Menyang kontèn

Adipati Koesmadji

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Adipati Koesmadji

Adipati Dolken
Asma wiyosan Adipati Koesmadji
Miyos 19 Agustus 1991 (umur 35)
Tangerang, Banten, Indonesia
Asma sanès Adipati Dolken
Pakaryan artis
Taun aktif 2008 - sapunika

Adipati Koesmadji (lair ing Tangerang, 19 Agustus 1991; umur 35 taun) utawi asring dipuntepangi mawi asma Adipati Dolken inggih punika aktor saking Indonésia.[1] Adipati Koesmadji dipuntepangi wiwit dados paraga minangka Virgo ing sinétron Kepompong ing SCTV.[1]

Adipati Dolken wiwit dipuntepang amargi dados paraga ing sinétron remaja ingkang irah-irahanipun Kepompong ingkang naté dados program andalan ing salah satunggaling stasiun TV swasta.[2] Sasampunipun Kepompong, Adi wiwit maragani sawatawis irah-irahan sinétron, kados ta Kejora dan Bintang ngantos Aliya.[2] Aktor ingkang gadhah karemenan basket punika wiwit dados paraga ing filem layar lebar mawi asma Adipati ing taun 2009 lumatar filem Putih Abu-Abu dan Sepatu Kets.[2] Dangu boten katingal, ing taun 2012 Adipati medal malih mawi asma Adipati Dolken ing filem Malaékat Tanpa Sayap ingkang dipunwedalaken déning Starision.[2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Film TV

[besut | besut sumber]
  • Guru Gue Jago Kungfu
  • Cinta Lompat Tembok (2012)
  • 22 Hari Mengejar Cinta Seleb (2012)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 Profil Adipati Dolken(diundhuh 16 Fèbruari 2013)
  2. 1 2 3 4 Adipati Dolken(dipunundhuh 16 Fèbruari 2013)
  3. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 "Hot Detik". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-28. Dibukak ing 2013-02-16.

Pranala njawi

[besut | besut sumber]