Intèlijen
Intèlijen (basa Inggris: intelligence) iku informasi kang diregani amarga katepatan wektu lan relevansiné, dudu detil lan kaakuratané, béda karo "data", kang wujud informasi kang akurat, utawa "fakta" kang wujud informasi kang wis diverifikasi. Intèlijen kadhangkala ingaran "data aktif" utawa "intèlijen aktif", informasi iki lumrahé ngenani rencana, kaputusan, lan kagiyatan sawiji pihak, kang wigati kanggo ditindak-lanjuti utawa dianggep aji saka sisih organisasi pangumpul intèlijen. Sajeroning dinas intèlijen lan dinas kagandhèng liyané, intèlijen minangka data aktif, ditambah prosès lan asil saka pangumpulan lan analisa data mau, kang kadhapur déning jaringan kang kohèsif.
Tembung intèlijen uga kerep dianggo nyebut pelaku pangumpul informasi iki, miangka sawijining dinas intèlijen utawa agèn.
Badan intelijen
[besut | besut sumber]Lumrahé saben nagara ndarbèni badan-badan utawa lembaga intèlijen, kang madeg dhéwé utawa ana ing sangisoré badan liya. Ana badan intelijen kang diweruhi publik utawa sipaté sesidheman (rahasia).
Sawetara badan Intèlijen kang kaloka ing donya antarané:
- CIA (Cithakan:Country data amerika sarékat Amérikah Sarékat)
- KGB (Cithakan:Country data uni soviet Uni Soviet)
- FSB ( Ruslan)
- MI5 ( Karajan Manunggal)
- MI6 ( Karajan Manunggal)
- Mossad ( Israèl)
- BIN ( Indhonésia)
- STASI (Jerman Wétan)
- ASIO (Cithakan:Country data australia)
- ASIS (Cithakan:Country data australia)
- DIE (Cithakan:Country data rumania)
Wacan terusan
[besut | besut sumber]- Maulani, Z.A. Letjen (Purn), Dasar-dasar Intelijen (Bagian 1), 28 Fèbruari 2006
- Maulani, Z.A. Letjen (Purn), Dasar-dasar Intelijen (Bagian 2-Selesai), 28 Fèbruari 2006
- Intelijen: Empat Konfigurasi Intel Archived 2006-05-04 at the Wayback Machine.
- ISRIA, PDF, Peran Sumber Terbuka dalam Intelijen, 31 December 2005.