Kitsune

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pangeran Hanzokusedang diserang rubah berekor sembilan (lukisan ukiyo-e Utagawa Kuniyoshi dari abad kaping 19)

Kitsune (?)(Ngenani wuni iki pengucapan)  inggih punika sebatan kanggé kéwan rubah ing basa Jepang. ing carita rakyat Jepang, rubah asring dipuntontonaken ing pinten-pinten carita dados makluk wasis kaliyan kabetahan sihiripun ingkang sangsaya sampurna sejalan kaliyan sangsaya wicaksana lan sangsaya tuwa rubah mau. sanèsipun punika, rubah kauwal wujud dados manungsa. Ing legenda, rubah asring dipuncariyosaken dados penjaga ingkang setya, kanca, kekasih, utawi istri, ananging asring wonten kisah rubah nipu manungsa.

Ing jaman Jepang kina, rubah lan manungsa gesang saling cerak pramila legenda babagan kitsune muncul saking persahabatan antawis manungsa lan rubah. ing kapercayan Shinto, kitsune dipunsebat Inari ingkang gadhah tugas dados pembawa pesen saking Kami. Punika kathah buntut ingkang gadhah kitsune (kitsune saged gadhah ngantos 9 buntut), mila manawi tuwa, wicaksana, lan sangsaya kiat ugi kitsune mau. Dados tiyang maringi persembahan kanggé kitsune amargi dipunanggep gadhah kakuwatan gaib.

Asal-usul[besut | besut sumber]

Rubah berekor sembilan (huli jing) yang mirib dengan kitsune dalam carita rakyat Tiongkok.

Mitos kitsune asring dados bahan perdebatan, amargi sadaya punika asalipun saking sumber asing utawi saged ugi punika konsep asli Jepang ingkang ngerembag ing abad kaping 5 SM. Sebagian mitos babagan rubah ing Jepang saged dipuntelusur ngantos ing carita rakyat Tiongkok, Koréa, utawi India. Cerita tuwa dhéwé babagan kitsune asalipun saking Konjaku Monogatari ingkang kaisi koleksi carita Jepang, India, lan Tiongkok ingkang asalipun saking abad kaping 11.[1] Cerita rakyat Tiongkok ngisahaken makluk huli jing (arwah rubah) ingkang sami kitsune lan saged gadhah buntut ngantos songo. Ing Koréa, makluk ingkang dipunsebat kumiho (rubah berekor sembilan) punika makluk mistik ingkang sampun yuswa langkung saking sewu taun. Rubah ing Tiongkok lan Koréa dipungambaraken bènten kaliyan rubah ing Jepang. Boten kados ta ing Jepang, rubah kumiho ing Koréa punika dipungambaraken dados makluk jahat. Manawi makaten, ilmuwan kados ta Ugo A. Casal gadhah pemanggih manawi sami ing cariyos babagan rubah nedahaken manawi mitos kitsune asalipun saking kitab India kados ta Hitopadesha ingkang nyebar ing Tiongkok lan Koréa, ngantos pungkasan ngantos ing Jepang.[2]

Sakwalike, ahli carita rakyat Jepang, Nozaki Kiyoshi, argumentasi manawi kitsune sampun dipunanggep dados kanca tiyang Jepang ing abad kaping 4, lan unsur-unsur ingkang dipunimpor saking Tiongkok lan Koréa namung sipat-sipat jelek kitsune.[3] Nozaki ngendikan manawi ing naskah Nihon Ryakki asal abad kaping 16, wonten cariyos babagan rubah lan manungsa ingkang gesang berdampingan ing jaman kino Jepang, pamila miturut Nozaki punika pewadining prekawis timbulipun legenda asli Jepang babagan kitsune.[4] Peneliti Inari namanipun Karen Smyers gadhah pemanggih manawi ide rubah dados penggoda manungsa, sarta gayutan mitos rubah kaliyan agama Buda dipuntepangaken ing salebeting carita rakyat Jepang nglampahi cariyos serupa asal Tiongkok, ananging Smyers ngendikan pinten-pintencariyos kaisi unsur-unsur carita ingkang khas Jepang.[5]

Ètimologi[besut | besut sumber]

Rubah Hokkaido sedang tidur di atas salju. Di Jepang terdapat dua subspesies rubah merah: rubah Hokkaido (Vulpes vulpes schrencki), dan rubah merah Jepang (Vulpes vulpes japonica).

Miturut Nozaki, tembung "kitsune" asalipun saking onomatope.[4] Tembung "kitsune" asalipun saking suwanten salakan rubah ingkang miturut pamiengan tiyang Jepang swanten "kitsu", ananging andahan "ne" dipun-ginakaken kanggé nedahaken raos sih-tresna. Asal-usul tembung kitsune ugi dipun-ginakaken Nozaki kanggé nedahaken bukti langkung lanjut manawi kisah rubah punika baik hati ing carita rakyat Jepang inggih punika produk ing nagari lan boten kisah impor.[3] Bunyi "kitsu" dados swanten rubah nyalak sampun boten dipuntepang tiyang ing jaman sapunika. Ing basa Jepang modern, swanten rubah dipunserat dados "kon kon" utawi "gon gon".

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Goff, Janet. "Foxes in Japanese culture: beautiful or beastly?" Japan Quarterly 44:2 (April-Juni 1997).
  2. ^ Johnson, T.W. "Far Eastern Fox Lore". Asian Folklore Studies 33:1 (1974) 35-68
  3. ^ a b Nozaki, Kiyoshi. Kitsune — Japan's Fox of Mystery, Romance, and Humor. Tokyo: The Hokuseidô Press, 1961. 5
  4. ^ a b Nozaki. Kitsune. 3
  5. ^ Smyers, Karen Ann. The Fox and the Jewel: Shared and Private Meanings in Contemporary Japanese Inari Worship. Honolulu: University of Hawaii Press, 1999. 127-128

Cithakan:Japanese folklore long