Kraton Kanoman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Karaton Kanoman
Karéta Kesultanan Kanoman Cirebon kang dijenengi Paksi Naga Liman

Kraton Kanoman inggih punika minangka punjer peradaban Kesultanan Cirebon, ingkang salajengipun kapisah dados Karaton Kanoman, Karaton Kasepuhan Cirebon, Karaton Kacirebonan, saha Karaton Keprabon. Keagungan Islam ing Jawa Barat boten wucal saking Cirebon. Sunan Gunung Jati minangka tiyang ingkang tanggel jawab nyebaraken agama Islam ing Jawa Barat, saéngga micara babgan Cirebon boten badhé wucal saking Syarif Hidayatullah utawi Sunan Gunung Jati.[1]

Sunan Gunung Jati ugi nilaraken jejakipun dumugi sapunika ingkang taksih jumuneng, jejak punika ingkang nama Kraton Kanoman. Karaton Kanoman taksih nyepeng adat-istiadat saha pakem, antawisipun nindakaken tradisi Grebeg Syawal,satunggal minggu sabibaripun Idul Fitri saha jiarah ing makam para leluhur, Sunan Gunung Jati ing Désa Astana, Cirebon Utara. Peninggalan-tilas bersejarah ing Karaton Kanoman caket gayutanipun kaliyan syiar agama Islam ingkang dipungiyataken déning Sunan Gunung Jati, ingkang ugi misuwur kanthi nama Syarif Hidayatullah.

Kompléks Karaton Kanoman ingkang gadhah jembar antawis 6 héktar punika papan dunungipun ing wingking pasar. Ing kraton punika wonten sultan ingkang angka kalih welas ingkang nama Raja Muhammad Emiruddin sarta kulawarga. Kraton Kanoman minangka kompleks ingkang jembar, ingkang kasungsun saking pitu likur yasan kuna. Salah satunggaling inggih punika ingkang gadhah nama bangsal witana, minangka cikal bakal Kraton ingkanng jembaripun meh kaping gangsal saking lapangnan bal-balan.

Wonten ing karaton punika taksih wonten barang-barang Sunan Gunung Jati, kados ta kalih kereta ingkang nama Paksi Naga Liman lan Jempana ingkang taksih karumat kanthi saé ing musiyum. Bentukipun burak, inggih punika kéwan ingkang dados wahananipun Muhammad nalika piyambakipun Isra Mi'raj.[2] Boten tebih saking keréta, wonten bangsal Jinem, utawi Pendopo saperlu nampa tamu, penobatan sultan saha panyaosan restu sawijining adicara kados ta Maulid Nabi. Saha ing pérangan tengah Karaton wonten kompleks yasan-yasan ingkang nama Siti Hinggil.

Hal ingkang istiméwa saking Karaton ing Cirebon inggih wontenipun piring-piring porselen asli Tiongkok ingkang dados penghias dinding sadaya karaton ing Cirebon. Boten namung ing karaton, piring-piring keramik punika ugi kasebar meh sadaya situs bersejarah ing Cirebon. Saha ingkang wigati malih saking Karaton ing Cirebon inggih punika karaton tetep ngadhep ing sisih lèr. Saha ing plataranipun wontenpatung macan minangka pralambang saking Prabu Siliwangi. Ing pérangan ngajeng karaton mesthi wonten alun alun kanggé rakyat kempal saha pasar minangka punjer perékonomian, ing sisih wétan karaton pesthi wonten masjid.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]