Menyang kontèn

Macan tasman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Macan tasman[1]
Kalamangsa: Pliyosèn Kawitan-Holosèn
Macan tasman ing Kebon Raja Washington D.C., watara taun 1906

Cures  (1936)  (IUCN 3.1)[2]
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Infraklas: Marsupialia
Ordho: Dasyuromorphia
Famili: Thylacinidae
Génus: Thylacinus
Spésies: T. cynocephalus
Jeneng binomial
Thylacinus cynocephalus
(Harris, 1808)
Sajarah ambahaning macan tasman ing Tasman
Sinonim

Macan tasman (Latin: Thylacinus cynocephalus) iku marsupiyal karnivor gedhé dhéwé ing kala modhèren. Kéwan iki karan "macan" amarga gegeré ules lorèk, nanging uga ana kang ngarani srenggala tasman amarga pawakan lan pratingkahé mèmper kéwan saka famili Canidae. Kéwan iki asli Ostrali, Tasman, lan Papuwah. Macan tasman cures ing abad 20 tur kéwan iki minangka sepésiyes pungkasan ing famili Thylacinidae. Sepésimèn-sepésimèn kang minangka warganing famili Thylacinidae wis tinemu kanthi wujud rekaman fosil kang bisa katitimangsa nganti kala Oligosèn.

Dhedhasar tandha-yekti kang tinemu, kéwan iki minangka kéwan nokturnal kang isinan. Pawakané mèmper asu, kajaba buntuté kang kaku, duwé sak ing wetengé (mèmper kangguru) lan ulesé geger lorèk-lorèk. Macam tasman iku prédhator pucuk kaya déné macan lan srenggala ing Pérangan Jagat Lor. Nanging, kéwan iki ora duluran cedhak karo kéwan-kéwan mau amarga macan tasman kagolong marsupiyal, nanging pawakan lan adhaptasiné kéwan iki mirib kéwan-kéwan mau amarga évolusi konpergèn. Duluré kang cedhak dhéwé ing kala modhèren iku sétan tasman utawa numbat. Macan tasman iku salah siji sepésiyes marsupiyal ing jagad kang mawa sak ing wetengé mungguh ing kéwan lanang lan wadoné (kéwan liyané kang mangkono iku oposum banyu). Sak ing macan tasman lanang minangka selaput pangayom kang nutupi organ bebranahan (perkembangbiakan) jabané nalika ngambahi rerungkud. Macan tasman kagambar minangka tukang memangsa kang prigel amarga kuwawa urip lan beburu ing laladan kang arang kang ngambah.

Macan tasman wis dadi kéwan kang arang banget utawa wis cures ing Buwana Ostrali nalika sadurungé mangsa panjajahé Karajan Manunggal, nanging kéwan iki kasil slamet ing Pulo Tasman bebarengan karo sawenèh sepésiyes éndhemik liyané, kaya ta sétan tasman. Saliyané amarga beburon mawa bebana kang kaladuk, curesé kéwan iki bokmanawa jalaran tularing lelara, tekané sepésiyes asu, lan panggangguné manungsa marang habitaté. Sanajan kanthi resmi wis karan cures, lapuran wong kang weruh kéwan iki isih muncul, sanajan tanpa tandha-yekti.

Évolusi

[besut | besut sumber]

Macan tasman modhèren katitimangsa kapisan patang yuta taun kapungkur. Sepésiyes saka famili Thylacinidae iki wis ana wiwit kawitaning kala Miyosèn; wiwit kawitaning dasawarsa 1990-an, saorané ana pitung sepésiyes kang tinemu kanthi wujud fosil ing Riversleigh, péranganing Taman Nasiyonal Lawn Hill ing Queensland lor-kulon.[10][11]

Macan tasman dickson (Nimbacinus dicksoni), sepésiyes kang tuwa dhéwé saka pitung sepésiyes kang tinemu, bisa katitimangsa watara 23 yuta taun kapungkur. Warganing Thylacinidae iki banget luwih cilik tinimbang dulur-duluré.[12] Sepésiyes kang gedhé dhéwé, ya iku Thylacinus potens kang gedhéné nganti saukuran srenggala, minangka sepésiyes siji-sijiné kang isih ana nganti kala Miyosèn pungkasan.[13] Ing kala Pléisetosèn pungkasan lan Holosèn kawitan, macan tasman modhèren wis amba ambahané (sanajan ora akèh cacahé) ing Ostrali lan Pulo Papuwah.[14]

