Alexander Graham Bell
Alexander Graham Bell | |
---|---|
Lair | 3 Maret 1847 Edinburgh, Sekotlan, Karajan Manunggal Agung |
Pati | 2 Agustus 1922 Beinn Bhreagh, Nova Scotia, Kanada | (umur 75)
Jalaran pati | Pernicious anemia |
Wiyata | University of Edinburgh University College London |
Pakaryan | Penemu, Ilmuwan, Profesor (Boston University) |
Kondhang ing | Penemu telepon |
Bojo | Mabel Hubbard (married 1877–1922) |
Anak | (4) Loro anak tilar donya ing mangsa cilik lan loro anak wadon. |
Wong tuwa | Alexander Melville Bell Eliza Grace Symonds Bell |
Dulur | Gardiner Greene Hubbard (Mertua) Gilbert Hovey Grosvenor (Keponakan) Melville Bell Grosvenor (cicit) |
Alexander Graham Bell (Edinburgh, Sekotlan, 3 Maret 1847 – Baddeck Nova Scotia, Kanada, 2 Agustus 1922) menika satunggiling penemu, ilmuwan, lan insinyur ingkang lair wonten ing Skotlandia nanging dados warga negara Kanada-Amerika. Karyanipun ingkang paling misuwur inggih punika nglamaraken paten telepon praktis ingkang sepisanan. Wonten ing warsa 1885, piyambakipun miwiti ngadegaken perusahaan American Telephone and Telegraph Company (AT&T).[1]
Karyanipun ingkang paling misuwur inggih punika nglamaraken paten telepon praktis ingkang sepisanan. Wonten ing warsa 1885, piyambakipun miwiti ngadegaken perusahaan American Telephone and Telegraph Company (AT&T). Latar mburi kulawarganipun ing babagan elokusi lan wicara, sarta ibu lan garwanipun ingkang tuli, gadhah pengaruh ageng dhateng karyanipun. Panalitènipun ing babagan krungu lan wicara ngasilaken penemuan telepon,[2] ingkang kangge piyambakipun nampi paten sepisanan saking Amerika Serikat wonten ing tanggal 7 Maret 1876.
Bell anggenipun ndeleng penemuan tilpun minangka gangguan dhateng karya ilmiah lan nampik gadhah telepon wonten ing ruang studinipun[3]. Ing pungkasan gesangipun, Bell nindakaken penemuan ing babagan telekomunikasi optik, hidrofoil, lan aeronautika. Minangka presiden kapindho saking National Geographic Society wiwit tanggal 7 Januari 1898 dumugi 1903, Bell gadhah pengaruh ageng dhateng organisasi lan majalahipun. Karyanipun ing babagan hereditas dipunanggep minangka studi bab warisan manungsa ingkang paling wigati lan migunani wonten ing Amerika abad kaping 19.[4] Sumbangan Bell dhateng ilmu dasar dipunpisahaken saking penemuanipun, ingkang minangka salah satunggaling aspek wigati saking warisanipun.
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Alexander Graham Bell Laboratory Notebook, 1875-1876". World Digital Library. 1875–1876. Dibukak ing 2013-07-23.
{{cite web}}
: CS1 maint: date format (link) - ↑ Bruce, Robert V. (1990). Bell: Alexander Bell and the Conquest of Solitude. Ithaca, New York: Cornell University Press. kc. 419. ISBN 978-0-8014-9691-2.
- ↑ MacLeod, Elizabeth (1999). Alexander Graham Bell: An Inventive Life. Toronto, Ontario: Kids Can Press. kc. 19. ISBN 978-1-55074-456-9.
- ↑ Stansfield, W. D. (2005-01-01). "The Bell Family Legacies". Journal of Heredity. 96 (1): 1–3. doi:10.1093/jhered/esi007. ISSN 0022-1503. PMID 15618310.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Alexander Graham Bell |
- Bell Homestead, National Historic Site
- Alexander Bell.com - Telecom Pionneers by Phonebook of the World.com
- Pidato Bell Archived 2004-11-13 at the Wayback Machine. di hadapan American Association for the Advancement of Science di Boston padha 27 Agustus 1880, menghadirkan fotopon. Dimuat sebagai "On the Production and Reproduction of Sound by Light" di American Journal of Sciences, Third Series, vol. XX, #118, Oktober 1880, hh. 305 - 324; dan sebagai "Selenium and the Photophone" di Nature, September 1880
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Alexander Graham Bell. |
Artikel biografi Amérikah Sarékat iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |