Menyang kontèn

Judika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kangjeng Raden Harya
Judika
LairJudika Nalon Abadi Sihotang
31 Agustus 1978 (umur 47)
Sidikalang, Dairi, Sumatera Utara, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaK.R.H. Kencananingrat ( saking Kraton Surakarta Hadiningrat )
PakaryanArtis, Penyanyi
Taun aktif2005 - saiki

Judika Nalon Abadi Sihotang (lair ing Sidikalang, Dairi, Sumatera Utara, 31 Agustus 1978; umur 47 taun) utawi misuwur kanthi asma Judika, inggih punika penyanyi ingkang misuwur minangka runner-up Indonesian Idol 2.[1] Bakatipun ing bab nyanyi sampun katingal wiwit panjenenganipun lenggah ing bangku Sekolah Dasar ing Brastagi, Sumatera Utara.[1]

Ngantos Judika naté damel grup musik kaliyan kanca-kancanipun, sarta naté dados juwara Bahana Suara Pelajar ing tingkat provinsi Sumatera Utara.[1] Sasampunipun sukses ing Indonesian Idol,[2] Judika naté ngrilis album Seri Cinta ing taun 2005 lan One ing taun 2007.[1] Judika naté pacaran kaliyan Runner Up I Puteri Indonesia 2007, Duma Riris Silalahi.[1] Ing taun 2009, Judika ngrilis album solonipun ingkang kaping kalihipun.[1] Ing album punika, Judika kathah ngusung genre musik rock. Ing album punika, Judika boten namung nyanyi kemawon nanging ugi ngripta lagu piyambak.[1] Judika ugi naté nyobi akting ing filem Tarix Kabrix, Judika wiwit angsal tawaran main filem biyoskup.[1] Main filem Bola itu Bundar, Impal (Pariban) kaliyan pancaripun, Duma.[1] Sanajan kalebet juru main énggal ing bab kagunan peran, nanging Judika sampun serius anggènipun nyobi akting punika.[1] Judika angsal kanugrahan minangka Ingkang maragani Pendatang Baru Pria Terbaik kanthi filem Si Jago Merah.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Judika Nalon Abadi Sihotang dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
  2. Kiprah Baru Judika dalam Mahadewa dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]