Daeng Soetigna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Daeng Soetigna
COLLECTIE TROPENMUSEUM Portret van de muziekpedagoog Daeng Sutigna TMnr 20000362.jpg
Daeng Soetigna (1971)
Lair13 Mèi 1908
Indonésia Garut, Indonesia
PatiApril 8, 1984(1984-04-08) (umur 75)
Indonésia Bandung, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanPamusik, juru main angklung
Kondhang ingPangripta angklung diatonis

Daeng Soetigna ya iku sawijining guru kang luwih kondhang minangka pangripta angklung diatonis. Karya iki kang kasil ndobrak tradisi, gawé piranti musik tradisionil Indonesia bisa mainake musik-musik Internasional.

Biografi[besut | besut sumber]

Mangsa Cilik[besut | besut sumber]

Daeng Soetigna lair ing Garut tanggal 13 Mèi 1908. Amargga wong tuwané loro kalebu bangsawan Sunda, Daeng bisa ngrasakake pendhidhikan jaman Walanda kang nalika iku isih winates tumrap pribumi[1].

Kulawarga[besut | besut sumber]

Daeng Soetigna kawing kaping pindho:

  1. Bojo pisanan ya iku Ugih Supadmi (kawin taun 1930, lan pungkasane pegatan), duwé anak telu ya iku: Aam Amalia, Tedja Komala, lan Emma
  2. Bojo kapindho ya iku Masjoeti (kawin taun 1938), duwé anak papat: Iwan Suwargana, Erna Ganarsih, Itin Gantinah, lan Utut Gartini.

Karir[besut | besut sumber]

Sawisé tamat saka HIS, Daeng Soetigna dadi guru.

  1. Taun 1928, dadi guru ing Schakelschool Cianjur
  2. Taun 1931, dadi guru HIS ing Kuningan
  3. Taun 1942, bebarengan tekane Jepang, HIS dadi SR (Sekolah Rakyat), lan Daeng kaangkat dadi kepala sekolah
  4. Taun 1947, kutha Kuningan dilungguhi NICA, saéngga Daeng lan kulawarga ngalih ing Nyayogyakarta.
  5. Taun 1948, Daeng ngalih ing Bandung lan dadi kepala sekolah SD

Mangsa Tua[besut | besut sumber]

Daeng pensiun minangka pagawé nagari sipil taun 1964 (nalika umur 56 taun). Sabubare ngrampungaké tugas saka pamaréntah, Daeng aktif ngrembakake angklung. Dhèwèké gladhen ing manéka golongan angklung kaya ta SD Soka, SD Santo Yusup, lan SD Priangan. Kajaba iku uga ing pakumpulan ibu-ibu Militer utawa suster di gréja RS Borromeus. Lumantar jasa-lelabuhané, ing mangsa tuwané iki Daengwiwit éntuk manéka bebungah, kalebu SATYA LENCANA KEBUDAYAAN saka Présidhèn RI.

Sawisé suwé anggoné ngrembakakake musik angklung saka kelas pengemis tekan kelas konser, Daeng Soetigna tilar dunya tanggal 8 April 1984, lan disarekake ing Cikutra, Bandung.

Karya[besut | besut sumber]

Karya paling gedhene Daeng Soetigna ya iku modifikasi Angklung kang biyene duwé nada pentatonis dadi diatonis. Angklung iki banjur dijenengi kaurmatan ya iku Angklung Padaeng. Kajaba iku, Daeng uga sawijining komposer kang wis nulis puluhan aransemen lagu angklung.

Guru[besut | besut sumber]

Sajeroning nyipta angklung, Daeng Soetigna maguru marang:[1]

  • Pangemis tuwa (jenenge ora kacathet), kang mainake lagu "Cis kacang Buncis" kanthi angklung tradhisional. Daeng banjur tuku piranti angklung mau, lan éntuk inspirasi nggunakaké angklung minangka piranti mulang kagunan musik, nggenteni piranti kaya ta mandolin lan piyul kang nalika iku isih larang banget.
  • Pak Djaja (kawaca Jaya), sawijining empu panggawé angklung kang nalika iku wis tuwa. Pak Djaja kanthi seneng nrima ide Pak Daeng kanggo gawé angklung diatonis, lan nurunake pangalaman puluhan tahune, saéngga angklung kanthi tangga nada diatonis mau kasil kawujud.
  • Pak Wangsa, ya iku wong tani kang ngandani yèn pring kang awet iku pring kang yèn dikethok nalika uir-uir bisa muni. Kabèh mau ya iku tandha mangsa katiga wis wiwit lan pring nalika iku garing.

Murid[besut | besut sumber]

Minangka guru, Murid Daeng Soetigna akèh banget. Nanging ana sapérangan murid-murid mau kang kasil dadi tokoh-tokoh angklung ya iku:[2]

  • Udjo Ngalagena, minangka murid kang umuré tuwa dhéwé, banjur kondhang minangka pangadeg Saung Angklung Udjo.
  • Obby A. Wiramihardja, ya iku murid paling nom kang candhaké sregep banget anggoné nggladhi angklung ing manéka sekolah ing Bandung, lan yasa pakumpulan Kabumi
  • Handiman, murid kang marisi ketrampilan minangka empu angklung.
  • Edi Permadi, murid kang kaanggep paling jago anggoné gawé aransemen lagu angklung.
  • Moh. Hidayat Winitasasmita
  • Agam Ngadimin
  • Sanu'i Edia
  • Opan Sopandi
  • Erwin Anwar
  • Satiamihardja

Bebungah[besut | besut sumber]

Bebungah kang diwènèhake Daeng ya iku:

  1. Piagam Bebungah, tumrap Jasane sajeroning Babagan Kasenian Khususe lan Kabudayaan Lumrahé, saka Gubernur Jawa Barat Brigjed Mashudi, 28 Fèbruari 1968.[1]
  2. Piagam Bebungah, jronong ngrembakake panuwuhan, pamekaran, lan pangembangan kaseniang angklung ing kutha krajan, saka Gubernur DKI Jakarta, Ali Sadikin, 10 September 1968.[1]
  3. Tandha Kaur Satyamatan Lencana Kebudayaan, saka Présidhèn Republik Indonesia, Jend. Soeharto, 15 Oktober 1968.[1]
  4. Piagam Bebungah, lumantar lelabuhané anggoné mènèhi pembinaan lan pangembangan kagunan daerah, khususé kagunan Angklung, saka Gubernur Jawa Barat H.A. Kunaefi, 17 Agustus 1979.[1]

Sawisé tilar dunya, Daeng isih terus nampa bebungah, ing antarané:

  1. Piagam Bebungah, minangka perintis Pembangunan Pariwisata Jawa Barat, saka Gubernur Jawa Barat, R. Nuriana, 18 Fèbruari 1994.[1]
  2. Piagam Bebungah, seniman angklung kang wis ngreasekake lan nglestarekake jeneng Jawa Barat ing tingkat Nasional, saka Gubernur Jawa Barat, Danny Setiawan, 21 Juli 2005.[1]
  3. Piagam Bebungah lan Metronome Award 2006, minangka pangembang musik tradhisional Angklung, saka Pusat Persatuan Artis Penyanyi, Pencipta Lagu, dan Penata Musik Rekaman Indonesia, 21 Juli 2005.[1]
  4. Bebungah Nasional Hak Kekayaan Intelektual 2013, Pencipta Angklung, Mantri Hukum dan Hak Asasi Republik Indonesia, Amir Syamsudin, 26 April 2013.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i Tatang Sumarsono, Erna Ganarsih Pirous, Membela Kehormatan Angklung: Sebuah Biografi dan Bunga Rampai Daeng Soetigna, Yayasan Serambi Pirous, 2009.
  2. Helius Sjamsudin dan Hidayat Winitasasmita, Daeng Soetigna bapak Angklung Indonesia, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Sajarah dan Aji Tradisional Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Sajarah Nasional Jakarta, 1986.