Gendéra Antigua lan Barbuda

[1]Gendéra Antigua lan Barbuda dikenal ake ing tanggal 27 Fèbruari 1967 lan di ubah wujud déning panjenengané Reginald Samuels, ya iku salah sijiné guru sekolah. Srengéngé didadèkaké pralambang pamula era utawa jaman kang anyar. Werna ireng nglambangaké kaanan rakyat kang majoritas katurunan Afrika, warna biru kanggo pangarep-aper (harapan/gegayuhan) lan abang nglambangaké kanggo tenaga. Werna kuning, biru lan putih kang turut-turut nglambangaké srengéngé, Sagara lanpantai, tumuju aspek kreatif ingsakjroning gendéra mau.
Sejarah lan Asal-Usul Bendera Antigua lan Barbuda
Kados pundi ing nagara-nagara kolonial sanèsipun, Antigua lan Barbuda ugi naté ngalami owah-owahan desain bandera kaping pirang-pirang. Wiwitane, bandera nagari kapuloan punika gadhah desain prasaja ingkang ndherek pola bandera kolonial Krajan Inggris.[2]
Bandera punika gadhah latar wingking biru ngemu gambar Union Jack saha lambang kolonial. Lambang mau nggambaraké kaendahan alam ingkang nyawiji minangka pralambang éndahing nagari kapuloan punika. Bandera khas kolonial wau salajengipun dipun-gantos nalika Antigua lan Barbuda angsal kamardikan saking Inggris. Desain bandera ingkang dipun-ginakaken punika kapilih saking 600 peserta minangka péranganing sayembara nasional ing taun 1966. Kanthi resmi, bandera punika wiwit dipun-ginakaken tanggal 27 Februari 1967.[3]
Kamardikan Antigua lan Barbuda ingkang jumbuh lan sampurna dumados ing wulan November 1981. Nanging, nagari énggal punika mutusaké tetep ngginakaken bandera ingkang sampun dipun-perkenalaken nalika dados negara bagian gegandhèngan ing taun 1967.[4]
Uga delengen
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- ↑ "Gendera Antigua lab Barbuda".
- ↑ "Flags, Symbols & Currency of Antigua and Barbuda". WorldAtlas (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2020-11-25. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ "Flags, Symbols & Currency of Antigua and Barbuda". WorldAtlas (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2020-11-25. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ "Flags, Symbols & Currency of Antigua and Barbuda". WorldAtlas (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2020-11-25. Dibukak ing 2025-11-20.