Holografi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hologram, kasil saking teknik holografi

Holografi inggih punika teknik ingkang saged njalari sinar saking satunggaling piranti saged nyebar, dipunrekam, lajeng dipunkonstruksi saéngga objekipun ketingalipun wonten ing panggénan ingkang relatif sami kaliyan médhia rekaman ingkang dipunrekam.[1] Gambar saged éwah miturut panggénan kaliyan orientasi saking éwahipun sistem paningal wonten ing cara ingkang sami kados nalikanipun objek mau taksih wonten, saéngga gambar ingkang dipunrekam bakal jumedhul kanthi wangun tiga dhimènsi (3D), ingkang padatanipun dipunwastani hologram.[1]

Sasampunipun pemrosesan, bakal katingal piranti ingkang bènten-bènten manawi dipunpirsani saking manéka sudut.[2] Hologram tradhisional taksih ngginakaken prosès kimia ingkang njlimet.[2] Déné hologram modern, pawujudanipun saged dipunpirsani ing sinar ingkang padatanipun. Hologram ugi saged nedahaken tiga dhimènsi (3D) piranti ingkang ageng saged obah-obah kanthi manéka warni ingkang jangkep.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Teknik holografi punika pinanggih déning Dr. Dennis Gabor, satunggaling fisikawan saking Honggari ing taun 1940-an.[2] Panjenenganipun dados perintis, bapak, ugi dados pangripta tèknik holografi. Nanging, perkembangan holografi taksih rendhet ngantos taun 1960-an.[2] Dennis Gabor ngrembakaken téyori holografi nalika nyambut damel ing Departemen British Thomson Houston. Téyori punika pinanggih kanthi boten sengaja, nalika Dennis Gabor saweg dolanan ing laboratorium kanthi kasil majunipun teknologi perintis ingkang wonten gegayutanipun kaliyan ngrembakanipun mikroskop elektron.[3] Kanthi punika Dennis Gabor saged ngripta teknik énggal inggih punika teknik holografi.[3] Dennis Gabor banjur kanugrahan bebungah Nobel èlmu fisika kanggé teknik énggal ingkang pinanggih wau.[3] Nanging, Dennis Gabor kedah nengga ngantos taun 1971 supados anggitanipun punika saged dipunakèni.[3]

Hologram[besut | besut sumber]

Hologram punika prodhuk saking teknik holografi.[4] Hologram inggih punika gambar fotografi 3D kaliyan gadhah pawujudan ingkang langkung jero.[4] Hologram saged katingal saking pangriptaning satunggaling citra ingkang kawangun saking gambar kalih dimènsi (2D) objek ingkang sami lajeng katingal saking titik referensi ingkang bènten.[4]

Karakteristik Hologram[besut | besut sumber]

Hologram gadhah ciri-ciri ingkang unik, inggih punika:

  • Sinar ingkang dugi ing socanipun tiyang ingkang mirsani kaliyan sinar ingkang asalipun saking gambar ingkang dipunkonstruksi saking hologram, sami kaliyan sinar ingkang asalipun saking objek aslinipun. Dados anggènipun tiyang mirsani gambar hologram, saged mirsani kados menapa ingkang wonten ing objek aslinipun.[3]
  • Hologram saking satunggaling objek kasebar saged dipunkonstruksi saking pérangan paling alit saking hologram wau. Manawi satunggaling hologram pecah, saben pérangan saged dipun-ginakaken kanggé ngasilaken malih sadaya gambar. Nanging, ukuran hologram ingkang dados alit saged ndadosaken mandhapipun perspektif gambar, resolusi, kaliyan tingkat padhanging gambar.[3]
  • Setunggal hologram tabung saged maringi paningalan 360 derajat saking objek.[3]
  • Wonten ing satunggal pelat fotografi saged nyimpen langkung saking satunggal gambar independen wonten ing wekdal ingkang sesarengan.[3]
  • Setunggal hologram saged dipunkonstruksi kalih jinis gambar, inggih punika gambar nyata kaliyan gambar maya.[3]

Panglompokan Hologram[besut | besut sumber]

Hologram saged dipunklompokaken dados sawatawis cara gumantung ing kekandelanipun, métode ngrekam, métode rekonstruksi, lsp.[3]

