Iguana ijo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/Cithakan:Taxonomy/Iguana|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}} |machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}} |machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}
Iguana ijo[1]
Iguana iguana Portoviejo 01.jpg
adult, Ecuador
Green iguana (Iguana iguana) juvenile.jpg
juvenile, Grand Cayman
Klasifikasi ngèlmiah e
Unrecognized taxon (fix): Iguana
Spésies: Template:Taxonomy/IguanaI. ijo
Jeneng binomial
Iguana ijo
(Linnaeus, 1758)
Iguana iguana distribution map.png
Sinonim
  • Lacerta iguana Linnaeus, 1758
  • Hypsilophus tuberculatus Wagler 1830
  • Iguana hernandessi Jan 1857
  • Iguana iguana rhinolopha Wiegman, 1834
  • Hypsilophus rhinolophus Fitzinger, 1843
  • Iguana rhinolopha Dumeril & Bibron, 1837
  • Iguana rhinolophus Günther, 1885

Iguana ijo (Latin: Furcifer padalis utawa Iguana iguana) ya iku salah sijining jinis iguana. Iguana ya iku kéwan kang kalebu ing jinis rèptil kang gedhé. Rèptil ya iku salah sijining jenis kéwan kang nduwèni sisik ing kulité lan biyasané rèptil iki urip ing alas tropis.[3] Iguana ijo iki biyasané urip ing dhaérah kang jembar. Jinis iguana ijo iki biyasané uga seneng urip ing dhaérah kang suhuné anget lan lembab, kayata urip ing alas ing dhaérah benua Amérika, ya iku alas ing Mèksiko Lor, Kepulauan Karibia, Paraguay, Brasil Kidul, Florida Kidul, Pulo Virgin, lan Puerto Rico. Iguana ijo iki kalebu kéwan herbivora utawa kéwan kang mangan tetuwuhan lan ora mangan daging.[4] Saliyané kalebu kéwan herbivora, iguana ijo iki uga kalebu ing jinis kéwan insèktivora utawa kéwan kang mangan kéwan-kéwan gegremetan kang ana ing sakubengé. Iguana ijo iki kalebu kéwan kang mlakuné rindhik amarga kanggo golèk pangan nganggo ilaté kang dawa.[3] Iguana ijo iki jinis kéwan kang diurnal utawa kéwan kang bisa urip mung ing wayah awan waé kanggo golèk pangan lan turu ing wayah bengi.[5]

Réprodhuksi[besut | besut sumber]

Iguana ijo kalebu kéwan kang reprodhuksiné nganggo cara ngendhog utawa ovipar. Sadurungé ngendhog, iguana ijo wadon golèk papan kanggo gawé susuh lan susuhé iku kanggo nyèlèhaké endhogé. Papan kang disenengi iguana ijo wadon kanggo ngendhog ya iku dhaérah kang suhuné panas lan ora ana kéwan-kéwan liyané kang bisa ganggu anggoné iguana ijo ngendhog. Suhu bisa dadi pathokan anggoné ngendhog amarga suhu bisa nemtokaké wektu pembuahan lan nentokaké mangsa inkubasi iguana ijo. Mangsa inkubasi iguana ijo antarané 10-15 minggu.[6]

Iguana ijo wadon bisa ngasilaké endhog per taun cacahé 20-70 endhog. Biyasané, nalika ngendhog, kéwan iguana ijo iki ora ngerami endhogé utawa endhogé mau ora diwènèhi pangayoman déning iguana ijo wadon. Nanging, iguana ijo wadon gawé pananggulang supaya susuhé kang isiné endhog mau bisa aman saka mungsuh. Miturut panelitèn, ing dhaérah Panama, iguana ijo nalika ngendhog bagi-bagi susuh marang kéwan rèptil liyané, ya iku baya Amérika.[7]

