Menyang kontèn

Betharia Sonatha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Betharia Sonata
LairBetharia Sonata
Jeneng liyaBetharia Sonata
PakaryanPenyanyi
Taun aktif1981-ngantos sapunika

Sri Betharia Sonatha utawi misuwur minangka Betharia Sonata (lair ing Bandung, Jawa Barat, 14 Dhésèmber 1962; umur 63 taun) punika satunggalipun penyanyi lan bintang filem Indonesia.[1] Karieripun dipunlangkungi kanthi kaprigelanipun ing bab akting filem lan dados penyanyi pop.[1] Betha misuwur minangka penyanyi lagu Hati yang Terluka ingkang naté hit ing jaman taun 1990-an, lan lajeng nyusul album Seandainya ing taun 1995, Memoriku Di Karaoke ing taun 1997, Best of Betharia Sonatha Karaoke ing taun 1999, Melayu Deli Betharia Sonatha ing taun 1999, lan Platinum 22 Best Of Betharia Sonatha Vol. 002 ing taun 2003.[1] Wiwit terjun dados penyayi, Betharia Sonata sampun damel 30 album solo.[1] Panjenenganipun ngakeni saged pikantuk royalti Rp 100 juta per taun saking usahanipun ngantos sapunika.[1] Sanèsipun kanugrahan Golden Kaset, Betha ugi naté pikantuk 7 Golden Records.[1] Album-albumipun dipunwedalaken déning Musica Studio's.[2] Sanèsipun dados penyanyi, Betha ingkang agaminipun Islam punika ugi dados bintang filem "Kamus Cinta Sang Primadona" lan "Biarkan aku cemburu".[2] Sasampunipun pegatan kaliyan aktor Willy Dozan, Betha ugi ndhèrèk main filem FTV "Pak De" (2007) kaliyan Didi Petet.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 Betharia Sonata dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
  2. 1 2 3 Betharia Sonata:Semoga ini Pernikahan Terakhir Willy dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Betharia Sonata Archived 2009-07-01 at the Wayback Machine.