Kêmala Hayati
Kêmala Hayati | |
---|---|
Barkas:Laksamana Keumala Hayati.jpg | |
Lair | 1550 Aceh Besar, Kesultanan Aceh |
Pati | Juni 1906 Aceh Besar, Kesultanan Aceh |
Jalaran pati | Gugur saat melindungi Teluk Krueng Raya dari serangan Portugis yang dipimpin Laksamana Alfonso De Castro |
Krueng Raya, Lamreh, Aceh Besar 5°35′28.9″N 95°31′40.3″E / 5.591361°N 95.527861°EKoordhinat: 5°35′28.9″N 95°31′40.3″E / 5.591361°N 95.527861°E | |
Jeneng liya | Keumalahayati |
Warga nagara | Kesultanan Aceh |
Alma mater | Akademi Militer Ma'had Baitul Maqdis |
Kondhang ing | ● Pejuang Perang Aceh, Pahlawan Nasional Indonesia |
Lawan | Belanda Portugis |
Bojo | Laksamana Zainal Abidin |
Wong tuwa | Laksamana Mahmud Syah |
Kulawarga | Laksamana Muhammad Said Syah (Kakek) Sultan Salahuddin Syah (Buyut) |
Kêmala Hayati iku salah sawijiné wanita kang agung saka Kasultanan Acèh. Garwané wis séda nalika ing pertempuran karo Portugis nalika arep ngrebut Selat Malaka. Taun 1585-1604, dhèwèké dadi Kepala Barisan Pengawal Pura Panglima Rahasia lan Panglima Protokol Pamaréntah saka Sultan Saidil Mukammil Alauddin Riayat Syah IV.
Malahayati mimpin 2000 wadyabala inong balee, ya iku wadyabala kang anggotané kabèh wanita, ya iku randa saka pejuang Acèh kang padha palastra ing paprangan. Tanggal 11 September 1599, Malahayati kasil mrajaya Cornelis de Houtman nalika lawan tandhing ing dhuwur kapal. Awit saka jasané iku, Malahayati pinaringan gelar Laksamana Malahayati, dadi laksamana wanita kang kapisan ing donya. Ora mung mrajaya Cornelis de Houtman, Malahati uga kasil ngusir Portugis lan Walanda saka tlatah Acèh.
Malahayati uga yasa bètèng kang kawentar kanthi sebutan Bèntèng Inong Balee ing Désa Lamreh, Kacamatan Masjid Raya, Kabupatèn Acèh Besar. Bèntèng iku madhep kulon, ya iku madhep Selat Malaka. Bèntèng iki dipigunakaké kanggo asrama bala Inong Balee, nyimpen logistik, latihan perang, lan pertahanan perang.[1][2]
Pendhidhikan angkatan laut
[besut | besut sumber]Laksamana Malahayati uga dikenal kanthi jeneng Keumalahayati. Dhèwèké lair ing Acèh Besar ing taun 1550. Sajroné bocah cilik lan isih cilik, dhèwéké nampa pendhidhikan pengadilan. Malahayati isih ana gayutané karo Sultan Acèh. Bapak lan mbah kakungé njabat ing Kasultanan Acèh dadi Panglima Angkatan Laut. Saka ing kono roh laut Malahayati muncul. Dhèwéké banjur ngetutaké jejak bapak lan mbah dhèwéké kanthi ngetrapaké jurusan pendhidhikan angkatan laut ing akademi Baitul Maqdis.[3]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Setyadi, Agus. "Jadi Pahlawan Nasional, Makam Laksamana Malahayati Bersolek". detiknews (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.
- ↑ Hudiono, Esthi Susanti; Bodjawati, Seruni (2019). Perempuan-Perempuan Menggugat (Literasi Rupa Sejarah Perempuan Indonésia). Yogyakarta: Media Pressindo bekerjasama dengan Komunitas Inklusi Sosial dan Perdamaian Indonésia. kc. 19–23. ISBN 978-623-7254-10-2.
- ↑ Media, Kompas Cyber. "PROFIL PAHLAWAN: Malahayati, Laksmana Laut Perempuan Pertama di Dunia". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-13.