman
Nalika taun 1953 panitia menangsal lemah gadhahipun bapak H. Hasyim ing Celeban, Yogyakarta ingkang kapérang dados kalih pérangan (1.073 m2 saha 1.338 m2), cacahipun sadaya 2.411 m2 kanthi regi Rp. 12.055,00 (kalih welas èwu gangsal dasa gangsal rupiah). Kajawi punika Majelis Luhur ugi pikantuk lemah ingkang jejeran kaliyan sadèrèngipun. Punika gadhahanipun Bapak Kartosentono kanthi amba 1.280 m2, reginipun Rp. 12.000,00 (Kalih welas èwu rupiah).[4]
Pasarean dipunsukani nama Taman Wijaya Brata. Taman ategesi kebon, wijaya ateges kemenangan, jaya saha brata kuwajiban sumpah, janji. Tegesipun sadaya inggih punika Papan kanggé nuju kemenangan.[5]
Ki Soedarminta pencetus gagasan punika, séda ing taun 1956 saha kasarékaken ing papan punika. Ateges swargi minangka priyantun ingkang kapisanan kasarékaken, déné Ki Hadjar Dewantara séda ing dinten Minggu, 26 April 1959.[6]
Tahap Pambangunan
[besut | besut sumber]Pambangunan makam kapérang dados kalih tahap.
Tahap kapisan
Lemah wujud tegalan utawi pekarangan salajengipun dipunsampurnakaken dados makam ingkang layak. PAmbangunan tahap kapisan rampung ing taun 1963 ingkang dipuntandhani kanthi candrasengakala RINARAS TRUS BASUKINING WIJI ingkang nedahaken angka taun 1895 Jawa.[1]
Teges saking candrasengakala mau; rinaras ateges harmonis utawi serasi, trus ateges pinuju, tumuju, basukining ateges séhat sejahtera, wiji ateges buah. Tegesipun ingkang jangkep candrasengkala mau inggih punika swasana harmonis ndamel génerasi énggal ingkang gesang ing swasana sejahtera.[1]
Tahap kalih
Adhedhasar Surat Dudutan Mantri Wiyata dan Kebudayaan Republik Indonesia No.: 021 / A-I / 1979, tanggal 30 Juli, makam badhé dipunpugar saha kalajengaken pambangunan kanthi anggaran Repelita taun 1979 - 1980 antawis Rp. 21.000.000,-[7]
Pemugaran nglingkupi:
- 1. Panyampurnan gapura kanthi boten ngéwahi relief.
- 2. Pengratun dipuntingkataken kanthi njagi bentuk. Gendhéngipun kagantos kaliyan kayu sirap.
- 3. Ningkataken pager ingkang.[7]
Pangyasa yang merupakan realisasi dari rencana:
- 1. Membuat relief yang mengelilingi makam[7]
- 2. Mendirikan pakeliran dengan wukir pancadarma
- 3. Fasilitas parkir
- 4. Jalan lingkar[3]
Pemugaran dipunadani ing dinten Kamis legi, 6 Maret 1989 saha pungkasan ing dinten Jumat Pon, 2 Mèi 1980. Pungkasaning tahap kalih dipuntandhani kaliyan suryasengkala Hening Mangesti Pambuka Wiji. Wiji ateges bakal buah nedahaken angka 0, pambuka ateges wiwitan, nedahaken angka 8, mangesti ateges gegayuhan nedahaken angka 9 sarta hening ateges bening, suci nedahaken angka 1. Teges jangkepipun suryasengkala inggih punika bercita-cita inggil utawi suci kanggé mbekta génerasi énggal wonten ing pagesangan ingkang inggil saha luhur.[3]
Lokasi
[besut | besut sumber]Cagar Budaya
[besut | besut sumber]Taman Wijaya Brata sampun katetepaken minangka Benda Cagar Budaya (BCB) kanthi Peraturan Mantri Kebudayaan dan Pariwisata No. Pm. /Pw. 007/ MKP / 2007, nalika tanggal 26 Maret 2007.