Wekdal Jayanipun Islam

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Peta wewengkon kakuaosanipun Islam wekdal Jayanipun.

Wekdal Jayanipun Islam inggih menika wekdal kaemasan Islam wekdal dipunpandhegani déning Abbasiyah wiwit abad (abad kaping 8), ngantos dumugi wekdal Bagdad dipuntelukaken Mongol ing taun 1258. Wekdal Jayanipun Islam dipuntandhani dening minggahipun kakhalifahan Abbasiyah lan pamindahan ibukutha saking Damaskus dhateng Bagdad. Dhinasti Abbasiyah dipunpengaruhi dening parentah-parentah Al-Quran lan Hadist, kados "tinta satunggaling sarjana menika langkung sae tinimbah rah-ipun satunggaling tentara", ingkang nengenaken nilai pendidikan.

Wekdal semanten donya Arab dados punjering intelektual tumraping ilmu pengetahuan, filsafat, kedokteran, lan pendidikan. Abbasiyah nengengaken babagan ilmu utawi kawruh lan anjumenengaken kedhunging kawicaksanaan ing Bagdad, ing papan menika para sarjana Muslim utawi non-Muslim ngupadi nerjemahaken lan ngempalaken sedaya kawruh pengetahuan donya dhateng basa Arab. Kathah karya-karya klasik jaman kina ingkang kedahipun sampun ical ananging saged dipunslametaken kanthi dipunterjemahaken dhateng basa Arab lan Persia lan ing tembenipun lajeng dipunterjemahaken dhateng basa Turki, basa Ibrani, lan basa Latin.

Sadanguning periodhe menika donya Arab dados punjering koleksi budaya ingkang jangkep, kawruh ilmu pengetahuan dipunpendher saking Romawi Kina, Cina, India, Iran, Mesir, Yunani, lan Bizantium. Ing mangsa menika sampun dipun-ginakaken sistem desimal lan aljabar ing kawruh ilmu Matematika.

Kawruh Pengetahuan lan Budaya[sunting | sunting sumber]

Ing wekdal menika sampun dipun-ginakaken sistem panyeratan ingkang langkung gampil lan sampun dipun-ginakaken kertas. Kertas sumebar saking Cina lan dipunginakaken ing wewengkon Muslim wekdal abad kaping wolu, dugi ing Spanyol (lan salajengipun sumebar ing sedaya wewengkon Eropah) ing abad ka-10. Kertas menika langkung gampil dipunprodhuksi tinimbang perkamen, cendherung retak dipunbandhingaken kaliyan papirus, lan saged ngrembesaken tinta, saengga angel dipunbusak lan sae kangge dipunginakaken damel cathetan. Tukang damel kertas ing wekdal Islam nyusun methode perakitan naskah ingkang ukuran asilipun langkung ageng tinimbang ingkang wonten ing Eropah sadungunipun ma-abad-abad. Saking wekdal kajayaan Islam menika donya nepangi kertas. Pamarentah Islam ing wekdal kasebat dipunayomi dening para ulama lan ilmuwan. Dana utawi arta ingkang dipuntelasaken kangge program gerakan nerjemahaken kangge terjemahan dipunkirakaken sabandhing kaliyan kaping kalihipun anggaran penelitian taunan Kerajaan Inggris Medical Council. Para ulama ingkang linuwih lan penerjemah misuwur, kados Hunain ibnu Ishaq pikantuk gaji saking pamarentah dipunprakirakaken sami kaliyan gaji atlet profesional ing wekdal samenika.

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]