Endotoksin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Struktur umum lipopolisakarida

Endotoksin ya iku toksin nalika baktèri gram negatif arupa lipopolisakarida (LPS) ing membran jaba saka dinding sèl kang nalika keadaan tertentu kanti sipat toksik ing inang tertentu.[1] Lipopolisakarida iki ingaran endotoksin amerga terikat ing baktèri lan dicolake nalika mikroorganisme ngalami lisis utawa pecahé sèl.[1] pira-pira uga dicolaké nalika penggandaan baktèri.[2] Komponen toksik ing LPS ya iku bagiyan lipid utawa lemak, kang ingaran lipd A.[2]. Komponen lipid A iki dudu struktur makromolekuler tunggal ateges kasususun kompleks saka residu-residu lipid.[2] Endotoksin manung ana ing baktèri gram negatif awujud basil/batang lan kokus lan ora saécara aktif dicolaké saka sèl sarta bisa ngakibataké demam, syok, lan gejala lliyan.[2]

Endotoksin ya iku LPS sawentara eksotoksin ya iku polipetida; enzim-enzim kang ngasilaké LPS kasebut dikodekake déning gen-gen ing kromosom baktèri ketimbang plasmid utawa DNA bakteriofage kang racaké ngkode eksotoksin.[2] Toksisitas endotoksin luwih endek ketimbang karo eksotoksin, nanging pira-pira organisme duwé endotoksin kang luwih efektif ketimbang kang liya.[2] Endotoksin ya iku antigen kang lemah lan nginduksi antibodi kanti lemah saéngga ora cocog digunakaké minangka antigen sajrone vaksin.[2] Keberadaan endotoksin tanpa baktèri penghasile wis cukup kanggo nimbulake gejala keracunan ing inang contoné keracunan pakanan amerga endotoksin kang dikasilake déning baktèri Salmonella.[2][3]

Dampak[besut | besut sumber]

Efek biologis saka endotoksin yaitu:

  1. Demam amerga pelepasan makrofag déning interleukin-1 kang beraksi amerga punjer pengaturan témperatur hipotalamus.[2] Saliyané iku, demam uga bisa disebapake amerga endotoksin bisa micu pelepasan protein pirogen endogen (protein ing jero sèl) kang ngaruhi punjer pengatur suhu awak ing jero utek.[3]
  2. Hipotensi amerga meningkate permeabilitas pembuluh darah.[2]
  3. Aktivasi jalur alternatif saka jalur komplemen saéngga kadadéan peradangan lan kerusakan jaringan.[2]
  4. Aktivasi makrofag, peningkatan kemampuan fagosit, lan aktivasi saka klon limfosit B kang akèh saéngga ningkatake produksi antibodi.[2]

Efek langsung utawa tak langsung liya saka endotoksin kalebu stimulasi pembentukan sèl granulosit, penggumpalan lan degenerasi saka sèl trombosit.[4]

Sumber[besut | besut sumber]

Neisseria meningitidis
N.meningitidis ya iku baktèri gram negatif awujud kokus kanti kapsul polisakarida lan sak orane 13 jinis serotipe kang béda .[5] Endotoksin ing diding sèl N. meningitidis ya iku lipopolisakarida kang meh padha karo liopolisakarida kang ana ing baktèri gram negatif kanti wujud batang.[5]

Haemophilus influenzae
H.influenzae ya iku bagiyan saka mikroflora normal ing bagiyan nduwur saluran pernapasan ing manungsa. H.influenzae obah ing antarané sèl-sèl epitel ing saluran pernapasan kanggo nginvasi lan nyebapake lelara.[5] H.influenzae duwéni endotoksin kang bisa menyebapake peradangan lan sebagiyan diasosiasikan karo kejut septik.[5]

Deteksi dan Eliminasi[besut | besut sumber]

Limulus Amebocyte Lysate (LAL) kanggo deteksi endotoksin

Deteksi lan eliminasi endotoksin wis dadi masalah bertahun-taun kanggone indhustri farmasi lan piranti-piranti kedhokteran.[1] Contohe pemberian obat kang terkontaminasi;; denig endotoksin bisa nyebapake komplikasi utawa kematian marang pasien.[1] Selain itu, endotoksin uga dadi masalah kanggone wong kang makarya karo kultur sèl lan rekayasa genetika.[1] Mangka iku, dikembangake métodhe kanggo ndeteksi lan mengeliminasi endotoksin.[1] Prosedur kasebut kudu sensitif banget saéngga bisa ndeteksi endotoksin nganti 0,25 endotoxin unit (E.U.) utawa setara karo 0,025ng/ml.[1] Salah siji prosedur kang paling akurat ya iku uji Limulus amoebocyte lysate (LAL) kang andhedhasar marang observasi pembentukan gel beku sewaktu endotoksin bersentuhan karo protein pembeku saka amoebocytes Limulus kang bersikulasi.[1] Perangkat uji iki kasusub saka kalsium, enzim propembekuan (proclotting) lan senyawa propenggumpalan/prokoagulan (procoagulan).[1] Enzim proclotting bakal teraktivasi déning endoktoksin lan kasium kanggo membentuk enzim pembeku (clotting enzyme) kang bakal nugel prokoagulan dadi subunit polipeptida (koagulogen).[1] Subunit-subunit kasebut bakal gabung minangka ikatan disulfida minangka gel beku.[1] Banjur dilakukake métodhe spektrofotometri kanggo ngukur jumlah protein kang tergumpal ing lisat kasebut kang ngendi bisa dideteksi nganti 10pg/ml lipopolisakarida.[1][3] Tes iki bisa kanggo ndeteksi endotoksin ing jero serum, cuwèran serebrospinal, wedang, lan cuwèran kanggo injeksi lan obat.[3]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l Prescott LM, Harley JP, Klein DA. 2002. Microbiology 5thedition. Boston: McGraw-Hill.
  2. ^ a b c d e f g h i j k l Levinson W. 2008. Review of Medical Microbiology & Immunology, Tenth Edition. New York: The McGraw-Hill Companies, Inc
  3. ^ a b c d Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorgnisms. New Jersey: Pearson Prentice Hall.
  4. ^ Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Kayser
  5. ^ a b c d Gandhi M, et al. 2004. Blueprints Notes and Cases Microbiology and Immunology. Malden, Mass: Blackwell Pub.

Pranala njaba[besut | besut sumber]