Disleksia
Disleksia iku saka basa Yunani.[1] Saka tembung Dis lan Leksis, tembung Dis tegesé angèl. Tembung Leksis duwé teges Basa.[2] Dadi disleksia iku kaangelan ana ing babagan basa. Kaangelan ana ing babagan ya iku ngeja, maca lan nulis.[3] Bocah kang kena disleksia anggoné weruh tulisan, tulisan iku kaya wolak-walik, iki gawé bocah angèl maca lan éling.[2]
Jinising disleksia
[besut | besut sumber]Disleksia kapérang dadi 2 jinis ya iku[4] :
- Developmental dyslexia lan acquired dyslexia. Developmental dyslexia ya iku gawan saka lair lan amarga faktor gènètis utawa trah. Disleksia jinis iki digawa saumur urip utawa ora bisa mari, ora mung angèl maca nanging uga angèl ngéja, nulis, lan sapérangan babagan basa liyané. Nanging panyandang disleksia duwé kacerdasan normal, malahan ana sing ana ing duwuré bocah biyasa.[3]
- Developmental dyslexia ya iku bocah iki awalé pancèn normal nanging wektu diwasa duwé lara ana ing utek pérangan kiri lan bisa nyebabké dadi disleksia.
Perkara kang racaké disandang wong disleksia ya iku[4]:
- Perkara babagan nyusun kanthi urut. Bocah panyandang disleksia duwé kangèlan nyusun kanthi urut, kaya ta nyusun sasi, nyusun dina, nyusun angka lan huruf.
- Perkara babagan Fonologi, kang diarani prakara babagan fonologi ya iku gayutan sistematik antarané huruf lan suara.Tuladhané bocah angèl bedakake “paku” karo “palu”, utawa bocah angèl mahami tembung-tembung kang mandan padha, tuladhané “limangewu” karo “limangatus”. Iki udu disebabaké masalah pangrungon, nanging amarga babagan prosès anggoné ngolah input ana ing utek.
- Perkara babagan ngeling omongan. Akèh bocah panyandang disleksia duwé kacerdasan normal utawa nduwur normal, nanging dhèwèké angèl anggoné ngeling omongan. Kaya ta angèl nyebutake jeneng kanca-kancane lan lewih milih nyebut nganggo “kancaku ana ing sekolah”. Dhèwèké bisa njelaskaké carita, nanging ora bisa ngeling jawaban kanggo pitakonan kang prasaja.
- Perkara babagan sintaksis. Bocah disleksia bingung ana ing babagan tata basa kaya ta, dhèwèké nganggo 2 basa kang duwé tata basa kang béda kanthi wektu bebarengan.
Carane Ngobati Disleksia
[besut | besut sumber]Diseleksia miturut para ahli bisa ditambani kanthi cara:
- Educational approachdan phonic lessons
Education approach phonic lessons ya iku manawa wong tuwa utawa guru nyurigani bocah iku disleksia, rikat-rikat konsultasi karo psikolog utawa klinik.
- Multi-sensory
Multy-sensory ya iku bocah diajarke ngeja ora mung apa sing di rungokake banjur di omongke, nanging uga nganggo visual lan taktil. Supaya utek bisa ngeling aksara-aksara manèh.
- Mbangun rasa percaya marang awake dhewek
Rasa percaya marang awake dhewek ya iku ngrangkul anak supaya mahami awake dhewek, kalewihan lan kekurangan kang ana ana ing awake. Supaya anak ora mikirake kekurangane waé lan ora pesimis.
Wong-wong sukses lan misuwur kang nyandang disleksia
[besut | besut sumber]Ana sapérangan wong kang nyandang disleksia iku duwé kalewian, kaya ta : problem-solving, daya imajinasi lan kreativitas ana ing duwuré wong normal , kang ana ing utek kanan.[5]
Wong-wong kang nyandhang disleksia nanging bisa sukses[2] :
- Albert Einstein : Wong kang nemu hukum relatifitas.
- Leonardo Da Vinci : Wong kang ahli matematik, insiyur lan seniman.
- Tom Cruise : Aktor saka Hollywood.
- Orlando Bloom : Aktor saka Hollywood[5]
- Walt Disney : Produser filem Amérika
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ penanganan anak dislexsia di sekolah[pranala mati permanèn]
- ↑ a b c "Apa itu Disleksia". Diarsip saka sing asli ing 2012-06-29. Dibukak ing 2012-09-20.
- ↑ a b mengenal disleksia dan mengatasinya
- ↑ a b apa itu disleksia
- ↑ a b kisah penderita disleksia