Panglompokan miturut amplitudo kaliyan fase hologram

Tipe satunggaling hologram wonten ingkang saged ngasilaken éwah-éwahan ing amplitudo saking sinar rekonstruksinipun. Éwah-éwahan jinis fase saking hologram punika amargi variasi saking indeks bias utawi kandelipun medium.[3] Fase hologram punika gadhah kaluwihan tinimbang amplitudo hologram wonten ing prakawis ènèrgi ingkang boros sarta efisiensi penguraian ingkang langkung dhuwur.[3] Hologram ingkang dipunrekam wonten ing emulsi fotografik saged ngéwahi fase amplitudo kaliyan gelombang ingkang dipunpadhangi.[3] Wangun saking krangka rekaman punika gumatung saking fase pancampuran sinar.[3] Dadosipun gelombang ingkang dipunrekonstruksikaken lajeng dipunrefleksi tumuju hologram kanthi padhetipun pérak ingkang kasimpen kaliyan amplitudonipun sami kaliyan amplitudo objek.[3] Samanten ugi kaliyan fase gelombangipun.[3]

Panglompokan miturut kandelipun hologram

Babagan hologram saged awangun tipis utawi kandel.[3] Satunggal parameter Q saged dipun-ginakaken kanggé mbèntenaken antawisipun hologram tipis kaliyan hologram kandel.[3] Satunggaling hologram saged dipunwastani tipis manawi Q < 1.[3] Prekawis punika sampun dibuktékaken manawi hologram tipis ingkang dipuntambah kaliyan téyori gelombang angsal kanggé biji Q urutan 1.[3] Daédéosipun, kriteréia saking Q boten mesthi cekap. Satunggal hologram bilih saged ugi dipunwastani tipis manawi kandelipun langkung cendhèk saking jarak pinggir.[3] Miturut Hukum Bragg satunggaling hologram ingkang volumenipun kandel saged dipunwastani minangka superposisi saking 3D rekaman ingkang kaukur ing jeronipun emulsi.[3] Volmue hologram ngrekonstruksi bayangan ing panggénan asli saking objek manawi sinar rekonstruksi trep kaliyan sinar ingkang dipundadosaken pathokan.[3]

Panyimpangan Hologram[besut | besut sumber]

Hologram saged ngalami panyimpang amargi dipunjalari déning konstruksu satunggal tumuhu rekonstruksi salajengipun sarta déning boten trepipun referensi lan rekonstruksi sinar. Panyimpangan ing hologram kromatik lan nonkromatik, kekalihipun sami-sami panyimpangan ingkang temenen sanadyan namung satunggaling penyimpangan saking geometri pengrekaman ingkang wonten ing rekonstruksi geometri.

Aplikasi holografi[besut | besut sumber]

Aplikasi teknik holografi sampun kasebar ing kathah aspèk. Holografi nggampilaken manungsa nalikanipun ndamel satunggaling karya seni lan pirantos-pirantos tilaranipun sujarah, pendamelan iklan lan filem, lan sapanunggalanipun. Kajawi punika, aplikasi holografi sanès inggih punika holographic interferometry, holographic optical element (HOE), lan holographic memory.

Holographic interferometry[besut | besut sumber]

Holographic interferometry inggih punika aplikasi saking tèknologi holografi ingkang ndadosaken kita saged ndamel replika utawi tiruan visual satunggaling pirantos, sarta èfèkipun. Mawi teknik punika, objek ngalami pencahayaan kaping kalih. Saéngga visualisasi satunggaling barang saged warni-warni.

Ing prosès pencahayaan ingkang sapisan, objek kedah wonten ing kaanan anteng, boten angsal obah. Ing prosès pencahayaan ingkang kaping kalih, objek kalawau dados subjek kanggé maringi wangun-wangun fisik miturut wujud asli objek wau. Lajeng sapanjangipun prosès kalawau, hologram bakal nglukisaken sawatawis gunggung garis, inggih garis pinggir lan ugi garis diagonal ingkang ngléwati objek. Garis-garis punika lanjeng malih dados garis-garis kontur wujud ing satunggaling peta. Peta visual punika gumantung sanget kaliyan garis pinggir, jalaranipun geris tepi punika ingkang maringi wangun-wangun fisik. Manawi kadadosan kléntu ing prosès ingkang sapisan, prekawis punika saged mrabawani pandamelan peta visualipun.

