Alelopati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Wit Ekaliptus, salah sawijining tuwuhan alelopati.

Alelopati saka basa Yunani, allelon kang ateges siji lan sijiné lan pathos ateges lelara [1] Alelopati ateges minagka sawijining fenoména alam kang organsmené mrodhuksi sawijining senyawa biomolekul (kang diarani alelokmia) tekan lingkunagna lan senyawa mau mrabawani ngembakane lan modhote organisme liyané ing kiwa-tengené.[1] Sapérangan alelopati kedadeyan ing tuwuhan lan bisa njalari tuwuhan ing kiwa-tengené kang ngasilaké alelopati ora bisa urip utawa mati.[1] Tuladhané tuwuhan alelopati ya iku Ekaliptus (Eucalyptus spp.[2] Kedadeyan iki ditindakake kanggo menangake kompetisi nutrisi karo tuwuhan liya kang béda jenise utawa spésies.[1] Mula, alelopati bisa diaplikasekake minangka pembasmi gulma mula bisa ngurangi panggunaan herbisida sintetik kang bebayani tumrap lingkungan.[3] Tuladha alelopati ing ékosistem banyu ya iku ing sapérangan dinoflagelata bisa ngasilaké senyawa alelokimia kang grugekake fitoplankton, iwank, lan kéwan laut liyané.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Reaksi alelopati wis tinemu déning Bapak Botani, Theophrastus, kwit taun 300 SM.[4] Dhèwèké nulisaké buncis kang bisa matèni populasi gulma ing kiwa-tengené.[4] Ing taun 1 sawisé Masehi, sawijining winasis lan naturalis Roma kang jenenge Gaius Plinius Secundus nulis kepriye bagaiman buncis lan jelai kang bisa ngobongake tegalan.[4] saliyané iku, dhèwèké uga kandha manawa wit Walnut asipat toksik (beracun) tumrap tuwuhan liyané. taun 1832, Augustin Pyramus De Candolle, seorang ahli botani lan naturalis kandha yèn lemah bisa lara amarga senyawa kimia kang ditokke saka déning tuwuhan.[4] panemon ngenani alelopati katon jelas nalika taun 1907-1909, rong ilmuwan kang jenenge Schreiner dan Reed kasil anggoné ngisolasi senyawa fitotoksik kimia saka tuwuhan lan lemah.[4] Konsep ngenani alelopati ana ing taun 1937 déning Hans Molisch, sawijining ahli fisiologi tuwuhan asal Austria.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e (Inggris)S. J. H. Rizvi, V. Rizvi (1992). Allelopathy: basic and applied aspects. Springer. ISBN 978-0-412-39400-3. Page.1-4
  2. (Inggris)Muhammad Ayyaz Khan1, Iqtidar Hussain, Ejaz Ahmad Khan (2008). "ALLELOPATHIC EFFECTS OF EUCALYPTUS (Eucalyptus camaldulensis L.) ON GERMINATION AND SEEDLING GROWTH OF WHEAT (Triticum aestivum L.)". Pak. J. Weed Sci. Res. 14: 9-18. http://www.wssp.org.pk/14,1-2,2.pdf.disunting tanggal 20 Mèi 2010)
  3. (Inggris)R. K. Kohli, Harminder Pal Singh, Daizy R. Batish, Daizy Batish (2001). Allelopathy in agroecosystems. CRC Press. ISBN 978-1-56022-091-6. Page.257-258
  4. a b c d e Cornell Science Inquiry Partnerships (CSIP). "Allelopathy". 
  5. (Inggris)Rick J. Willis (2007). The History of Allelopathy. Springer. ISBN 978-1-4020-4092-4. Page.1-8