A. Damhoeri
A. Damhoeri | |
---|---|
Lair | Payakumbuh, Sumatra Barat | 31 Agustus 1915
Pati | Oktober 6, 2000 Jorong Lurah Bukik, Sumatra Barat | (umur 85)
Basa | Basa Indonésia |
Bangsa | Indonésia |
Suku | Malayu |
Warga nagara | Indonésia |
A. Damhoeri (lair ing Payakumbuh, Sumatra Kulon, 31 Agustus 1915 – pati ing Jorong Lurah Bukik, 6 Oktober 2000 ing umur 85 taun). Setelah lulus Sekolah Normal (1943) ia menjadi guru [1].
Dhèwèké wiwit ngarang awit taun 1931 lan pernah dikunjara suwéné 4 wulan amarga delik pers babagan artikelé "Timor, Ranah Airku" kang dimuat ing harian Persamaan ing Padang, 1937[1]
Biografi
[besut | besut sumber]Jeneng lengkap Penulis iki ya iku Ahmad Damhoeri. Saben dina-dinane A. Damhoeri akrab diceluk A. dam, Bung Adam, Pak Adam, lan A. damhoeri Pengarang.r[2].
A. Damhoeri ngawali pendhidhikane ing Sekolah Gobernemen, kelas 2 ing Bangkinang lan rampung taun 1928. Nalika wektu iku, Sekolah Gobernemen kondhang kanti jeneng Jongen Vervoischool suwéné 2 taun lan wujud sekolah lanjutan saka Sekolah Désa kang suwéné telung taun[2].
Sawisé tamat saka sekolah Gobernemen, Damhoeri nerusaké Sekolah Normal ing Padang Panjang, pendhidhikan ing sekolah normal iki dirampungake nalika taun 1943. Saka sekolah iku, dhèwèké éntuk ijazah lan dadi dhokumèn wigati banget kanggone. Pendhidhikan formale amung nganti Sekolah Normal, seteruse dhèwèké sianu ngèlmu sastra, agama, lan liyané kanthi atodidak. Ijazah kang dietuki ya iku modal dhasar kanggo dadi guru, saéngga nalika taun 1934 A. Damhoeri wiwit makarya dadi guru[2].
Skliyane aktif ing dunya pendhidhikan, A. Damhoeri uga nggeluti babagan kabudayan. Dhèwèké pernah njabat kepala Inspeksi Kebudayaan ing Sumatera. Saliyané iku, uga aktif ing dunya penerbitan. Karire ing babagan tulis menulis awalé saka Majalah Taman Kanak-Kanak Panji Pustaka[2]. Tahun 1932-1934 A. Damhoeri wiwit mbantu kalawarta Panji Pustaka kango majukake dunya kesusasteraan. Banjur 1938-1939 dadi redaktur Majalah Dunya Pengalaman, taun 1934-1936 dadi guru sekolah désa, taun 1938-1940 mulang ing Sekolah Gemente Medan, 1940-1942 mulang ing HIS Medest Medan, taun 1943 -1946 mulang ing Sekolah Sambungan Payakumbuh, taun 1947-1956 Kepala Sekolah ing Sitanang Payakumbuh, taun 1956-1958 dadi Kepala Seksi Kesenian Perwakilan Laladan Kebudayaan Sumatera Tengah Bukit Tinggi[2]. Nalika taun 1960-1963 dadi Kepala Seksi Kesenian Inspeksi Laladan Kebudayaan Sumatra Kulon, taun 1964-1971 Kepala Inspesi Kebudayaan Laladan I Kota Payakumbuh, taun 1947 minangka Ketua Komite Nasional Batupayung lan taun 1946 dadi anggota siding pengarang, Departemen Wiyata lan Kebudayaan ing Bukit Tinggi[2].
Riwayat Pengarang
[besut | besut sumber]Ketertarikan A. Damhoeri sajrone dunya tulis menulis wis katon awit dhèwèké jagong ing sekolah dhasar. Nalika usia 20 taun, dhèwèké ngrampungaké novèl pertamanya golèk Jodoh kang diterbitkan Balai Pustaka taun 1935. Golek Jodoh lagi disenengi wong waktu iku lan bolan-balen dicetak ulang[2].
Saliyané nulis menulis novèl, dhèwèké uga nulis carita cendak, carita anak, awit sarta buku wulangan sekolah lan pernah uga nulis teka-teki silang waktu ngasuh ruwang Kesusasteraan ing kalawarta “Panji Pustaka”[2].
Sajrone riwayat uripé A. Damhoeri kalebu salah siji pawongan pengarang ing 3 jaman, ya iku jaman penjajahan Walanda, jaman penjajahan Jepang lan jaman kemerdekaan. Nalika jaman Walanda njajah nagari iki, A.Damhoeri migunakaké sesinglon, ya iku Aria Diningrat[2].
Pratélan Karya
[besut | besut sumber]Pirang-pirang Karyané sajeroning wujud novèl:
- Telaga Darah
- Garis Demarkasi
Lan pira-pira karya lliyané kang wujud carita anak:
- Terompah Usang yang Tak Sudah Dijahit
- Domba Kencana
- Petualangan si Hitam
- Menempuh Jalan Buntu
- Nakoda Tenggang (1975)