Menyang kontèn

Kethèk Oglèng Wanagiri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tari kethèk oglèng khas Kabupatèn Wanagiri

Kethèk oglèng asalipun saking tembung kethèk lan oglèng (sarum demung/besar). Cariyos tari kethèk oglèng menika dipunwisik saking cariyos Panji Asmarabangun ingkang nyamar dados kethèk. Mila mekaten, tiyang-tiyang ingkang njogèd tari kethèk oglèng kedah nirokaken ébahan-ébahan kethèk. Tari kethèk oglèng menika binarung unènipun Gendhing Gancaran Pancer, salah setunggaling gendhing Jawa ingkang saking tebih kados swanten oglèng. Tari menika nggadhahi ébahan mirunggan ingkang sampun dibakenaken -- ébahan ingkang boten kaku sarta wonten ebahan akrobatik lan atraktif sanget. Kadangkala lèdhèkipun ngajak para pamirsa nari lan gegojèkan.

Sejarah kethèk oglèng

[besut | besut sumber]

Sejarah kethèk oglèng boten dipunmangertosi kapan wiwitipun. Tari kethèk oglèng menika ngrembaka ing wilayah Kabupatèn Wanagiri, Kabupatèn Pacitan, lan sebagian Kabupatèn Gunung Kidul.

Ing Wanagiri, tokoh ingkang yasa kesenian niki inggih menika Darjino lan dipunsempurnakaken déning Suwiryo. Suwiryo menika lèdhèk kethèk lan ngajari tiyang-tiyang ingkang remen tari menika. Suwiryo ngéwahi ébahan tari menika ngantos mirip ebah-ébahanipun kethèk lan modhèl menika malah langkung dipunremeni tiyang kathah. Sasampunipun Suwiryo seda, tari menika dipunlajengaken déning Sukijo dumugi sakmenika lan dados salah setunggaling ikon Kabupaten Wanagiri.

Ing Pacitan, tari kethèk oglèng ingkang ngrembaka dijogèdaken tiyang kathah wondéné tari kethèk oglèng dipunjogèdaken ing 2 modhèl -- cariyos utuh lan pethilan. Ing Kabupatèn Wanagiri langkung asring gelaraken tari kethèk oglèng modhèl pethilan (naming ngedalaken kethèk oglèng) senajan wonten ugi modhèl kolosal (kathah lèdhèkipun).

Pagelaran kethèk oglèng

[besut | besut sumber]
Panji Asmarabangun

Ing pagelaran kethèk oglèng, tiyang-tiyang ingkang njogèd nyariosaken babagan cariyos tresnanipun Dewi Sekartaji saking Kraton Jenggala lan Raden Gunung Sari utawi Panji Asmarabangun saking Kraton Kediri. Nalika Dewi Sekartaji mireng menawi badhé dipunjodokaken kaliyan pengeran saking kraton sanès, piyambakipun mlajeng dhateng redi lan nyamar dados Endang Rara Tompe. Dewi Sekartaji boten remen menawi piyambakipun kedah dipundhut garwa priya sanès. Boten dangu, Panji Asmarabangun mireng menawi putri ingkang dipuntrésnani mlajeng lajeng madosi Dewi Sekartaji lan nyamar dados kethèk.

Ing sajroning lampah, Panji Asmarabangun sowan dhateng dalemipun pandhita lan pikantuk wejangan supados mlampah dhateng kilèn. Ing wekdal selajengipun, Dewi Sekartaji lan Panji Asmarabangun pinanggih ing setunggaling panggènan, nanging sami-sami boten nepangi setunggal kaliyan sanèsipun. Bibar menika, kekalihipun dados rencang saé lan nyaosi pirsa sinten piyambakipun sejatinipun.

Wusananipun, kekalihipun madhep mantep badhé wangsul malih dhateng Jenggala kanggé neningkahan. Wonten ing pista menika, pagelaran dipunwiwiti déning dalang ingkang nyariosaken kethèk oglèng gegayutan cariyosipun Endang Roro Tompe. Ing pagelaran menika wonten dialog, tari, lan tetembangan ingkang binarung gamelan. Kethèk oglèng mratèlakaken larasipun seni tari, seni suwanten, lan seni musik.

Dewi Sekartaji

Ing salajengipun tari kethèk oglèng menika dados salah setunggaling iburan ingkang dipunremeni masarakat. Masarakat Wanagiri ndadosaken tari kethèk oglèng menika minangka kesenian rakyat bibaripun panen utawi iburan wonten ing pista hajatan, sunatan, nadar bibar saras saking sesakit, utawi nalika sampun saget nggayuh kekajenganipun. Panggènan ingkang dinggé gelar tari kethèk oglèng inggih menika ing panggenan-panggenan umum kados ta lapangan, pekarangan, kebon ingkang wiyar, panggung sarta pendapa lan gedung-gedung pertemuan.

Kostum ingkang dipuginakaken déning tokoh utawi lèdhèkipun saé sanget, mirip kethèk pethak kados tokoh Anoman ing pewayangan. Ingkang bèntènaken, Anoman nganggé kain corak kotak sekawan werni, wondéné kethèk oglèng nganggè kain corak kotak kalih werni, yaiku cemeng lan pethak.

Rujukan

[besut | besut sumber]
Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.

Pranala jawi

[besut | besut sumber]
  1. Kethek Ogleng Kesenian Rakyat dari Wonogiri, Jawa Tengah/ Archived 2023-02-28 at the Wayback Machine.
  2. Kethek Ogleng Wonogiri Archived 2023-02-28 at the Wayback Machine.
  3. Kethek Ogleng Tarian Rakyat yang Terinspirasi dari Legenda Panji