Menyang kontèn

Khajuraho

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Khajuraho ing India, salah satunggaling situs warisan donya UNESCO
Sana Warisan Donya UNESCO
Kelompok Monumen Khajuraho
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
JinisBudaya
Wewatoni, iii
Rujukan240
Tlatah UNESCOAsia-Pasifik
Sujarah prasasti
Prasasti1986 (Sési 10th)

Kelompok Monumén Khajuraho inggih punika sekelompok candhi (kuil) Hindhu lan Jainisme ingkang dumunung ing Khajuraho (basa Hindi: खजुराहो), sawijining kutha ing Praja Madhya Pradesh, distrik Chhatarpur, sekitar sisih tenggara New Delhi. Candhi-candhi punika inggih salah satunggaling daya tarik wisata ingkang langkung misuwur ing India. Khanjuraho gadhah kathah yasan kuil Hindhu lan Jainisme periodé pertengahan ingkang misuwur amargi patung-patungipun ingkang erotis. Kelompok monumen Khajuraho mlebet ing salebeting Situs Warisan Donya UNESCO, lan dipunanggep minangka salah satunggal saking "pitung keajaiban" India.[1]

Nama Khajuraho asalipun saking nama purba "Kharjuravāhaka", saking tembung ing basa Sanskerta kharjura = kurma lan vāhaka = "tiyang ingkang mbekta".

Sajarah

[besut | besut sumber]

Nalika abad ke-27 Kali yuga, bangsa penyerbu Mleccha wiwit nyérang kawasan India utara. Sapérangan Rajput Bargujar ngungsi ing sisih wétan nuju India tengah; bangsa Mleccha kumawasa ing kawasan Timur laut Rajasthan, ingkang dipunsebat Dhundhar, lan dipunsebat Dhundhel utawi Dhundhela nalika jaman purba, dhedhasar kawasan pamarentahanipun. Lajeng dipunsebut ugi Bundela lan Chandela; panguwasanipun inggih punika kaum Bargujar; ingkang dados vassal Gurjara - Kemaharajaan Pratihara ing India utara, ingkang nalika wekdal 500 dumugi 1300 ingkang nalika jaman keemasanipun kathah monument dipunyasa. Kaum Bargujar ugi yasa bètèng Kalinjar lan kuil Neelkanth Mahadev, ba ngsa punika minangka panyembah Siwa.[2]

Kutha Khanjuraho inggih punika punjer kabudayan Rajput Chandela, sawijining wangsa Hindhu ingkang nguwaosi kawasan punika nalika abad ke-10 dumugi ke-12. Kutha krajan pamaréntahan kaum Chandela inggih punika Kalinjar. Kuil-kuil ing Khajuraho dipunyasa ing rentang wekdal 200 taun, saking taun 950 dumugi 1150. Lajeng kutha krajan Chandela dipunpindhahaken ing Mahoba, lan Khajuraho ngrembaka terus kanggé sapérangan wekdal. Khajuraho boten gadhah bètèng amargi ratu-ratu Chandel boten naté mapan ing kutha budaya punika.[3]

Sedaya kawasan kutha diubengi témbok kanthi wolu gerbang, ingkang dipunapit déning wit palma emas. Aslinipun wonten langkung 80 kuil Hindhu ing kutha punika, sapunika lewih antawis 25 kuil ingkang taksih wonten ing kahahan ingkang saé ingkang kasebar ing kawasan ingkang jembaripun 20 square kilometres (8 sq mi).[3]

Sapunika, kuil punika dados tuladha seni arsitéktur India ingkang langkung kawentar lan samsaya misuwur amargi sapérangan patung lan reliefipun nedahaken pagesangan séks masarakat India kuna. Masarakat ingkang dumunung ing sakitar kuil punika saben-saben njagi kalestantunanipun kuil-kuil punika. Nalika abad ke-19 penjelajah Inggris manggihaken kuil punika, nanging sampun langkung wekdal punika kuil sampun dados alas.[4]


Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Bahan Waosan

[besut | besut sumber]
  • Phani Kant Mishra, Khajuraho: With Latest Discoveries, Sundeep Prakashan (2001) ISBN 81-7574-101-5
  • Devangana Desai, The Religious Imagery of Khajuraho, Franco-Indian Research P. Ltd. (1996) ISBN 81-900184-1-8
  • Devangana Desai, Khajuraho, Oxford University Press Paperback (Sixth impression 2005) ISBN 978-0-19-565643-5

Pranala NJaba

[besut | besut sumber]