Sawisé netes saka endhog, iguana ijo katon persis kaya iguana ijo gedhé ing babagan werna lan bentuké. Nanging, bentuk eri ing geger iguana cilik durung katon kaya iguana ijo gedhé. Sawisé netes uga, iguana ijo cilik langsung adhaptasi marang suhu lan kahanan ing lingkungan sakubengé. Iguana ijo uga golèk pangan dhéwé sawise netes saka endhog tanpa diéwangi karo iguana ijo kang dadi induk utawa biyungé. Amarga kuwi, iguana ijo nduwèni rasio kematian paling dhuwur ing kelasé. Iguana ijo bisa dipangan déning mungsuh-mungsuh utawa prédhator liyané nalika golèk pangan.[7]

Anatomi[besut | besut sumber]

Iguana ijo nduwèni awak kang dawa. Dawané bisa tekan 215 cm. Dawa awak antarané iguana ijo wadon lan iguana ijo lanang kuwi beda-beda. Biyasané, iguana ijo lanang luwih cepet dawa tinimbang iguana ijo wadon. Iguana ijo umumé nduwèni bobot 9-10 kg. Iguana ijo uga nduwèni bentuk sikil kang cendhèk lan nduwèni untu lan cakar landhep kang bisa digunakaké kanggo munggah wit-witan nalika golèk pangan.[8]

Iguana ijo ditemokaké ing sawetara dhaérah. Amarga kuwi, anatomi lan ciri-ciri saka iguana ijo ora mung sawarna waé nanging bisa ditemokaké bedané ing sawetara iguana ijo kang ditemokaké ing sawetara dhaérah. Umumé iguana ijo nduwèni bentuk awak kang dawa lan ana sisik kasar kang nutupi kulité. Sisiké kuwi mau warnané ora mung ijo nanging macem-macem ing dhaérah kang béda uga.[9] Iguana ijo ora kabèh nduwèni warna ijo ing kulité. Nanging, iguana ijo nduwèni werna macem-macem lan jinis. Ing dhaérah Peru, warna kulit iguana ijo ora ijo nanging biru kandel. Iguana ijo kang ditemokaké ing dhaérah kulon Costa Rica werna sisiké ora ijo, nanging warna abang lan ing dhaérah Mèksiko, iguana ijo kang ditemokaké nduwèni werna sisik orèn. Ing dhaérah Salvador, warna iguana ijo kang ditemokaké ya iku warna biru enom. Nanging, warna biru enom kuwi mau ora bisa salawasé katon ing sisik iguana. Nalika iguana ijo kang ditemokaké ing dhaérah Salvador wis gedhé, warna sisik kang biru enom kuwi mau ilang.[10]

Iguana ijo nduwèni eri ing gegeré. Dawané eri kang ana ing gegeré kuwi dawa lan yèn diukur dawané saka sirah tekan buntut. Buntut iguana ijo iku dawa lan buntuté bisa kanggo sarana pangauban saka mungsuh-mungsuh iguana ijo. Sipaté iguana ijo iki kaya cicak, ya iku bisa nglakokaké autotomi utawa medot buntuté nalika ana mungsuh ing sakubengé lan buntut kang wis pedot mau bisa thukul manèh gumantung karo kahanan ing lingkungan sakubengé lan gumantung umur iguana ijo. Buntut iguana ijo enom biyasané bisa cepet anggoné thukul, nanging béda karo iguana ijo gedhé. Buntut iguana ijo gedhé biyasané suwi anggoné thukul utawa bisa ora thukul manèh.[11]

Habitat[besut | besut sumber]

Iguana ijo ing Les Saintes

Habitat saka iguana ijo ya iku dhaérah subtropis lan suhuné panas. Biyasané, iguana ijo iki akèh ditemokaké ing alas ana ing tlatah benua Amérika. Habitat iguana ijo iki uga kasebar saka dhaérah Mèksiko Kidul tekan dhaérah Brasil. Iguana ijo uga bisa ditemokaké ing Paraguay, Republik Dominika, Les Saintes, lan dhaérah sakubengé. Ing Pulo Anguilla uga ditemokaké habitat iguana ijo amarga ing taun 1995 kepungkur ana bencana awujud prahara gedhé. Amarga prahara gedhé kuwi mau, iguana ijo kagawa tekan Pulo Anguilla.[12]

