Kali Jagir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Punika Kalijagir kaliyan DAM Wonokromo Nalika sasi oktober 1925
Punika Kalijagir kaliyan DAM Wonokromo

Kali Jagir inggih punika salah satunggaling anak Kali Mas[1]. Kali punika kali ingkang dipundamel nalika jaman penjajahan Walanda ingkang milinipun dhatèng sisih wétan Kutha Surabaya[1]. Kali Jagir punika papanipun manggén wonten ing Jl. Jagir Wonokromo[1]. Rikala rumiyin, kali jagir punika toyanipun bèning saéngga dipunmanfaataken kaliyan warga kanggé MCK utawi lumban[1]. Nanging saménika amargi kathah limbah, toyan lepen punika reget lan sapunika pemkot Surabaya miwiwti kanggé resik-resik lepen punika[1]. Kajawi dipun-ginakaken minangka bendungan, DAM jagir ugi dipun-ginakaken kanggé penduduk sakiwatengenipun dados pakaryan tambahan, kadosto mados lumut ingkang tememplek wonten ing DAM ingkang saged dipunsade kaliyan tukang sade ulam utawi warigaluh[1]. Boten sekedik, masarakat ngginakaken dados papan kanggé mancing.[1]

Pintu Air Wonokromo[besut | besut sumber]

DAM Wonokromo

Pintu air utawi dam Jagir dipundamel ing masa pamerintahipun Walanda kinten-kinten ing taun 1912, Pintu air punika papanipun manggèn ing Désa Pacekan[2]. Tlathah punika sapunika ngrembaka dados dhusun-dhusun.[2]. Pintu Air punika petilasanipun Walanda, ingkang ngantos sapunika taksih dipun-ginakaken kanggé ngatur debit toya[2]. Kali Mas punika pecahan saking Kali Brantas[2]. Pintu Air kasebat manggèn wonten ing sisihipun Stasiun Kereta Api Wonokromo kaliyan PDAM Surabaya[2]. Toya saking lepen Jagir ugi dipunolah kanggé air PAM supados saged dipun-ginakaken kaliyan warga Surabaya[2]. Wonten ing salebeting lepen Jagir, ugi wonten manéka warni sumberdaya, ing antawisipun ulam air tawar ingkang misuwur salah satunggalipun inggih punika ulam Keting wonten ugi urang[1]. Wonten ing sewulan sapisan, PDAM ngawontenaken prosès Penggelontoran[1]. Prosès penggelontoran inggih punika mbucal endapan blethok saking PDAM dhateng lepen Jagir[1]. Limrahipun prosès penggelontoran punika saged andadosaken ulam dados mendem, dadosipun namung nganggé jaring kemawon warga saged mados ulam.[1]

Treteg Ijo[besut | besut sumber]

Treteg Ijo

Wonten ing lepen jagir, wonten kreteg[1][5](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)</ref>. Kreteg punika dipunwastani Treteg Ijo [6](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)</ref>. Treteg punika tegesipunjembatan kaliyan ijo punika tegesipun werni ijem utawi basa Indonesiyanipun hijau [7](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)</ref>. Kreteg punika sdaged dipunwastani Treteg Ijo amargi kreteg punika dipuncat kanthi warni ijem [8](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)</ref>. Miturut mitos, ing sangandhapipun kreteg punika wonten badan alus kanthi awujud Boyo ingkang werninipun putih, saéngga warga nyebat “Boyo Putih”[9](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)</ref>.

Mitos Pak Pesek[besut | besut sumber]

Pak Pesek inggih punika pawang saking lepen Jagir[2]. Miturut cariyosipun warga, saumpami wonten ingkang klelep wonten ing Kali Jagir. Pak Pesek ingkang nyelem kanggé madosi[2]. Pak Pesek gadhah kekiyatan nyelem wonten ing toya lepen kanthi wekdal ingkang dangu ingggih punika langkung saking jam-jam-an[2]. Pak Pesek ugi misuwur ingkang nguwaosi sadaya Baya lan badan alus ingkang wonten ing lepen Jagir[2]. Dadosipun, warga pitados bilih manawi Pak Pesek madosi tiyang ingkang kelem wonten ing lepen Jagir dipunbiyantu kaliyan badan alus[2]

Kontribusi Pamaréntah[besut | besut sumber]

Nalika Pandamelaning DAM Wonokromo

Wonten ing samadyaning taun 2009 kala wingi, pamaréntah ngawontenaken revitalisasi wonten ing sadaya lepen Surabaya kalebet ugi lepen Jagir.[3]. Revitalisasi punika andadosaken paparanganipun antawisipun pamaréntah kaliyan warga ingkang manggèn ing nginggilipun tanggul[3]. Pungkasanipun sisihipun lepen sampun steril saking warga ingkang gesang ingkang wonten ing lepen jagir. Warga saged ndamel yasan ing sakiwa tengenipun tanggul kedah kanthi jarak 11 mèter[3]. Wonten ing Taun 2010 pamaréntah nglajengaken kanggé mensetrilisasikan sisih ingkang satunggalipun[3].

Banjir September 2011[besut | besut sumber]

Nalika wulan Septmber 2011 tabuh 13.00 toya lepen punika mindak kathah ngantos pukul 17.30[4]. Banjir wonten ing wulan september 2011 punika ndamel kelep 240 griya ingkang wonten ing 3 RT[4]. Inggilipun banjiran toya kirang langkung dumugi satunggal setengah mèter.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l [1] Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet 3" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet 3" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. a b c d e f g h i j k [2](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)
  3. a b c d [3] (dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)
  4. a b c [4](dipunundhuh tanggal 29 September 2012)

Pranala njawi[besut | besut sumber]