Holographic interferometry wonten tiga tipe, inggih punika:

Holographic interferometry sampun kathah dipun-ginakaken ing indhustri manufaktur. Ginanipun inggih punika kanggé nginpksi karusakan ing prodhuk. subjekipun inggih punika logam lan bahan nonlogam. Material punika dipun-ginakaken kanggé nguji wontenipun bilih kadadosan karusakan.

Holographic optical element (HOE)[besut | besut sumber]

Holographic optical element inggih punika salah satunggaling jinis saking elemen optis difraktif. HOE saged nggantos satunggaling sistem optik mawi komponèn optik ganda, kados ta lensa, kaca, beam splitters, lan prisma. HOE migunani sanget manawi kadadosakan komponèn optik ingkang boten seimbang utawi boten trep.

Sapunika dugi tèknologi DOE (Diffractive Optical Element) minangka lelajenganipun saking HOE. Ing DOE gelombang cahya ingkang dugi boten mbengkok malih, nanging dipunpecah dados puluhan, atusan, utawi éwonan gelombang. Gelombang-gelombang kalawau bakal nyawiji malih lan mbentuk satunggaling gelombang jangkep ingkang énggal.

Aplikasi HOE lan DOE inggih punika:

  • Sistem komunikasi mawi médhia optik
  • CD (compact disk) (cakram kompak)
  • Aplikasi-aplikasi arsitektural (seni yasan)
  • Finger print sensor (sensor sidik jari)
  • Prosès pangolahan informasi

Holographic memory[besut | besut sumber]

Pangrembakanipun tèknologi holografi ugi dumugi menyang sistem nyimpen data[5]. Tegesipun kanggé nyiptakaken médhia panyimpen data mawi kapasitas ingkang lagkung ageng. Media-médhia panyimpen ingkang ngadhopsi prinsip=prinsip golografis dipunwastani holographic memory.

Dhasaripun, tèknologi holographic memory ngginakaken cahya kanggé nyimpen lan maos malih data utawi informasi. Sinar Laser (cekakan saking Light Amplification by Stimulated Emission of Radiation) ingkangg ngadhahi sipat monokromatik lan koheren dipunlewataken ing satunggaling pirantos ingkang dipunwastani ‘beam splitter’. Splitter punika mecah sinar LASER dados kalih, ingkang sapisan dipunwastani sinar sinyal utwai sinar ancas, déné ingkang kaping kalih dipunwastani sinar acuan. Dipunwastani sinar sinyal amargi sinar punika mbeta kodhe informasi utawi objek ingkang badhé dipunsimpen. Dipunwastani sinar acuan amargi minangka sinar ingkang dipunrancang miturut kekajenganipun, saéngga gampil lan prasaja kanggé dipunréprodhuksi amargi dipun-ginakaken minangka referensi.

Salah satunggaling tuladha saking holographic memory inggih punika kepingan holografis. Para panaliti saweg nyobi ngrembakakaken kepingan (CD) ingkang gadhah momotan panyimpenan holografis, saéngga saged nyimpen informasi mawi ukuran terabit. Prekawis punika dipunjalari ngepak data dados langkung mapat tinimbang tèknologi optis konvensional kados ta ingkang dipun-ginakaken ing DVD lan Blu-Ray ingkang satunggal keping cakram optis mawi kandel 1,5 mm saged nyimpen data 200 GB.

Holographic memory gadhah sawatawis kaluwihan tinimbang médhia panyimpen sanèsipun, inggih punika:

  • Holographic memory saged nyimpen data 2 dhimènsi, 3 dhimènsi, lan ugi data digital.
  • Kapasitas penyimpanan data langkung ageng, saged ngantos ping 27 langkung ageng saking kapasitas DVD ingkang dipun-ginakaken sapunika.
  • Prosès maos data langkung rikat, inggih punika 25 tikel langkung rikat tinimbang DVD.

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Dorling, K: "cahya laser", halaman 56. Jendela IPTEK Cahaya ,1997
  2. a b c d e Teknologi Holografi Multi-Touch Archived 2013-03-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 6 November 2012)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Hologram dan Holografi(dipunundhuh 9 November 2012)
  4. a b c Hologram[pranala mati permanèn](dipunundhuh 9 November 2012)
  5. Petterson, Sven-Goran: "médhia penyimpanan", halaman 95. Holography, 1989