Iguana ijo uga bisa ditemokaké ing dhaérah Ékuador, Amérika Kidul. Ing sawènèh dhaérah, habitat iguana ijo bisa ditemokaké ing banyu utawa wit-witan amarga iguana ijo kéwan kang nduwèni sipat kang arboréal. Arboréal ya iku daya obah kéwan kang urip ing wit-witan. Biyasané kéwan arboréal iki uripé mung ana ing wit-witan lan golèk pangan uga ing ndhuwur wit-witan.[5]

Habitat iguana ijo bisa dibedakaké gumantong cuaca lan suhu ing lingkungan sakubengé. Nalika mangsa adem, iguana ijo seneng urip ing dhaérah anget ya iku ing lemah amarga suhu lemah kang anget. Nanging, nalika ing mangsa panas, iguana ijo bisa ditemokaké ing banyu. Iguana ijo iki kalebu kéwan kang bisa renang lan nalika renang, iguana ijo migunakaké buntuté.[13]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Iguana iguana (Linnaeus, 1758)". Sistem Informasi Taksonomi Kaintegrasi. Dijupuk 4 September 2008. 
  2. Bock, B., Malone, CL, Knapp, C., Aparicio, J., Avila-Pires, T.C.S., Cacciali, P., Caicedo, J.R., Chaves, G., Cisneros-Heredia, D.F., Gutiérrez-Cárdenas, P., Lamar, W., Moravec, J., Perez, P., Porras, L.W., Rivas, G., Scott, N., Solórzano, A. & Sunyer, J. (2018). "Iguana iguana". IUCN Red List of Threatened Species (IUCN): e.T174481A1414646. doi:10.2305/IUCN.UK.2018-1.RLTS.T174481A1414646.en. 
  3. a b "Gembira Loka Zoo". gembiralokazoo.com. Dijupuk 2019-12-21. 
  4. Falcón, Wilfredo; Ackerman, James D.; Recart, Wilnelia; Daehler, Curtis C. (2013-04-01). "Biology and Impacts of Pacific Island Invasive Species. 10. Iguana iguana, the Green Iguana (Squamata: Iguanidae)". Pacific Science. 67(2): 157–186. 
  5. a b Cogger, Harold G.; Zweifel, Richard George, 1926- (1992). Reptiles & amphibians. New York, NY: Smithmark. ISBN 0-8317-2786-1. OCLC 26662480. 
  6. Capula, Massimo.; Behler, John L. (1989). Simon & Schuster's guide to reptiles and amphibians of the world. New York: Simon & Schuster. ISBN 0-671-69136-8. OCLC 20217055. 
  7. a b Alberts, Allison C.; Hayes, William K. (2004). Iguanas : Biology and Conservation. Berkeley: University of California Press. ISBN 978-0-520-93011-7. OCLC 609850024. 
  8. "Green Iguana Care Sheet". www.reptilesmagazine.com. Dijupuk 2019-12-29. 
  9. Samuelson, Phillip (1995-06-01). "The Lizard King". Reptiles Magazine 3(2): 64–84. 
  10. De Vosjoli, Philippe. (2003). The green iguana manual (ed. 3rd ed., rev. and updated). Mission Viejo, CA: Advanced Vivarium Systems. ISBN 978-1-62008-029-0. OCLC 811411611. 
  11. "Tail Loss". www.greenigsociety.org. Dijupuk 2019-12-29. 
  12. Censky, E. J.; Hodge, K.; Dudley, J. (1998-10-08). "Over-water dispersal of lizards due to hurricanes". Nature. 395 (6702): 556. 
  13. Swanson, Paul L. (1950). "The iguana: Iguana iguana iguana (L)". Herpetologica (JSTOR) 6(7): 187–193.