Menyang kontèn

Embung Bedhugan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Embung Bedhugan
ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦧꦼꦣꦸꦒꦤ꧀
Peta
JinisPapan wisata banyu
PapanDhusun Bedhugan, Padukuhan Bedhugan, Kalurahan Plèrèt, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta
Dibuka2013 (kira-kira)
Kang ngrumatPadukuhan Bedhugan
StatusDibukak (saben dina)
Sarana
  • Cakruk
  • Blumbang
  • Kakus

Embung Bedhugan (Carakan: ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦧꦼꦣꦸꦒꦤ꧀; basa Indhonésia: Embung Bedukan) ya iku papan wisata kang awujud wadhuk tiron lan diyasa déning Papréntahan Dhaérah Kabupatèn Bantul ing Dhusun Bedhugan, Padukuhan Bedhugan, Kalurahan Plèrèt, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Papan iki diadegaké kanthi ancas kanggo nyukupi kabutuhan ruang terbuka hijau (RTH) utawa papan tinarbuka ijo lan bangkas conto invèstasi ijo ing Kabupatèn Bantul. Saliyané iku, embung iki uga dadi pilihan papan kanggo mancing lan sarèh.

Mula bukané

[besut | besut sumber]

Embung iki kalebu salah siji papan wisata umum ing Kabupatèn Bantul,[1][2] prenahé + 6,5 kilometer sisih kulon Pucak Sosok, ya iku ing Dhusun Bedhukan, Padhukuhan Bedhugan, Desa Pleret, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Salah siji kagunané ya iku kanggo nyimpen banyu saka saluran drainase kang asalé saka omah-omah ing sakiwa-tengené, uga kanggo nyegah banjir lan laladan garing.[3] Kanthi anané wadhuk iki, banyu udan ora langsung mili menyang kali, nanging diklumpukaké supaya bisa dianggo ngilèni sawah.[4]

Embung iki diyasa minangka program conto invèstasi ijo Papréntahan Dhaérah Kabupatèn Bantul lan papan mancing. Wondéné kuwi, ancas panganggoné luwih dadi papan wisata tinimbang tandhon simpenan banyu, amarga papané cedhak karo kali.[5][6] Nganti taun 2023, embung kasebut bisa dianggo kanthi becik, malah nembé dirembaka déning Satuan Kerja Program Penataan Lingkungan Permukiman Berbasis Komunitas (PLPBK). Bebanton saka kamitran iku dianggo bangun cakruk lan dalan menyang papan kasebut. Kanthi anané cakruk, embung iki dadi luwih becik minangka papan wisata.[6]

Kahanan

[besut | besut sumber]
Cakruk ing Embung Bedhugan.

Embung iki mapan rada ndhelik amarga adoh saka dalan lumebu lan luwih dingertèni minangka papan kanggo mancing. Pérangan tengah embung kasebut didegake cakruk kanthi ancas papan kanggo sarèh lan rembugan, déné ing saubengané digawé taman cilik kanggo ngapikaké papan kasebut. Salah siji sarana ing papan iki ya iku kakus, nanging mung bisa dianggo yen petugas kang nggawa kunci mbukak. Ing tembé ngarep, papan kasebut bakal dirembaka minangka punjer indhustri kreatif ing sakiwa-tengené wewengkon kasebut. Nganti taun 2023, embung iki dadi papan pilihan kanggo mancing lan sarèh ing wayah ésuk lan soré.[5]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Sudarmanto; Faizal, Edi (Sèptèmber 2019). "Analisis Potensi Wisata dengan Metode Smart Berdasarkan Pendekatan Community-Based Tourism". Fahma (Jurnal Informatika Komputer, Bisnis, dan Manajemen). 17 (3): 1–15. ISSN 2715-2944. Diarsip saka sing asli ing 2023-09-26. Dibukak ing 2023-09-17.
  2. Harumawan, Sinatriyandika (29 Oktober 2021). "Semarak Gebyar Pleret Meriahkan Hari Sumpah Pemuda". Harian Merapi. Dibukak ing 22 Januari 2022.
  3. Setiadi, Amos; Fransisca, Yunike (2018). Profil Wisata Kecamatan Pleret, Kabupaten Bantul (PDF). Bantul: Program Kemitraan Masyarakat (PKM) Penataan Kawasan Wisata Puncak Sosok. kc. 16.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link) CS1 maint: url-status (link)
  4. Direktorat Lingkungan Hidup Deputi Bidang Sumber Daya Alam dan Lingkungan Hidup (2013). Kumpulan Pemikiran Pengembangan Green Economy di Indonesia (Tahun 2010–2012). Jakarta: Kementerian Perencanaan Pembangunan Nasional/Badan Perencanaan Pembangunan Nasional. kc. 67. ISBN 978-602-1980-22-4.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  5. a b Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul (23 April 2019). "Embung Bedukan". Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul. Diarsip saka sing asli ing 16 July 2020. Dibukak ing 12 Agustus 2020.
  6. a b Priyana, Nanang (Dhésèmber 2013). "Geliat Ekonomi dari Penataan Lingkungan Permukiman Berbasis Komunitas (PLPBK) Pleret" (PDF). Mewujudkan Impian dalam Menata Permukiman. Jakarta: Kementerian Pekerjaan Umum Direktorat Jenderal Cipta Karya: 46–48. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2022-01-03. Dibukak ing 2023-09-17.

Pranala jaba

[besut | besut sumber]