Bonang barung
Bonang Barung yaiku salah sawijiné pérangan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni wujud pencu banjur diarani wujud Pencon.[1] Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog.[1] Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé.[1] Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang dhapuré kaya ambèn.[1] Pencon iku mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.[1]
Cara Nabuh
[besut | besut sumber]Bonang Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu iku mau sing pérangan dhuwur diblebet nganggo Kain lan pluntur]].[1] Cara nabuh bonang iku ana akèh pola tabuhané, yaiku pola tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané.[1]
Kagunaané Bonang
[besut | besut sumber]Bonang Barung iku gunané kanggo mbukani Gendhing.[2] Saliyané iku, Bonang Barung uga bisa kanggo nuntun alur Gendhing.[2] Khusus ing pola Mipil, Bonang barung iku bisa kanggo nuntun Instrumen liyané.[2] Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé pola lagu lan ing aksèn-aksèn wigati bonang gawé Sekaran kang racaké ana ing akir kalimat lagu.[2]
Bahan
[besut | besut sumber]Bonang iku ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).[2] Kang kagawé saka wesi iku racaké regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga.[2] Kuwi mau amarga yèn wesi iku ora nganggo campuran apa-apa.[2] Nanging yèn Tembaga iku nganggo campuran, campurané yaiku 7/3.[2] 7/3 iku maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi.[2] saliyané iku uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |