Burgundian

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Burgundian (Latin: Burgundiōnes; Old Norse: Burgundar; Old English: Burgendas, Yunani: Βούργουνδοι) ya iku wong-wong saka suku Jermanik Wétan kang manawa wis nglakoké émigrasi saka daratan Skandinavia menyang pulo Bornholm, uga bisa diarani saka papan panggonané kang suwé ing Old Norse utawa Burgundarholmr (Pulo Burgundi) banjur lagi menyang dharatan Éropah.

Kamaharajan Romawi nalika masané Kaisar Hadrianus, nuduhaké papan panggonan golongan Burgundian Jerman, banjur mapan ana ing laladan Viadua (Oder) lan (Vistula)salah sawijining kali ing (Polen)

.

Jeneng[besut | besut sumber]

Jeneng Burgundi wiwit tetep kahubung karo laladan Prancis kang wis modern. Jeneng iki disandang karo bebrayan iki liwat sajarah. Antarané abad ke-6 lan ke-20, ana bates-bates lan koneksi pulitik laladan iki kang kerep gonta-ganti, ora ana siji-sijio owah-owahan-owah-owahan kang duwé gayutan karo Burgundi asliné. Burgundi jeneng kang digunakaké ing kéné lan lumrahé digunakaké karo penulis Inggris kanggo ngrujuk karo Burgundiones ya iku formasi kang luwih rikat ngacu karo penduduk wewengkon Burgundi, mulane wong-wongé karan Burgundiones. Keturunanné saka Burgundisaiki isih ditemuké mapan ana ing antarané Swiss barat lan Prancis.

Sejarahé[besut | besut sumber]

Papan dunungé Pulo Bornhold

Masa Tribal[besut | besut sumber]

Tradisi Burgundian saka laladan asalé Skandinavia ditemuké saka bukti jeneng lan bukti arkéologi (Stjerna) kang mertimbangké akèh tradisine [1]. Mungkin Skandinavia ana ing njaba sumber-sumber sajarah Romawi awal, Tacitus (cuma nyebutkan salah sawijining suku Skandinavia, para Suiones), sumber Romawi liyané ora nyebutke ing ngendi asal e Burgundi, sarta referensi Romawi pertama ngamot informasi yèn bangsa iki ana ing sisih wétan Kali Rhein [2]. Saliyané iku sumber Romawi awal nganggap iku cuman suku liyané saka Jermanik Wétan.

Ana sumber Þorsteins saga Víkingssonar [3], Veseti netepke ing pulau utawa bonggol, kang karan Borgund, ya iku Bornholm. Terjemahan Alfred kang Agung tentang Orosius nggunake jeneng Burgenda. Penyair awal mitologi negeske saka sumber awal abad pertengahan, Vita Sigismundi, kabèh mau tetep nyekel tradisi lésan bab asal Skandinavia [4]

Watara taun 250, populasi Bornholm ing (pulo Burgundi) sapérangan gedhé ilang saka pulau iku. Wong-wongé pada ora nganggo kuburan manèh, nanging ana kang isih nganggo kuburan.[5]

Sawisé patang puluh taun, Burgundi metu manèh. Bar narik pasukanné perang musuh Alaric I saka bangsa Viking taun 406-408, suku-suku ana ing sisih lor nyeberang Kali Rhine lan memasuki Kamaharajan ing Völkerwanderung, utawa milih migrasi Jermanik. Suku-suku kang nglakoké tindakan iku ya iku suku Alan, Vandal, Suevi, lan mungkin Burgundi. Burgundi migrasi saka kulon lan netep ing Lembah Rhine. Pérangan liyané saka Burgundi tetep tinggal mapan ana ing wewengkoné, ana kang milih uga dadi tentarané Attila saka Hun taun 451 [6][7]

Karajan kang Pisanan[besut | besut sumber]

Taun 411, raja Burgundia Gundahar utawa Gundicar ndiriké kaisar bonéka, Jovinus, kang kerja bareng Goar, raja Alans. Gudahar tetep nganggo [[budaya Gallo-Romawi [| Galia kaisar]] lan netep ing cedaké kali Rhine. Kaisar Honorius saka Romawi kanthi resmi "mènèhi" lemah kanggo Burgundian. Status kang anyar nggawé Burgundi dadi nagara fédherasi sak ngisore Romawi. Burgundian ora puas, banjur nyerang moro ing laladané Romawi ya iku Gallia nganti akir taun 436. Jenderal Romawi Aetius nganggo bala bayaran ing taun 437 kanggo numpas Burgundi. Gundahar mati ana ing pertempuran iku [8]

Karajan kang Keloro[besut | besut sumber]

Kanggo alesan kang ora bisa disebutké ing sumber-sumber, Burgundi di kei status fédherasi taun 443 dimukimké manèh karo Aetius pindah ing wewengkon "Sapaudia".[8] Ana raja anyar Gundioc utawa Gunderic, diprediksi iki anaké Gundahar, ngenteni wong tuwané [9]. Sejarawan Pline ngomong yèn Burgundi uga ndirikan Vienne dadi kutha krajané karajan Burgundi, nganti diserbu kaum Frank taun 534.

Burgundian dadi sekuthuné Aetius lan konfederasi Viking nglawan Attila ing [Pertempuran Châlons taun 451. Aliansi antarané Burgundi lan Viking kuat banget nganti bisa menangké wadyabala Romawi.

Karajan Burgundi anatarané taun 443 nganti 476 M

Dadi Kamaharajan[besut | besut sumber]

Taun 455, pemimpin Burgundian dianggep bahaya amarga matèni kaisar Petronius Maximus lan nggawe geger kutha Roma. Burgundi dadi karajan kang tumuwuh ing taun 456 ngadakaké ekspansi teritorial lan ngatur pembagian kekuasaané karo senator Romawi. Taun 457, Ricimer salah sawijining penguasa Burgundi nggulingké Kaisar Avitus, banjur terus berkuasa nganti taun 461 nganti matiné Ricimer. Nganti taun 474, prabawa Burgundia saya gedhé. Karajan Burgundi akhiré dibagi per penguasané, ana Gundobad lan seduluré, Godigise l, Chilperic II, lan Gundomar I.

Konsolidasi Karajan[besut | besut sumber]

Miturut Gregorius saka Tours, taun-taun sawisé Gundobad ngalami pergantian kekuasaan kang kebak paten-patenan. Gregorius ngomong nyataké Gundobad matèni seduluré Chilperic saudaranya, ngelelepké bojoné duluré dhéwé lan ngasingké anak wedoké duluré (salah sawijining iku bojoné Clovis saka Frank, lan critané duwé tanggung jawab bab pertobatanné). Sawisé ngonsolidasiké kekuasaané antarané 501 lan kematiannya pada taun 516, Gundobad dadi penguasa kang yasa pondasi Karajan Burgundi.

Kekuasanné Burgundi antarané taun 500

Tibané Karajan kang Terakhir[besut | besut sumber]

Para Burgundian ngeluaské kekuasaané wiwit saka Gaul nganti Italia lor, Swiss kulon, lan sapérangan wewengkon Perancis. Taun 493 Clovis, raja kaum Frank, ngawini putri penguasa Burgundi Clotilda (putri Chilperic), kang ngonversi Burgundi mlebu iman Katholik. Sakuthu pertamané Clovis ' ya iku bangsa Viking wiwit abad ke-6 awal, Burgundian akhiré ditaklukké karo kaum Frank taun 534 setelah upaya pertama dalam pertempuran ing Vézeronce lan didadekké siji karo karajanné Kaum Frank.

Burgundi dadi bagianné Kamaharajan Frank antarané taun 534 nganti 843

Basa[besut | besut sumber]

Burgundian nganggo basa Indo Jermanik mligi basa Jermanik Timur.

Agama[besut | besut sumber]

Awalé nganut agama Arianisme nganti ing masa pemerintahané Gundobad, banjur pindah nganut agama Katholik Roma.

Hukum[besut | besut sumber]

Burgundian ninggal telu kodhe hukum ya iku Lex Gundobada kang digawé Gundobad, Lex Romana Burgundionum (Hukum Romawi saka Burgundi), lan Prima Constitutio.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Musset, Lucien. 1975. The Germanic Invasions: The Making of Europe AD 400-600. University Park. Pennsylvania: The Pennsylvania State University Press.
  2. ^ Rolfe, J.C., trans, Ammianus Marcellinus. Cambridge, Massachusetts: Harvard University Press, 1950
  3. ^ The Saga of Thorstein, Viking's Son
  4. ^ Viktor Rydberg (1828-1895), (Our Fathers 'Godsaga)
  5. ^ Stjerna, in Nerman 1925: 176
  6. ^ Sidonnius Appolinarius, Carmina, 7, 322
  7. ^ Luebe. Die Burgunder. in Krüger II. hal, 373, ing njero Herbert Schutz. 2001. Tools, weapons and ornaments: Germanic material culture in Pre-Carolingian Central Europe, 400-750. BRIL. hal. 36
  8. ^ a b Prosper, Chronica Gallica 452; Hydatius, dan Sidonius Apollinaris
  9. ^ Drew, Katherine Fischer. The Burgundian Code. Philadelphia: University of Pennsylvania Press, 1972