Yésus Kristus
|
Asma lan sesebutan |
|
Yésus Kristus lan Kakristenan |
|
Ajaran utama Yésus Kristus |
|
Pandhangan marang Yésus |
|
|
Yesus saking Nazarèt (kirang langkung antawis taun 6 SM–4 SM - 29–33) punika satunggaling tukang kayu, pengkhotbah/pangajar, panyaras, guru/rabbi, pedamel mujizat, lan tokoh Yahudi ingkang paling misuwur; ing kakristenan Yesus Kristus. Tiyang Kristen pitados, Yesus punika Putraning Allah, Hyang, Mesias, lan Juru Wilujeng umat manungsa; ing Islam, Isa Almasih punika satunggiling nabi wigatos (Nabi Isa).
Nami "Yesus" punika alihaksara saking basa Yunani Ιησους [Iēsoûs], ingkang ing giliranipun ugi arupi alih aksara saking basa Aram utawi basa Ibrani inggih punika: Yeshua, ingkang tegesipun : Kawilujengan, utawi "Hyang punika kawilujengan", "Hyang milujengaken". "Kristus" punika gelar ing teologi ugi asalipun saking basa Yunani Χριστός [Christos], ingkang saking basa Ibrani "Mesias", tegesipun "ingkang dipunurapi" utawi "ingkang kapilih". Ing Islam, Yesus (Basa Arab: عيسى,[Isa]) sacara umum dipunsebat kanthi nami Isa bin Maryam ingkang tegesipun Isa putra saking Maria . Panjenenganipun dipunanggep minangka salah satunggaling nabi wigati saking Hyang.[1][2] pawarta Injil lan pedamel kaajaiban.
Gusti Yesus menika Juru Wilujeng ingkang sejatos Alasanipun menapa? Inggih punika amargi : 1. Yesus kristus menika sanes tiyang ingkang asalipun saking Donya punika, namung asalipun saking Swargo. 2.Yesus Kristus menika namung satunggal-tunggalipun tiyang ingkang nglampahi seda lan wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. 3.Yesus Kristus menika kadunungan Rohipun Gusti Allah ingkang akarya jagad punika lan sampun kapasrahan sedaya panguwaos wonten ing bumi tuwin wonten ing swargo.
Kapurih ugi mirsani[sunting]
- Kristen
- Katulik
- Natal
- Prajanjian Lawas
- Prajanjian Anyar
- Wiyosan Gusti Yesus Miturut Matius
- Wiyosan Gusti Yesus Miturut Lukas
Rujukan[sunting]
- ^ James Leslie Houlden, "Jesus: The Complete Guide", Continuum International Publishing Group, 2005, ISBN 0-8264-8011-X
- ^ Prof. Dr. Şaban Ali Düzgün, "Uncovering Islam: Questions and Answers about Islamic Beliefs and Teachings", Ankara: The Presidency of Religious Affairs Publishing, 2004
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.