Bebadan
Bebadan utawa uga bisa diarani organisasi (Yunani: ὄργανον, organon-piranti) yaiku kelompok wong-wong ing siji wadhah kanggo nuju siji tujuan bebarengan.
Ing ngèlmu-ngèlmu sosial, organisasi disinau dhèning periset saka akèh babagan ngèlmu, kang utama yaiku sosiologi, ékonomi, ngèlmu pulitik, psikologi, lan manajemen.[1] Kajian organisasi asring karan studi organisasi (organizational studies), perilaku organisasi (organizational behaviour), utawa analisis organisasi (organization analysis).[1]
Dèfinisi
[besut | besut sumber]Ana akèh téyori lan pèrspèktif kang ngomongaké organisasi, ana kang cocog siji lan liyané, lan uga ana kang béda-béda.[1] Organisasi minangka papan utawa wadhah wong-wong supaya bisa kumpul, kerja bareng kanthi rasional lan sistematis, kanthi rencana kang mateng, lan ana pemimpin kang ngendaliaké, nalika manfaataké sumber daya (dhuwit, material, mesin, métodhe, lingkungan), sarana-parasarana, data, lan liya-liyané kang digunakaké kanthi èfisièen lan èfèktif kanggo nggayuh tujuan organisasi.[1]
Para njabaraké organisasi ana ing pirang-pirang arti, kaya ta:
- Stoner ngandaaké manawa organisasi yaiku pola gayutan-gayutan kang kanthi cara kepiye wong-wong ing ngisor penawasan bisa nggayuh tujuané bebarengan [2].
- James D. Mooney ngendaaké manawa organisasi yaiku wujud saka perserikatan manungsa kanggo nggayuh tujuan bebarengan [3].
- Chester I. Bernard ngandaaké manawa organisasi yaiku sistem aktivitas kerja bareng kang dilakuaké dhèning wong loro utawa luwih[4].
- Stephen P. Robbins ngandaaké manawa organisasi yaiku kesatuan (entity) sosial kang dikoordinasiaké kanthi sadar, kanthi batesan-batesan kang rélatif bisa diidentifikasiaké, kang kerja kanthi dhasar kang rélatif terus-terusan kanggo nggayuh siji tujuan bareng utawa sekelompok tujuan[5].
Sawijining organisasi bisa dumadi amaraga kadayan dhèning aspèk-aspèk kaya ta: penyatuan visi lan misi sarta tujuan kang padha karo perwujudan èksistènsi sekelompok wong mau marang masarakat.[1] Organisasi kang dianggep apik yaiku organisasi kang diakoni kaananané dhèning masarakat ing sekitaré, amarga mènèhi kontribusi kaya ta: njupuk sumber daya manungsa ing masarakat kanggo dadi anggotané saingga bisa ngurangi angka pengangguran [1]
Wong-wong kang ana ing jero siji organisasi duwé siji keterkaitan kang terus-terusan.[1] Rasa keterkaitan iki, ora berarti keanggotaan seumur urip[1]. Nanging organisasi ngadhepi owah-owahan kang konstan ing keanggotaané.[1]
Partisipasi
[besut | besut sumber]Ing organisasi tiap individu bisa interaksi karo kabèhing struktur kang terkait karo organisasi kang dipilih[6]. Supaya bisa interaksi kanthi èfèktif ing organisasi kang kesangkut[1]. Kanthi partisipasi iku individu bisa luwih ngerti hal-hal apa baé kang kudu dilakuakè[1].
Partisipasi didefinisiaké keterlibatan méntal utawa pikiran lan émosi utawa perasaan siji wong ong situasi kelompok kang ndorong kanggo mènèhi sumbangan marang kelompok kanthi usaha nggayuh tujuan[1].
Unsur-unsur
[besut | besut sumber]Miturut Keith Davis adaana 3 unsur wigati ing partisipasi[1]:
- Unsur no 1, yaiku partisipasi utawa keikutsertaan sakbeneré yaiku keterlibatan méntal lan perasaan, punjul namung keterlibatan kanthi jasmaniah.
- Unsur no 2 yaiku keikhlasan mènèhi sumbangan marang usaha kanggo nggayuh tujuan kelompok. Berarti, manawa ana rasa seneng, ksukarela kanggo mbantu kelompok.
- Unsur no 3 yaiku unsur tanggung jawab. Unsur mau awujud segi kang nonjol saka rasa dadi anggota. iki diakoni dadi anggota artiné ana rasa “sense of belongingness”.
Jinis-jinis
[besut | besut sumber]Keith Davis uga ngandaaké jinis-jinis partisipasi, yaiku[1]:
- Pikiran (psychological participation)
- Tenaga (physical partisipation)
- Pikiran lan tenaga
- Keahlian
- Barang
- Duit
Syarat-syarat
[besut | besut sumber]Supaya siji partisipasi ing organisasi bisa lumaku kanthi èfektif, dibutuhaké persyaratan kang mutlak, yaiku:
- Wektu. Supaya bisa partisipasi diperluaké wektu. Wektu kang dimaksud yaiku bisa ngertèni pesan kang diaturaké dhéning pemimpin[1].
- dana perangsang, diperluaké ing siji partisipasi, nanging kudi dibatesi saperluné supaya ora nyiptaaké kesan négatif [1].
- Subyek partisipasi kudu rélevan utawa ana kaitané karo organisasi[1].
- Partisipasi kudu duwè kemampuan kanggo partisipasi, yaiku duwé lingkup pamikir kang amba dal pengalaman uga komunikasi kang lancar[1].
- Partisipasi kudu bisa komunikasi timbal balik, tuladhané nggunakaké basa kang padha kang dipahami, saingga bisa kacipta tukaran pikiran kang èfètif[1]
- Pihak kesangkut bébas nalika nglakoaké peran sarta sesuai karo persyaratan kang wus ditentuaké[1].
- Nalika partisipasi nemtokaké siji kagiyatan kudu didasarké kebebasan ing kelompok, artiné ora maksa lan ota nimbulaké kategangan utawa gangguan ing pikiran jiwa pihak-pihak anggota. Hal iki didasaraké prinsip yaiku partisipasi duwé sipat persuatif.[1]
Partisipasi ing organisasi nekanaé ing pembagian wewenang utawa tugas-tugas ing nglaksanaaké kagiyatan kanthi maksud ngundhakaké èfèktif tugas kang diwènèhaké kanthi struktur kang luwih jelas[1].
Bentuk-bentuk organisasi
[besut | besut sumber]- Organisasi pulitik
- Organisasi sosial
- Organisasi mahasiswa
- Organisasi ulah raga
- Organisasi sekolah
- Organisasi nagara
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v Keith Davis, Human Relations at Work, (New York, San Francisco, Toronto, London: 1962).Hlm.15-19
- ↑ Singarimbun, Masri dan Sofyan Efendi. 1976. Understanding Practice and Analysis. New York: Random House.Hlm. 132
- ↑ D, Ratna Wilis. 1996. Teori-Teori Belajar. Jakarta: Penerbit Erlangga.Hlm. 56
- ↑ Horton, Paul B. dan Chester L. Hunt. 1984. Sociology. Edisi keenam. International Student Edition. Tokyo: Mc.Graw-Hill Book Company Inc.Hlm. 89
- ↑ Stephen P.Robbins. Teori Organisasi Struktur, Desain, dan Aplikasi, (Jakarta: Arcan: 1994), hlm.4
- ↑ WS, Winkel. 1997. Psikologi Pendidikan dan Evaluasi Belajar. Jakarta: Gramedia.Hlm.75