Menyang kontèn

Dandelion

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Randa Tapak
bunga Randa Tapak
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Asterales
Famili: Asteraceae
Génus: Taraxacum
Cass.
Species

See text

Kêmbang Randha Tapak (Ind: Dandelion) ya iku salah sijiné jinising tetuwuhan kang lumrahé dadi mungsuhé suket ing pinggiring kutha, nanging duwé nutrisi sing ora lumrah. Kêmbang iki uga duwé jeneng ilmiah ya iku Taraxacum officinale.[1] Manawa ing désa-désa, kêmbang Randha Tapak kerep dinggo pakan ternak kaya ta truwèlu, wedhus, apa déné sapi.

Tetenger

[besut | besut sumber]

Compositae tumeka watês pupunjung (Ind: ekstrem) ana ing jangkah maju evolusi, saka sasijen (Ind: individu) kembang sing cetha maring kembanging kembang sing uga cetha, sing kasusun saka klumpukan kembang-kembang kang cilik. Apa sing lumrahé karan kembang ing suku iki ya iku ing kanyatan wujud sabonggol (ya iku sawijining kembanging kembang sing kasusun saka kembang-kembang kang ora duwé gagang, karan florent, sing trubus ana ing panyangganing kembang) sing dikupengi déning pembalut braktea sing meh padha karo klopak. Jeneng Compositae iku sinartan watêk pakeh (Ind: majemuk) wawangun (Ind: struktur) saka apa sing kanthi salah kaprah wong-wong ngarani 'kembang'. Watêk nêtêp (Ind: konstan) liyané saka suku iki ya iku sirah sari sing gunane dadi satabung. Ana manéka suku manèh sing wujud kembang-kembang cilik dan manglumpuk kaya mau kaya ta, Proteaceae, nanging suku iki duwé babakal woh sing numpaki, sirah sari sing ucul lan prabedan-prabedan liyané ing antarané Compositae.[2]

Kêmbang Randha Tapad iku kabèh pérangané duwé piguna kang mawarna-warna. Godhongé ngandhutpkadhar vitamin A, C, D, lan B kompleks, dat wêsi, magnesiyum, sèng, kaliyum, mangaan, tembaga, kolin, kalsiyum, boron lan silikon. Kajaba dat iku, ana dat sing mobah (Ind: aktif) aktif sajeroning kembang Randha Tapak, ya iku eudesmanolide lan germacranolide minangka substansi utawi pérangan khas tetuwuhan iki. Saka dat-dat (Ind: zat-zat) sing kaandhut iku mau, sronggote bisa nambani prakara lelara liver lan saluran empedu.[3]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Yudy Alexander. 2008. Herbalism A to Z. Prestasi Pustaka: Jakarta.ISBN 978-602-8117-26-5
  2. A.R. Loveless. 1989.Prinsip-prinsip Biologi Tumbuhan untuk Daerah Tropik 2. Gramedia: Jakarta.
  3. Yudy Alexander. 2008. Herbalism A to Z. Prestasi Pustaka: Jakarta.