Minangka contoning évolusi konvergèn, macan tasman akèh iribé karo warganing famili Canidae ing péranganing jagat lor: untu kang landhep, wang kang kuwat, pagelangan sikil kang rada ngangkat, lan pawakané kang sairib. Ing Ostrali, macan tasman ngisi ruwang ékologi kang padha karo asu ing péranganing jagat kang liya, mula évolusi leloroné sairib. Mangkonoa, perlu dadi kawigatèn yèn kéwan iki ora deduluran karo kéwan-kéwan memangsa saka péranganing jagat lor.[15]

Kéwan iki gampang katitik bédané saka asu kang asli amarga lorèk ing gegeré, nanging angèl yèn katitik saka bebalungané. Mahasiswa zoologi ing Oxford olèh garapan nitiki 100 sepésimèn zoologi minangka péranganing pandadaran pungkasan (ujian akhir). Sumebar kandha [ing antaraning mahasiswa], yèn saben cumplung 'asu' kaweruhaké, supaya amané bisa langsung kabadhé Thylacinus. Alesané yèn cumplung kang cetha cumplung asu metu ing pandadaran wis mesthi soalé kanggo njebak. Ing tembé, awit saka inisiatif dhosèn kang ndadar, cumplung asu kang asli didokok kanggo njebak mahasiswané. Cara kang mayar saperlu ngertèni bédané ya iku ananing rong luwang kang katon cetha ing palangitaning balung cangkem kang minangka titikaning marsupiyal salumrahé.[16]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Groves, C. (2005). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (èd.). Mammal Species of the World (édhisi ka-3). Johns Hopkins University Press. kc. 23. ISBN 0-801-88221-4.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: editors list (link)
  2. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng IUCN
  3. Harris, G. P. (1808). "Description of two new Species of Didelphis from Van Diemen's Land". Transactions of the Linnean Society of London. 9 (1): 174–178. doi:10.1111/j.1096-3642.1818.tb00336.x.
  4. Geoffroy-Saint-Hilaire, [Étienne] (1810). "Description de deux espèces de Dasyures (Dasyurus cynocephalus et Dasyurus ursinus)". Annales du Muséum national d'histoire naturelle. Paris. 15: 301–306.
  5. Temminck, C. J. (1827). "Thylacine de Harris. — Thylacinus harrisii". Monographies de mammalogie. Vol. 1. Paris: G. Dufour et Ed. d'Ocagne. kc. 63–65.
  6. Grant, J. (1831). "Notice of the Van Diemen's Land Tiger". Gleanings in Science. 3 (30): 175–177.
  7. Warlow, W. (1833). "Systematically arranged Catalogue of the Mammalia and Birds belonging to the Museum of the Asiatic Society, Calcutta". The Journal of the Asiatic Society of Bengal. 2 (14): 97.
  8. "Genus Thylacinus, Temm.". Descriptive Catalogue of the Specimens of Natural History in Spirit Contained in the Museum of the Royal College of Surgeons of England. Vertebrata: Pisces, Reptilia, Aves, Mammalia. London: Taylor and Francis. 1859. kc. 147.
  9. Krefft, Gerard (1868). "Description of a new species of Thylacine (Thylacinus breviceps)". The Annals and Magazine of Natural History. Fourth Series. 2 (10): 296–297. doi:10.1080/00222936808695804.
  10. "Riversleigh". Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 14 Juni 2006. Dibukak ing 21 Novèmber 2006.
  11. "Is there a fossil Thylacine?". Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 2 Juni 2009. Dibukak ing 21 Novèmber 2006.
  12. "Lost Kingdoms: Dickson's Thylacine (Nimbacinus dicksoni)". Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 19 Maret 2006. Dibukak ing 21 Novèmber 2006.
  13. "Lost Kingdoms: Powerful Thylacine (Thylacinus potens)". Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 25 Maret 2005. Dibukak ing 21 Novèmber 2006.
  14. Johnson, C. N.; Wroe, S. (November 2003). "Causes of extinction of vertebrates during the Holocene of mainland Australia: arrival of the dingo, or human impact?". The Holocene. 13 (6): 941–948. Bibcode:2003Holoc..13..941J. doi:10.1191/0959683603hl682fa.
  15. "Threatened Species: Thylacine – Tasmanian tiger, Thylacinus cynocephalus" (PDF). Parks and Wildlife Service, Tasmania. Desember 2003. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2 Oktober 2006. Dibukak ing 22 Novèmber 2006. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  16. Dawkins 2016, kc. 277.