Dolanan tradisional

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     

Dolanan tradhisional ya iku dolanan sing dilakokaké nganggo prinsip utaman norma lan adat-istiadat sing wis ana kanthi turun-tumurun. Artiné cara dolanan lan tembang sing kanggo ngiringi dolanan saka mbiyèn tekan saiki isih tetep padha, manawa ana owah-owahan amung bates ing piranti utawa piranti sing digawé lan dipadaké ing jaman saiki. Perkara sing mangkono iki esih bisa ditemoni ing kacamatan Ngawèn, kabupatèn Klathèn, Jawa Tengah, taun 2002 mbiyèn.Dolanan tradhisional iki, duwé fungsi kang apik lan migunani kanggo perkembangan fisik lan méntal. Saka segi fisik dolanan tradhisional dianggep pakaryan kang majibaké pemainé kudu lumayu lan saka prakara iki fungsiné bisa nguataké otot-otot sikil utawa tangan. Kanthi mangkono iku bisa macu pertumbuhan fisik anak sing dolanan. Tuladhané dolanan sing nggunakaké kakuwatan fisik ya iku béténgan, gobag sodor, kucingan, geblèkan lan liya-liya manèh. Ing dolanan mau juru main kudu lumayu lan oyak-oyakan. Saliyané iku ana sing ora migunakaké kakuwatan fisik nanging luwih nekanaké ing olah pikir tuladhané kemampuan basa, ngitung, gawé siasat, ngatasi ambatan, lan nglatih daya éling. Tuladhané dolanan sing nekanaké ing olah pikir ya iku dhakon, pasaran, macanan, dham-dhaman, lan endhog-endhogan.[1]

Sayangé, kabéh mau ing éra modérn saiki dolanan tradhisional wis wiwit kagésèr lan diganténi karo dolanan modérn. Dolanan tradhisional wis jarang didolanaké bocah cilik-cilik. Perkara iku mau amargané anané prabawa kabudayan modérn, lingkungan sing wis malik lan iklim kanggo dolanan sing ora kondusif. Kamangka miturut [buku 1 Soemarso, dolanan tradhisional nglungguhi posisi sing wigati ing kauripané masarakat lan uga sumber daya sing cukup gedhé, saliyané iku kanggo nanemaké sikap lan ketrampilan, kanggo wadhah hiburan utawa nyaluraké kréativitas ing wektu luang lan kanggo sarana sosialisasi.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "DHAKON". Diarsip saka sing asli ing 2010-06-13. Dibukak ing 2012-06-06.