Menyang kontèn

Luis Suárez

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Luis Suárez
Suárez ing Barcelona vs Real Betis taun 2019
Katrangan priangga
Jeneng dawa Luis Alberto Suárez Díaz[1]
Tanggal lair 24 Januari 1987 (umur 39)[1]
Papan lair Salto, Uruguay
Dhuwur 1.82 m (6 ft 0 in)[2]
Posisi main Striker
Katerangan klub
Tim saiki
Atlético Madrid
Angka 9
Karir nom
2003–2005 Nacional
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
2005–2006 Nacional 27 (10)
2006–2007 Groningen 29 (10)
2007–2011 Ajax 110 (81)
2011–2014 Liverpool 110 (69)
2014–2020 Barcelona 111 (95)
2020-saiki Atlético Madrid 4 (3)
Karir tim nasional
2006–2007 Uruguay U20 4 (2)
2012 Uruguay U23 4 (3)
2007– Uruguay 95 (49)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23 December 2017.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 11 October 2017

Luis Alberto Suárez Díaz (pangucap cara Spanyol: [ˈlwis ˈswaɾes] lair ing Salto, Uruguay, 24 Januari 1987; umur 39 taun) utawi misuwur kanthi asma Luis Suárez inggih punika satunggaling juru main bal bal-balan Uruguay ingkang main ing posisi striker kanggé klub FC Barcelona lan ugi mbéla tim nasional Uruguay.[3] Luis Suárez dipunanggep minangka salah setunggalipun striker ingkang saé piyambak sadonya.[4] Suarez sampun menangaken kalih piala Sepatu Emas Eropa, lan dipunanggep minangka juru main bal nomer tiga ingkang saé piyambak ing donya déning médhiya Guardian ing taun 2016.[4] Ing sadanguning kariripun, Suarez ugi sampun kasil pikantuk 14 trofi, kalebet Liga Champion lan Copa Amerika.[4] Luis Suárez ing kariripun dados pemain bal anggadhahi peparab aran El Pistoléro utawi menawi dipunterjemahaken sang juru tembak, bab kasebut jalaran menawi sasampunipun kasil damel gol, sélébrasinipun Suárez mèmper tiyang kang nembe nyekel pistul utawi bedhil.

Taun 2006, Suárez pindhah dhateng Walanda kanggé main ing klub Groningen ing Eredivisie. Suárez dipuntransfer dhateng Ajax ing taun 2007.[5] Taun 2008-2009 Suárez dados Ajax Player of The Year. Taun salajengipun, Suárez njabat dados kaptèn klub, dados top skorer liga kanthi 35 gol ing 33 pertandhingan, lan menangaken Dutch Footballer of the Year.[5] Suárez nyithak 49 gol ing sedaya kompetisi lan Ajax menangaken Piala KNVB.[5] Taun mangsa 2010-2011, Suárez nyithak setunggal gol kanggé njangkepi 100 gol kanggé Ajax, saéngga mlebet ing kelompok juru main kalebet Johan Cruyff, Marco van Basten lan Dennis Bergkamp.[5]

Jroning Angka

[besut | besut sumber]
Panampilan lan gol adhedhsar klub, mangsa lan kompetisi
Klub Mangsa Liga Piyala Nasional Piyala Liga Bawana Liyané Gunggung
DhivisiPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Nacional 2005–06 Primera División 271030423412
Groningen 2006–07 Eredivisie 29102121433715
Ajax 2007–08 Eredivisie 33173241424422
2008–09 Eredivisie 3122211054328
2009–10 Eredivisie 333568964849
2010–11 Eredivisie 1371194102412
Gunggung 110811212321652159111
Liverpool 2010–11 Liga Primèr Inggris 134000000134
2011–12 Liga Primèr Inggris 311143433917
2012–13 Liga Primèr Inggris 33232211844430
2013–14 Liga Primèr Inggris 333130103731
Gunggung 1106995648413382
Barcelona 2014–15 La Liga 2716621074325
2015–16 La Liga 35404598565359
2016–17 La Liga 35296493115137
2017–18 La Liga 332565101205131
2018–19 La Liga 332153101104925
2019–20 La Liga 28160075103621
Gunggung 19114727195525107283198
Atlético Madrid 2020–21 La Liga 43000043
Gunggung karir 471320503764100462314650421
Panampilan lan gol adhedhasar tim nasional lan taun
Tim NasionalTaunPanampilanGol
Uruguay 200762
2008104
2009123
2010117
20111310
201284
2013169
201465
201683
201752
2018116
201974
202023
Gunggung11562

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Luiz Suarez

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 2014 FIFA World Cup Brazi: List of Players: Uruguay(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
  2. Suárez – Luis Alberto Suárez Díaz – FC Barcelona(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
  3. Ficha de jugador del selección: Luis Suárez(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
  4. 1 2 3 Profil dan Biodata Lengkap Luis Suarez Archived 2018-03-15 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
  5. 1 2 3 4 Luis Suarez Archived 2017-05-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)