Perkutut
Praèn
(Kaelih saka Merbuk)
| Manuk Perkutut | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Aves |
| Ordho: | Columbiformes |
| Famili: | Columbidae |
| Génus: | Geopelia |
| Spésies: | G. striata |
| Jeneng binomial | |
| Geopelia striata (Linnaeus, 1766) | |
Perkutut utawa merbuk (Geopelia striata, familia Columbidae) ya iku manuk kang duwé ukuran kurang luwih 10 cm, warna wuluné blirik klawu rada ireng, cucuké cilik awarna ireng, lan sikile cendhak.[1]
Morfologi
[besut | besut sumber]Ciri Morfologis manuk perkutut:
- Manuk perkutut awaké cilik. Dawané watara 20–25 cm.
- Endhasé bunder cilik,awarna klawu.
- Cucuké dawa lancip warna biru rada klawu.
- Mata manuk perkutut bunder kanthi iris awarna klawu rada biru.
- Guluné rada dawa kanthi wulu alus.
- Wulu saubengé dhadha lan gulu mbentuk pola garis malang awarna ireng lan putih.
- Wulu kang nutupi awak perkutut awarna kasoklatan.
- Wlu swiwi ana garis malang warna soklat tuwa.
- Wulu buntuté uga awarna soklat rada dawa.
- Driji manuk perkutut cacahé wolu kanthi kuku-kuku kang lancip. Dadi gunggung driji sasisih ana papat.
- Telu saka papat drijiné ana ing ngarep lanb kang siji ana ing mburi.