Fénoménologi (filsafat)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Fénoménologi (saka basa Yunani phainómenon "sing kang katon" lan lógos "sinau") ya iku kajian filsafat saka struktur pengalaman lan kasadharan. Sawijining kiprah filsafat iki diyasa ing taun abad kaping 20 awal déning Edmund Husserl lan mengko ditambahi déning para pandhèrèkipun ing Universitas Göttingen lan Munich, Jerman. Kajian filsafat iki banjur nyebar menyang Prancis, Amérika Sarékat, lan liya-liyané, sanajan asring isi konteksé adoh saka karya Husserl kang wiwitan.[1]

Fénoménologi ora dianggep dadi kiprah tunggal; kepara, béda-béda panyerat nduwé sawijining èmper kulawarga sing umum nanging uga duwé akèh panemu kang séjé-séjé. Kaya pratèlan ing ngisor iki:

Wedharan sing unik lan final saka fénoménologi mbebayani lan mbok manawi malah dadi paradoks amarga tématiké kurang fokus. Ing kasunyatan, iku dudu dhoktrin, utawa studi filsafat, nanging sawijining pangira-ira, sawijining cara, pangalaman sing bébas lan kaanyari kanthi asil sing béda-béda, lan iki uga bisa nggawé samar sapa-sapa sing lagi nggolèki makna fénoménologi.[2]

Fénoménologi, ing konsèp Husserl, ya iku duwé pokok ing réflèksi sistematis lan studi struktur kasadharan uga fénoména kang kètok ing njero laku kasadharan. Fénoménologi jelas dibédakaké saka métode Kartesian sing nganggep donya iku minangka objék, kumpulan objèk-objèk, uga tumindak lan réaksi objék-objék siji mbaka siji. 

Konsèp fénoménologi Husserl dikritik lan dikembangaké déning siswa-siswané, kaya ta Edith Stein and Roman Ingarden, déning filsuf hermeneutik, kayata Martin Heidegger, déning èksistènsialis, kayata Nicolai Hartmann, Gabriel Marcel, Maurice Merleau-Ponty, Jean-Paul Sartre, lan déning filsuf liyané, kaya ta Max Scheler, Paul Ricoeur, Jean-Luc Marion, Michel Henry, Emmanuel Levinas, Jacques Derrida, lan ahli sosiologi Alfred Schütz lan Eric Voegelin.

Ringkesan[besut | besut sumber]

Sing paling dhasar, fénoménologi mbudidaya saprelu nggawé kahanan kanggo topik studi objèktif lumrahé dianggep subjèktif: kasadharan lan isi saka pangalaman sadhar kayata deduga, persèpsi, lan èmosi. Sanajan fénoménologi ya iku studi élmiyah, nanging ora nyoba kanggo sinau kasadharan saka perspèktif psikologi klinis utawa néurologi. Nanging, fénoménologi nggolèki liwat bayangan sistematis kanggo nemtokaké sipat-sipat lan struktur-struktur wigati saka pangalaman.[3]

Ana sawetara pemanggih fénoménologi sing nerangaké sawijining dhasar:

  1. Nulak konsép risèt objèktif. Fénoménologis milih ngelompokaké panemu liwat prosès sing disebut epoché fénoménologis.
  2. Fénoménologi pracaya yèn nganalisa saben prilaku manungsa bisa nyedhiyani siji karo nambahi pangertèn marang alam.
  3. Uwong-uwong kudu didlajahi. Iki amarga saben uwong bisa dimangertèni liwat cara kusus kang nggambaraké masarakat sing manggon ing kana.
  4. Fénoménologis seneng nglumpukné 'capta', utawa pangalaman sadhar, tinimbang namung data tradisional.
  5. Fénoménologi dianggep duwé tujuan panemon, mulané fénoménologis nglumpukné risèt migunakaké cara sing ora pati rupak dibandhingké karo studi kawruh liyané.[4]

Husserl ngedhunké akèh konsep fénoménologi sing wigati saka karya lan sesorah saka guru, filsuf, lan ahli psikologi jenengé Franz Brentano lan Carl Stumpf.[5] Sawijining unsur wigati saka fénoménologi sing Husserl silih saka Brentano ya iku intènsionalitas, pamanggih yèn kasadharan mesthi tetep kasadharan saka apa-apa. Objèk kasadharan diarani objèk sing disengaja, lan objèk iki wis diwènèhi wewenang kanggo kasadharan ing warna-warna cara, kayata liwat pamahaman, memori, penylametan, teges, lan sapanunggalané. 

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Zahavi, Dan (2003), Husserl's Phenomenology, Stanford: Stanford University Press 
  2. ^ Farina, Gabriella (2014) Some reflections on the phenomenological method. Dialogues in Philosophy, Mental and Neuro Sciences, 7(2):50-62.http://www.crossingdialogues.com/Ms-A14-07.htm
  3. ^ Menon, Sangeetha; Anindya Sinha; B.V. Sreekantan (2014). Interdisciplinary Perspectives on Consciousness and the Self. New Youk, Dordrecht, London: Springer. k. 172. ISBN 978-81-322-1586-8. Dijupuk 17 December 2015. 
  4. ^ Orbe, Mark P. (2009). Phenomenology. In S. Littlejohn, & K. Foss (Eds.), Encyclopedia of communication theory. (pp. 750-752). Thousand Oaks, CA: SAGE Publications, Inc.
  5. ^ Rollinger, Robin (1999), Husserl's Position in the School of Brentano, Kluwer